Bubur Koja, Takjilan Mesjid Pekojan Semarang
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 128 kali

Saben sasi Pasa teka, kita bisa nemoni meh saben mesjid padha nyedhiani tak­jilan gratis. Umume, menu takjilan ing mesjid-mesjid kasebut wis modern, kayata sega lawuh endhog utawa iwak pitik. Sok ngonoa, ana saperangan mesjid sing nguri-uri menu leluhur. Temtu, grengseng lan baro­kahe sasi Pasa sansaya kom­plit karana menu takjilan ka­sebut mirasa, khas, lan unik.

Lha, salah sijining menu takjilan mirasa lan khas ka­sebut ing antarane yaiku bu­bur Koja. Menu unik iki mung ana ing Mesjid Pekojan Semarang. Menu takjilan bubur Koja iki ‘jadhul’ banget, wis ana wiwit udakara sewidak taun kepungkur.

 

Sejarah Mesjid Pekojan

Perlu dimangerteni, Mesjid Pekojan dhewe satemene klebu mesjid tuwa tinggalan jaman kolonial Landa. Mesjid iki anggone mbangun udakara taun 1309 H utawa 1878 M. Kejaba klebu mesjid tuwa, mesjid sing dumunung ing Jalan Petolongan No 1, Purwodinatan, Sema­rang Tengah iki uga dumunung ing ce­dhak kampung Pecinan.

Ngrunut prasasti sing kapajang ing tembok mesjid, Mesjid Pekojan madeg ing lemah wakaf duweke sudagar Gu­jarat, India, kang asmane Khalifah Natar Sab. Sauwise suwe anggone dagang ing Semarang, wusanane Khalifah Natar Sab tuku lemah lan manggon ing Semarang. Sabanjure dheweke mbangun mushala cilik sing dikupeng pasareyan. Mushala cilik kasebut suwening suwe dadi mes­jid, sing saiki sinebut Mesjid Pekojan.

Mesjid Pekojan anggone ngrenovasi wis makaping-kaping. Ing antarane yaiku taun 1309 H utawa 1878 M. Sabanjure renovasi gedhen-gedhen ing taun 1975-1980 M. Jaman biyen, bangunan asli mesjid iki madeg ing lemah sing jembare mung 16 meter persegi.

Suwening suwe, warga ing sakiwa tengen mesjid padha ngekhlasake lemahe kanggo njembarake mesjid, nganti saiki jembare 3.515 meter persegi. Senajan akeh sing wis owah, wewa­ngunan inti mesjid tetep dilestarek­ake, yaiku cagak papat saka kayu jati ing tengah bang­unan, sing umure wis atusan taun, tetep dijaga lestarine.

“Bangunan inti sing ana tengah, yaiku cagak papat lan jobin tuwa, kabeh isih asli,” ujare Achmad Ali (50), salah siji­ning warga keturunan Gujarat kang uga pengurus mesjid Pekojan. Achmad Ali nambahake, mimbar mesjid saka kayu jati sing digunakake ceramah utawa khot­bah, uga isih asli.

Sing unik maneh, nalika kita mlebu plataran mesjid, kita langsung ketemu salah sijining pasareyan tuwa sing mapan ing cedhak serambi mesjid. Pasareyan kasebut pranyata isih ketu­runan Nabi Mu­hammad SAW, kang as­mane Syarifah Fathimah binti Husain Al-Aidrus.

Wanita kang dadi juru dakwah Islam ka­se­but seda tanggal 5 Jumadil Akhir 1290 H. Ke­jaba minangka juru dakwah, Sya­rifah Fathi­mah binti Husain Al-Aidrus uga kondhang mi­nangka tabib sing se­neng tetulung marang sapa wae kang mertam­ba. Saka kaluhuran budi Syarifah sing seneng te­tulung iki, mula jeneng dalan papan dununge mesjid iki dadi Jalan Petolongan, mbok menawa karepe Pitulungan. Ing cedhak pasareyan Sya­rifa Fatima, tuwuh wit bidara sing di­percaya bibite ditekake langsung saka Gujarat.

 

Takjil Bubur Koja

Saben sasi pasa teka, ing Mesjid Pekojan iki uga isih nguri-uri tradhisi unik, yaiku takjilan arupa bubur Koja. Warga ing sakiwa tengen mesjid uga asring njenengi menu takjilan khas iki kanthi sebutan bubur India.

Ing sawijining kalodhangan, imam Mesjid Pekojan, Idris Muhammad (76) njlentrehake, bubur Koja, dening pe­ngurus mesjid disuguhake minangka menu takjil kanggo masyarakat udakara wiwit taun 1957. Tradhisi buka Pasa klawan bubur Koja, ujare Idris Muham­mad, yaiku warisane komunitas muslim India, Pakistan, lan Arab sing manggon ing Kampung Pekojan.

Idris Muhammad nambahake, satus taun kepungkur luwih, yaiku nalika Mes­jid Pekojan wujude isih langgar, musafir saka Koja sing akeh-akehe sudagar, saben arep nyedhaki buka biasane kumpul ing langgar sing dumunung ing gang sempit kasebut. Para musafir kuwi padha kumpul lan shalat Maghrib ba­reng. Sauwise shalat Maghrib, musafir-musafir kasebut banjur buka bareng, mbukak sangune dhewe-dhewe, yaiku arupa bubur.

Suwening suwe, warga keturunan India kasebut akeh sing manggon lan tuku lemah ing kampung sakiwa tengen langgar. Idris Muhammad kang uga warga keturunan Gujarat ngandhakake, nganti tekan saiki, ing Semarang, warga keturunan India pancen akeh sing manggon ing Kampung Pekojan lan sakiwa tengene. Malah, bubur sing biasa dadi menu buka para musafir Gujarat kasebut, wusanane dadi menu andelan ing mesjid iki.

Bubur Koja bisa diarani minangka takjilan legedharis ing Mesjid Pekojan. Menu takjil iki diarani bubur Koja, karana sing miwiti asale saka warga keturunan India - Pakistan utawa sing biasa sinebut wong Koja.

 

Bumbune Pepak

Ing Mesjid Pekojan, sing kajibah gawe bubur Koja yaiku Achmad Ali, Ahmad Tohir lan Asrin. Bubur Koja ga­weane wong telu mau pranyata cocok klawan ilate wong Jawa. Miturut Achmad Ali, bumbu kanggo gawe bubur Koja iki pepak banget. Kayadene bubur umume, bubur Koja iki bahane uga saka beras. Ananging, bubur Koja resepe unik.

Kejaba beras, bubur Koja iki uga digawe kanthi ubarampene maneka sayuran kayata kobis, wortel, godhong bawang, lan sledri. Kejaba iku, isih di­tam­bahi bumbu kayat a santen, jahe, kayu manis, brambang, bawang, kapu­laga, cengkeh, godhong pandhan, go­dhong salam, lan serai.

Bubur Koja rasane mirasa karana anggone masak nggunakake santen kenthel lan santen cuwer. Santen cuwer gunane kanggo nyawijekake ramuan klawan beras, dene santen kenthel             bisa nambah rasa gurih saka bubur kasebut.

Achmad Ali nambahake, saben dina dibutuhake beras udakara 16 kg - 20 kg, lan 20 kambil kanggo santen. Beras lan kambil semono mau bisa dadi 150 - 250 porsi. Saben dinane, lawuh kanggo bubur iki mesthi gonta-ganti, kayata sop, lodheh, tahu, daging pitik, gule, utawa sate wedhus. Mligine dina Kemis, bubur Koja dijangkepi lawuh gule wedhus, kurma, lan susu soklat sagelas.

Kanggo nyiapake lan masak nganti sak matenge, suwene kira-kira 3,5 jam. Mula, bakda zhuhur, bubur iki wis diwiwiti anggone masak. Dene bumbu lan ubarampe liyane disiapake wiwit esok. Saking akehe adhonan, anggone masak nggunakake drum lan diudhak ngangggo solet. Kejaba isih nguri-uri babagan bumbu, anggone masak uga isih nggunakake kayu, dudu kompor gas. Kanthi nggunakake kayu, rasane luwih asli.

Lha, banjur kaya ngapa ta rasane bubur Koja iki? Hmm, rasane kuwi gurih kanthi bumbu rempah sing krasa banget. Akeh sing ngarani bubur iki rasane kaya gule. Nalika diladekake, bubur Koja khas Mesjid Pekojan iki biasane dikancani susu soklat anget sak gelas lan kurma. Kanggone wong pasa, imbuhe Achmad Ali, bubur iki cocok banget amarga lembut lan ora njalari weteng  perih. Malah, krana anggone masak tanek, bubur Koja kuwat nganti 24 jam.

Ing jaman biyen, bubur Koja mung disuguhake marang warga keturunan Koja ing Kampung Pekojan. Ananging saiki, masyarakat saka maneka golo­ngan lan laladan, bisa ngrahapi mira­sane menu takjilan khas iki. Ora perlu repot-repot masak dhewe, cukup teka lan buka bareng ing Mesjid Pekojan, Semarang.

Ing mesjid iki, kaum dhuafa, musafir, lan warga sakiwa tengen Pekojan, guyup rukun bareng-bareng dhahar bubur India. Saben dina, udakara 300 porsi disuguhake marang tukang becak, kuli Pasar Johar, tukang parkir,  lan warga masyarakat ing kiwa tengen Pekojan. Malah, ora sethithik warga masyarakat saka jaba Kutha Semarang, sing sengaja teka ing mesjid iki saperlu ngrasakake sensasine bubur India sing gurih.

Wahyudianto (25), contone. Warga Magelang iki sengaja teka ing Mesjid Pekojan saderma nambani rasa penasarane marang bubur Koja. Wahyudianto mangerteni menu takjilan bubur Koja saka critane kanca-kanca ing internet.

Miturut Wahyudianto, bubur Koja satemene ora akeh bedane klawan bubur beras kaya sing akeh tinemu ing maneka papan. Mung bedane, bubur Koja rasa bumbune nendhang banget lan khas. Bubur Koja uga gurih banget, amarga dimasak nggunakake santen kenthel. Dhahar sak mangkok bubur Koja, weteng langsung krasa wareg. Apa maneh ditambahi buah lan diglontor segelas susu soklat anget. (Agung Hartadi)

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip ing donya iki gawe kesel, merga akeh wong kang pengin mamerake bab-bab kang satemene dheweke ora nduweni.

Klik

BUKA PALING DAWA

Rekor buka pasa paling dawa ing donya, ana ing Hanover, Jerman mentas iki. Dawane nggayuh 10.2 km. Gunggung mejane 10.200 meja, lan sing melu buka ana wong 42.100. Acara iki wis kaca-thet ing Guiness Book Record. Iki nuduhake yen wong kang nggilut agama Islam ing Jerman saya akeh wae. (d/ist)

Pethilan

Janji-janji reformasi diajab enggal dicepetake

Janji kang dilalekake

Jamane reformasi wis 20 taun

KKN durung ilang uga

Bulog mesthekake stok beras aman nganti riyaya

Bab mundhak orane rega aja takon lo ya