Tradhisi Sadranan, Nyambung Talirasa Marang Leluhure
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 30 kali

Tradhisi sadranan saben taun dianakake warga masyarakat ing laladan ngendi wae, mligine warga masyarakat sing ana tanah Jawa. Tradhisi kang di­anakake ngancik sasi Ruwah iki pinangka kanggo mbangun tali rasa antara anak putu marang leluhur leluhure sing uwis seda. Tradhisi sadaranan dileksanakake ora mung ana ing maqom, nanging dianakake uga ana ing pundhen desa lan papan wingit kang pinercaya pepundhen desa.

Salah sijine tradhisi sadranan sing di­anakake  saben taun dening warga ma­syarakat Desa Sukabumi, Sambungrejo, Ngepos, Nglantung, Clolo lan Bendosari, Kabupaten Boyolali sing ana pereng Gunung Merapi iring sisih Wetan. Warga desa bebarengan ngleksanakake acara sadranan ing makam Purolayu, kang pinercaya papan panggonan pundhen cikal bakal mbah Ibrahim.

Miturut kandhane mbah Warsito, mbah Ibrahim salah sijine ulama sing nate diutus Kanjeng Sunan Kalijaga nye­barake siar menyang warga masyarakat ing pereng Gunung Merapi. Ditambahake katerangane, wiwit esuk warga masya­rakat uwis nyawisake sesaji jajan pasar ana ing pendhapa maqom.

Unike, sesaji jajan pasar kabeh diwa­dhahi ana njero tenongan, wadhah pa­nga­nan sing digawe saka nam naman pring. Wadhah tenongan wujude bunder kaya ban mobil. Wadhah iki mligi wa­dhah panganan tradhisional ana ing tradhisi sadranan. Mung wae imbuhe mbah Warsito ana ing katerangane, senadyan sakiki uwis ana wadhah te­nongan saka ba­han aluminum, nanging wujude tetep ora ngura­ngi wujud asli lan pigunane.

Mawerna se­sa­ji dilebokake ana ing njero wa­dhah teno­ngan, kayata wa­jik ketan, ja­dah, sega tum­peng, panggang pitik, kerupuk, lawuhan lan se­saji sesaji liya. Saben warga mawerna anggone menehi rerangken sesaji, gumantung kekare­pane sing sedhekah.

“Nanging senadyan manekewerna jinise, mligine sega tumpeng lan pang­gang pitik, sesaji iki kudu ana ing njero tenongan,” ujare mbah Warsito

Tradhisi Sadranan ing pundhen mbah Ibrahim  luwih rame tinimbang perayaan dina gedhe liyane. Amarga warga sing ana paran kabeh padha neneka balik ndesa, sak perlu ngrajut tali silaturahmi marang sanak kadange. Ngrajut tali silaturahmi kanggone warga desa, ora cukup kanggo pawongan sing isih urip, nanging tumrap para leluhure ngrajut  tali silaturahmi uga klebu babagan kang wigati.

“Jalaran ana ing kaprecayan warga desa, roh para leluhur sejatine isih urip ana ing alam kelanggengan. Mula ngra­jut silaturahmi sak perlu kanggo ngronce tali rasa marang leluhur” imbuhe.

Tradhisi sadranan kanggo ngelingake para anak putu, menawa pawongan iku nduweni leluhur sing nate mbangun generasi, nate nggawe pranatan lan nate nggawe sejarah ana ing desa. Tradhisi sadranan ing pereng Gunung Merapi bisa kanggo mbangun rasa persatuan lan kesatuan. Ora mbedakake siji lan sijine, ora mbedakake golongan lan agama, kabeh tumplek blek dadi siji ana ing tra­dhisi sadranan.

Makna iki dadi salah sijine cekelan  nganti tumeka sakiki tradisi sadranan isih tetep lestari dianakake ing pereng Gu­nung Merapi, senadyan kawiwitan sepi­san ing jaman para wali.

“Luwih saka 700 sesaji tenongan du­weke warga desa diaturake kanggo se­saji sadranan” kandhane mbah Warsito.

Di kandhakake, sabubare sesaji dido­ngakake, banjur diedumake kanggo war­ga masyarakat liya sing ora nduwe. An­dum panganan iki minangka salah sijine cara warga masyarakat sodaqoh ma­rang warga kang ora nduwe. Ana ing wek­tu sadranan, akeh warga sing padha ngalap berkah, nyeyuwun marang Gusti lumantar pundhen cikal bakal, mugi tansah diparingi bagas waras lan lancar rejekine. Ora ketinggalan ana uga warga nyeyuwun apa kang dadi kebutuhane.

Anggone nyenyuwun ana ing pun­dhen cikal bakal, amarga warga desa percaya, menawa Gusti anggone maringi marang umate mesthi lumantar apa wae, bisa saka alam, leluhur lan apa wae kang kacipta dening Gusti. Mligi panyu­wunan ngalap berkah ora mung lancar rejekine, nanging uga pangkat derajat. Tumrap warga sing padha uwis asil pa­nyuwunane, banjur ngenengake slame­tan keduren ana ing maqom.

Ngenengake slametan gumantung saka ujare, bisa mbeleh wedhus, pang­gang pitik utawa tumpengan sega wu­duk, kabeh gumantung apa sing dadi nadare. Kaya dene nadar slametan sing nate di leksanakake dening Triyono, warga desa kang sukses mbukak usaha warung makan ana ing luar Jawa.

Miturut kapreca­yane, kabeh mau ora luput saka sawabe  mbah Ibrahim lan usa­hane kang tekun. Triyono ngakoni, me­nawa usaha thok du­rung karuan dheweke bisa sukses, semana uga kosok balike, me­nawa hamung sawab  tanpa usaha, niscaya bisa sukses.

alika arep budal ngumbara, Triyono nyenyuwun ngalap berkah ana ing ma­qom mbah Ibrahim, amrih usaha sing arep dirintis ing luar Jawa sukses lan lancar. Rong taun ana Lampung, usaha warung mangan duwekke sukses lan ngrembaka dadi gedhe. Mula saben taun Triyono ora nglalekake mulih menyang desa nalika tradhisi sadranan.

Ana ing desane, Triyono menehi se­saji awujud ingkung pitik cacah sepuluh, jajan pasar tenongan lan sodaqoh marang wong kang ora nduwe. Dhuwit sing dietokake kanggone Triyono durung ana sak pirane, klawan sawab  kang uwis ditampa marang dhewekke. Mula ora nggumun, menawa tradhisi sadranan luwih rame tinimbang dina riyaya.

Tradhisi sadranan ing pereng Gunung Merapi, kaya dene tradhisi sadranan sing kaleksanan ana ing Desa Pantaran pereng Gunung Merbabu. Warga ma­syarakat cacah limang desa sayuk rukun dadi siji ana ing makam menehi donga para leluhure. Atusan sesaji mawujud panggang gucu diaturake dening warga desa ing makam keramat Ki Ageng Pantaran lan Nyai Pantaran.

Miturut katerangane Sanyoto, juru kunci makam Pantaran, warga menehi aran sesaji sega rasulan. Anggonne nge­nengake ana ing makam Pantaran, mitu­rut kandhane, jalaran maqom Pantaran pepundhen warga desa ing pereng Gunung Merbabu. Saben ndina warga desa njupuk banyu menyang tuk banyu sing nate di gawe dening mbah Panta­ran, mula kajaba wujud rasa syukur ma­rang Gusti, sesaji sadranan uga pinangka sarana kanggo ngaturake panuwun marang alam semesta lan para leluhur.

Tradhisi sadranan dening warga bisa kanggo sarana tolak bala, njejaga desa saka pagebluk, lelara lan sengkala kang ora katon. Mula ora nggumunake, ing sasi Ruwah warga pada nyadran ziarah kubur ana ing maqom Pantaran sak perlu ngaturake pandonga marang Gusti, amrih para leluhure diparingi ngapura lan mapan ana ing ngarsane Gusti kanthi kesaenan.

Tradhisi sadranan ing pereng Gunung Merapi lan Gunung Merbabu sejatine mi­nangka sarana tumrap warga masya­rakat kanggo ngraketake anggone be­bra­yan agung ana ing donya. Bebrayan ora mung tumrap manungsa, nanging be­barayan sak kabehe. Manungsa ma­rang alam lan sakisine, uga manungsa madhep marang kang nyiptakake. Ana ing tradhisi sadranan warga masyarakat entuk tuntunan urip, ora mbedakake siji lan sijine, mbangun rasa sosial, ora ngla­lekake lan ninggal sejarah lan manger­teni rasa kebhninekaan kang sak nyatane.

Ana ing kaprecayan masyarakat Jawa, sadranan nduweni telung ukara tumrap panguripan. Pinangka kanggo sarana ngraketake tali rasa silaturahmi amrih ora pedhot antara sing urip lan sing uwis mati, uga kanggo ngelingake para anak putu bekti marang leluhur lan nglestarekake bumi pertiwi.

“Anak putu sing padha menehi donga pinercaya entuk sawbe para leluhur, mung wae sawab  ora bisa di sawang sacara kasat jalaran kabeh  wujud rohani,” pungkase Sanyoto. (Judiantoro)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?