Nglukat
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kebatinan - Dibaca: 237 kali

Upacara adat Nglukat minangka upacara slametan kanthi tujuan amrih pelakune ora diganggu dening Bathara Kala, yaiku sawijining dewa kang praene raseksa kang tansah pengin musnahake manungsa utawa dening makluk jahat liyane. Upacara iki dianakake dening masyarakat Tengger.

Upacara iki awale saka crita yen Bathara Kala, putra raja dewa Bathara Guru, lair krana tingkah laku kang nglang­gar norma, mula Bathara Kala nduweni sifat kang jahat, yaiku mangan apa wae, kalebu manungsa.

Dening Bathara Guru, Bathara Kala diolehi mangan apa wae, kalebu ma­nungsa kang nduweni ciri-ciri anak ontang-anting (lair minangka anak tunggal), anak kedhana-kedhini, anak sendhang kaapit pancuran, anak pan­curan kaapit sendhang, anak pendhawa tumang, anak pendhawa ampak-ampak, lan anak pendhawa utawa pendhawi. Ning, Bathara Kala ora oleh mangan yen bocah-bocah kasebut wis dilukat.

Perlengkapan upacara dumadi: tumpeng lan peteteng ayam cacah loro, lawang kanthi korden lawon, andha, kendhi isi banyu asin (segara), banyu tempuran, lan banyu kembang talon, kendhi cacah loro, klasa, kupat luwar, lan nampa jajan para bungkil. Musik pengiringe antarane liya: gong, gen­dhang, suling, kecer, biola, lan umbul-umbul saperlune.

Iring-iringan peserta upacara Nglukat lumebu papan sesajian kanthi urutan kang wis ditemtokake. Kang duwe kajad kandha bab maksude ngumpulake sanak kadang lan ngundang tukang nglungkat sarta menehi kuasa marang tukang nglungkat kanggo nidakake tugase.

Tukang nglungkat banjur ngleksa­nakake tugase nglungkat bocah sengkala utawa bocah-bocah kang dipercaya keancam musibah, acara penutupe aru­pa tumpengan diestreni dening sanak kadang lan tangga teparo kang di­undang.

 

Sedhekah Panggonan

Nunggal karep seje cara yaiku upacara adat Sedhekah Panggonan, mung bedane yen upacara adat Nglukat luwih gedhe yen dibandhing karo upacara adat Sedhekah Panggonan.

Upacara adat Sedhekah Panggonan minangka upacara kanggo menehi pengkormatan marang papan semayane utawa istirahate para leluhur (makam/kuburan/papan kramat). Upacara iki dileksanakake dening warga Tengger kaya acara sesandhing/santi. Salah siji acara wigati ing upacara iki yaiku nyebar kembang kanthi tujuan amrih arwah para leluhur bisa nyawiji karo Hyang Agung (Gusti Kang Akarya Jagad).

Upacara Sraddha agung nate dumadi ing jaman Hayam Wuruk kanggo mengeti 12 taun sedane Raja padmi. Ing upacara Sedhekah Panggonan iki warga Tengger padha menyang makam desa kanthi nggawa panganan lan inuman lan ngrungokake nasehat utawa pidato para tokoh bab nyapa ngleksanakake Sedhekah Panggonan.

(Dly)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…