Pager (5)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 340 kali

Sarana  gandholan  sepedha motor, sing diprentah enggalan budhal ngayahi kuwajiban. Tekane dipethuk dhewe dening Kepala Studhio Supra­woto. Ajun Inspektur Duryat ngulungake surat penugasan. Sing ngacarani banjur ngerti yen tamune saka kapulisen.

“Badhe kersa menapa?” pitakone su­manak.

“Nyuwun katrangan,” Duryat wang­sulan.

“Menapa Radhione Bocah Kutha na­brak tatanan giayaran?”.

“Mboten.”

“Lajeng?”

“Bab giyaran urusanipun Komisi Pe­nyiaran Daerah. Dumugi kula mboten wonten sesambunganipun kaliyan gi­yaran,” Brigadir Weda negesi.

“Ingkang dipun kersakaken?”

Duryat ngulungake cathetan sing magepokan karo wara-wara ngenani ya­yasan sing bisa tetulung marang wong wadon sing durung duwe momongan. Sawise diwaca sedhela, nyoba lan nge­ling-eling. Banjur mbiyaki buku cathetan. Wusanane njarwani  yayasan sing gawe wara-wara lan nuduhake panggonane pisan. Sawise dingerteni kabeh, Duryat lan Weda gegancangan tumuju kantor yayasan. Loro-lorone ngerti yen ayahan kuwajibane durung  rampung lan isih ana bacute.

Laksmiwati, kira-kira umur telung pu­luh lima taun, mapag tekane kanthi po­latan sumringah. Duryat apadene Weda ora enggal mocap, kejaba nyawang po­treke wong lanang sing dipajang ing bupet. Ukurane seket mal patang puluh sentimeter pesagi, mawa pigura kuning mas. Tangan tengen ngathungake layang kekancingan pangaji-aji saka Dinas Ke­sehatan, sing kiwa mondhong trophi. Genti nyawang satleraman marang po­trek sing pating cranthel ngupeng tem­bok. Ukurane rada cilik, mung kabeh pi­gurane werna kuning mas. Potrek sing lagi metegi pundhake wong lanang. Uga potrek ngadeg jejer karo wong nganggo sra­gam, kira-kira wae pejabat sing duwe perbawa lan ku­wasa. Pejabat idu geni. 

“Badhe wonten ker­sa?” pitakone Laksmiwati.

“Ngantos spriki kok dereng diparingi momo­ngan,” Duryat wangsulan.

Laksmiwati  nyawang  Weda mengisor mendhu­wur, mandheg sawetara ngepasi weteng. Sing di­sawang ndhingkluk ling­sem. Laksmiwati mang­gut-manggut mesem.  

“Pinten taun omah-omah?”.

“Pitung taun”.

“Oh oh oh,”  sumam­bunge, njalari sing disa­wang saya ndhingkluk, saya lingsem. Saya ru­mang­sa ora bisa dadi wadon sing becik. Mula nalika diaba mlebu kamar mung semrinthil wae.

“Menawi tiyang estri, kula piyambak ingkang nerapi. Mila mboten perlu isin-isin. Bapak mligi pasien jaler.”  

“Wonten?”.

“Nembe disusul kapurih nerapi pa­sien. Kula mlebet rumiyin.”   

“Mangga.”

Sawise lukar penganggo, Brigadir Weda lumah-lumah ing……….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…