Makam Wingit, Muncul Dhewe Saka Njero Lemah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 253 kali

Ternate kena diarani mujudake saweneh jalur utama lumebune agama Islam ing Indonesia iring wetan. Karan lumrah kalamun wilayah iki sugih ting­galan sejarah sarta kabudayan Islam. Salah sijine yaikuwi makam-makam keramat – jere, istilah lokale – sing banget dipepundhi dening pendhudhuk ngenggon minangka pasareyane para aulia, ambia, sultan dalah imam-imam masjid Karaton Ternate jaman kawuri.

Unike, mung sithik ing antarane sing sumare mau ditepungi identitase. Saperangan gedhe liyane ora dikawruhi sapa asma asline. Sebab, jere-jere kasebut, manut ujaring kandha – kaya dene makam tiban. Dadakan ngono wae, tanpa dikawruhi kapan, ngerti-ngerti muncul karepe dhewe wis awujud punthukan sandhuwure lemah, komplit karo watu maejane pisan.

Dadi cethane ora dikubur­ake dening menungsa. Mula ora ana siji wae kang ngerti kuwi makame sapa. Apa ma­neh dumadine wis suwi ba­nget. Nanging ya jalaran faktor gaib  kasebut kang saya mimbuhi kapitayane warga yen sing sumare mau – embuh sapa kuwi – mesthi pawongan kinacek nalika sugenge.  Bisa dimagerteni yen jere banjur duwe kalungguhan mligi mungguhing bebrayan masyarakat Ternate.

Ikram Sangaji (35), salah saweneh warga Kelurahan Gambesi, Ternate Kidul mratelakake, jere akeh tinemu neng sikil lan lengkehe Gunung Gamalama ing Ternate, pulo cilik sakulone Pulo Halma­hera. Gamalama asale saka tembung Kie Gam Lamo. Tegese negeri gung, utawa gedhe. Gunung geni aktif iki kacathet njeblug sepisanan taun 1538. Dietung engga saiki olehe mbledhos sethithike wis kaping 60. Papat ing antarane nuwuhake kerusakan parah. Erupsi taun 1775, upamane, njalari Desa Soela Takomi – mapan watara 18 km saka pusat Kutha Ternate – saisine, kalebu 141 jiwa pendhudhuke musna. Bacute, desa mau malih dadi tlaga cacah loro karan Tolire Jaha, lan Tolire Cilik.

Ditambahake, jere-jere kuna kase­but wis ana kawit atusan taun kepungkur. “Ketang lawase watu maejane sing dhek biyene putih nganti malih ireng akibat pengaruh cuaca,” ucape. Kajaba ing Gamalama, sawetara jere uga sumebar neng kelurahan-kelurahan wewengkon Kutha Ternate, apadene Bacan, pulo lumayan gedhe dumunung rada adoh sakidul Ternate.

Jare crita run-tumurun, isih ujare Ikram Sangaji, tokoh sing sumare neng jere ing saben kelurahan wektu sugenge biyen duwe jabatan mligi lan beda an­tarane siji lan sijine. Jere ing Kelurahan Sangaji Lor, contone, mujudake ma­kame para sangaji utawa senapati perang kasultanan. Jere ing  Kelurahan Sulama­daha, pasareyane para pen­dakwah Islam; jere Kelurahan Sasa, kubure para panasihat Kasultanan Maluku Lor; imam-imam masjid kasul­tanan Ternate ing Kelurahan Tobona; dene Kelurahan Fo­ramadiahi mujudake pasa­reyane Sultan Khairun.

Ing antarane saakehing jere mau, ana kang banget ka­wentar lan paling kerep di­ziarahi, karan Jere Kulaba. Jere wis ngarani, Kulaba jenenge kelurahan. Wantahe, jere sing manggon neng Kelurahan Kulaba, kira-kira 10 km saka pusat kutha Kecama­tan Ternate.  Pasareyan iki dumadi saka makam  utama siji lan kubur pendamping telu. Siji ing antarane misah sawetara pecak sisih tengen. Bentuke bunder, karan Jere Pusa.

Manut legenda, kubur aneh mau mujudake dodomi – ari-ari – ne tokoh sing sumare neng makam utama. Pusa tegese puser, mula makame awangun bunder. “Jere pendamping loro liyane tanpa identitas. Nanging dinuga isih kaper­nah keluwarga, lupute ya pen­dherek cinaket. Semono uga paraga suci kang kapethak neng jere utama ora dikawruhi sapa sejatine panje­nengane. Jere Kulaba iki, kaya sing tak rungu, muncul dadakan dhek taun 1705 kawuri,” kandhane juru kun­ci generasi katelu, Abdullah Nifu (80).

 

Wisata Spiritual

Kuburan kuna wingit siji iki kebak mitos. Watu maejane wae mundhak dawa karepe dhewe. Samengko dhuwure nyandhak 1,7 m, sadedege wong diwasa. Paling dhuwur kabandhingake kabeh jere sak Ternate. Nalika perang pendhudhukan Jepang, maejan mau tugel ketembak. Dening Sultan Djabir Sjah, watu makam kasebut dimulyakake, kanthi cara dicoba disambung maneh. “Mung, saplok kuwi maejan Jere Kulaba gemang modot maneh,” sambunge.

Isih akeh crita mistis liyane. Kaya ta jaman Gunung Gamalama erupsi watara abad 19, makam mau kalis saka amukane lahar panas. Kamangka papan sakiwa tengene ancur keblebeg lahar umob kasebut. “Ajaibe, Kampung Kulaba kang mapan persis sangisore jere, melu slamet saka bencana. Manut nalar, lahar kudune bablas mili mblabar menyang pedunungane warga,” pratelane Nifu. Lahar panas kang saiki wis njendhel kuwi isih cetha tilase arupa hamparan watu raseksa ora kurang saka 4 ha jembare. Areal iki dening masyarakat dijenengi Batu Angus. Jarake caket banget karo makam, kira-kira mung sekilo meter,” ujare simbah sing wis 30 taun kadhawuhan suwargi Sultan Mudhaffar Syah, dadi juru kunci Jere Kulaba.

Dumunung ning sikile Gamalama, dalan tumuju menyang Jere Kulaba wis aspalan. Gampang ditempuh migunakake motor apadene mobil. Saka pusat Kutha Ternate bisa nggunakake ojek langsung menyang tujuwan. Dene yen numpak angkot mung tekan perkampungan penduduk, sateruse disambung laku dharat dohe mung watara 0,5 km. Menawa ngrasa singunen, awit dalane kajaba munggah uga rada lunyu lumuten, becik nyewa ojeg wae sing akeh siaga neng kono.

 Sadurunge mlebu areal makam para peziarah wajib siloloa – njaluk idi palilah – marang juru kunci. Omahe persis neng sangarep kompleks pasareyan. Yen ora ketemu sacara pribadi, cukup nitip pesen liwat kerabate juru kunci kang ana ngomah. Mlangkah gerbang njeron makam, peziarah kudu nyopot srandhal utawa sepatune, nuli uluk salam. Ritual bacute kaya neng kuburan-kuburan umume, reresik suket sakiwa tengen jere, nyebar kembang, terus maca donga sangarep makam utama.

Jumbuh klawan adapt lupiya kang wis lumaku suwe, disyaratake nggawa sega kuning, endhog godhog sarta dadar, ditambah banyu putih. Sawise dimantrani, sega salawuhe kasebut minangka syarat sarana kabule panyuwunan mengkone digawa bali mulih saperlu diwenehake lan didhahar dening kang duwe kajat.

Manut Abdullah Nifu, saliyane ziarah, akeh uga masyarakat teka kanthi tujuwan tinamtu. “Prasaat ora kepetung maneh pawongan sing nandhang lara kronis kelakon saras lebar sowan mrene. Ana maneh pasangan balesomah kang suwe ora diparingi anak, ndilalah bojone ngandheg ora suwe lebar ziarah ing Jere Kulaba. Kabuling sakehing panyuwunan mau ora liya ya merga kersaning Allah,” sambunge. Mung siji pantangane Nifu. “Aku ajeg nulak yen ana kang njaluk didongakake kanggo nggayuh jabatan. Kuwi wis dadi wewalere leluhur para juru kunci sadurungku,” tandhese.

Kasultanan Ternate netepake Jere Kulaba minangka siji ing antarane 13 titik keramat. Katelulas papan mau jangkepe:  Kadato ma-Ngara, Jere Kubu Lamo, Libuku Tabam ma-Dehe, Jere Kulaba, Sao Madaha, Libuku Buku Deru-Deru, Libuku Bandinga Mari Hisa, Ruwa Ake Sibu, Jere toma Forama­diyahi, Ngade, Talangame, Benteng Oranye, lan Jere toma Sigi Lamo. Pendhak sultan nyelenggarakake ritual tradisi taunan Kololi Kie Toma Ngolo – nglilingi Gunung Gamalama liwat segara – 13 titik wingit kasebut diziarahi. Sultan kairing kerabat sentana, sarta kadherekake masyarakat, nyebar kembang lan maca donga-donga saka ndhuwur prau saben ngliwati papan-papan mau. Kololi Kie mujudake perangan saka upacara Legu Gam. Tujuwane nyuwun kawilujengan mring Allah, kalebu keslametan diadohake saka bencana pambledhose Gamalama.

Pemkot Ternate niyat ngemba­ngake tradisi ziarah Jere Kulaba sarta jere-jere keramat liyane dadi wisata spiritual. Kanggo keperluwan mau dalan tumuju lokasi wis dibecikake. Dene wujud wewangunane makame para wali, aulia sarta anbia kasebut sengaja dijarake tetep kaya asline.

Pakne Puri

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…