Obyek Wisata Karangbolong Kawentar Wiwit Jaman Mataram
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 207 kali

Akeh sing durung pirsa yen obyek wisata pantai Karangbolong kuwi jebule ana loro. Sing sepisan, obyek wisata pan­tai Karangbolong kang dumunung ing Kota Serang, Propinsi Banten. Sekawit pantai iki arane pantai Karang Suraga nanging amarga ing papan kasebut tine­mu pegunungan karst sing bolong merga dianthem dening ombaking samodra kidhul, mula banjur katelah kanthi aran pantai Karangbolong.

Dene sing kaping loro, obyek wisata pantai Karangbolong kang dumunung watara 38 km sakidul kulone kutha Kebu­men lan klebu ing wewengkon Keca­matan Buayan, Kabupaten Kebumen, Jawa Tengah. Obyek wisata Karang­bolong sing iki wis kawentar wiwit jaman Mataram  minangka dhaerah “penghasil” sarang burung Walet sing paling gedhe sa Indonesia. Ujaring kandha dhek jaman semana ana salah sawijine Putra Dalem Ingkang Sunuhun ing Kraton Mataram Kartasura nandhang gerah budhug (gudhig) kang madal saka salire usada. Wus ora kurang kurang para nimpuna kang kadhawuhan ngusadani nanging tetep ora bisa mari.  Nuju sawijining dina Ingkang Sinuhun nyumpena kang wose garwa dalem kasebut bisa mari anggone gerah budhug kalamun wis dhahar jamur watu kang tuwuh ana sandhuwure segara Kidul.

Gancanging carita, Ingkang Sinuhun banjur utusan Kiai Surti ngupadi jamur watu kasebut. Tekan ing pesisir Ka­rangbolong Kiai Surti banjur manengku puja semedi nyuwun sihe Gusti Kang Akarya Jagad murih kaparingan pitedah papane usada kanggo ngusadani gerahe garwa dalem. Ora gantalan wektu Kiai Surti kerawuhan  Dewi Setyawati kang ora liya abdine Kangjeng Ratu Kidul maringi pituduh yen tam­ba kanggo ngu­sadani gerahe garwa dalem kuwi ana sajro­ning guwa. Kiai Surti uga banjur ngupadi ana sa­jroning guwa lan banjur tinemu sarang burung kang dumunung ana ing njeron guwa karang kang ana sandhuwuring segara Kidul ing tlatah Karangbolong. Sawise dhahar sarang burung kasebut Sang Pangeran temah waluya jati (ilang sakabehing memala). Wiwit dina iku uga Karangbolong dadi kawentar lan dianani abdi keraton kang kadhawuhan mang­gon ing papan kono mau. Abdi mau jenenge Sadrana kang banjur katetep­ake dadi lurah ing Karangbolong.

 

Papan Plesiran

Pesisir Karangbolong pancen klebu salah sijine obyek wisata pantai ing Ke­bu­men sing endah lan nengsemake. Watara 1 km, sisih wetane pesanggra­han tinemu sawijining guwa cilik kang ka­ran guwa Conto. Ing guwa karst (gam­ping) iki pinaringan pasren wujud diorama wong wongan sing digawe saka kayu kang nggambarake solah bawane pawongan kang lagi padha ngundhuh sarang walet. Guwa kang dadi papan dununge sarang burung walet mono isih adoh lan angel banget diparani merga dalane ana  perenge pegunu­ngan karang ing sadhuwure segara sing dalane rumpil. Cacahe guwa sing akeh manuke walet kabeh ana papat, yaiku guwa Karangduwur, guwa Pasir, guwa Karang­bolong lan  Guwa Conto dumu­nung ing sapinggiring sungapan kali Telomoyo kang uga diarani Kali Cing­cinggoling. Anggone ngundhuh sarang manuk walet iku setaun kaping pat.

Yen pinuju mangsa ketiga dawa, sungapan iki sok mbendung karepe dhewe saka dayane proses alam. Ya ing papan kene kang dadi papan plesiran kang nengsemake. Mujudake sesawa­ngan kang cundhuk antarane alas kang ijo royo royo, pegunungan lan segara Kidul kang campur dadi siji nuwuhake rasa sengsem lan asri. Ing papan kene saben telung sasi sepisan diadani pagelaran wayang kulit kang mujudake salah sawijining rerangken upacara nyadran sadurunge ngundhuh sarang burung.

 

Papan sing gawat

Miturut kapitayane masyarakat ing wewengkon Karangbolong, Segara Kidul iku diratoni dening Kangjeng Ratu Kidul. Dene pesisir Karangbolong mujudake tlatah kang kalebu kebawah prentah panguwasaning Kangjeng Ratu Kidul. Mula ora jeneng aeng menawa ing kom­plek Karangbolong isih tiemu papan sesaji kang dikeramatake. Malah saiki papan mau digawe wewangunan kang endah wujud omah joglo kang cekli kinupengan kaca. Ing papan sesaji mau uga tinemu ukiran manuk garudha saka kayu lan papan sa­rene  Kangjeng Ratu Kidul kang mujudake pasa­reyan antik ri­nengga sawernaning busana kang miturut kapi­tayane masya­rakat mujudake age­mane Kangjeng Ratu Kidhul. Saben se­taun sepisan ageman mau kalarung ing se­gara Kidul lan banjur dsi­ganti kanthi ageman kang anyar. Miturut cri­ta, sing sa­pa teka me­nyang Karangbo­long ngang­go pe­nganggo kang ma­dhani agemane Kangjeng Ratu Kidul (kaya sing kapajang ing papan sesaji) bakal ne­moni bilahi utawa kalap.

Saben ngadhepi mangsa ngundhuh sa­rang burung mesthi diadani upacara adat  kawiwitan acara pasang sesaji kang dianakake kanthi ajeg tiba ing dina Jemuwah wayah esuk. Awane dibacut­ake pentas wayang kulit mapan ana guwa Conto kanthi lakon kang ajeg yaiku Rama Tambak. Saben slametan kudu nganggo mbeleh kebo lan endhase kuwi dikubur ing sandhuwure guwa Ageng (Karang­bo­long sing asli).

Mbengine ban­jur diterus­ake waya­ngan ing kompleks pesanggrahan kanthi lakon be­bas. Dinane Setu awan diadhani pentas ebleg lan kesenian topeng utawa kethoprak. Dene Setu mbe­ngi dibacutake  kanthi adicara tayuban sewengi natas.

Pemasangan sesaji katindak­ake dening Sa­winama (70) sing dadi pengundhuh sarang wallet wiwit taun 1963-an , dene sing asrah sesaji di­slirani dening Kyai Surti. Saka­behing ubaram­pe sesaji kalebu kang awujud dhe­dhaharan ora kena kaicipan dening kang padha mangsak. Sebab yen larangan kuwi diterjang bisa dianggep nyisani Kangjeng Ratu Kidul. Miturut kapitayane masyarakat kono, nerak angger angger iki bakal nuwuhake bilahi.

Dene wektune miwiti ngundhuh ka­pilih mangsa ombaking segara ora pati gedhe jalaran guwa guwa sarang burung kasebut dumunung ana sandhuwuring segara Kidul.

Sing baku saben arep miwiti ngun­dhuh kudu dianakake sesaji lan kara­meyan kudu diwiwiti ing dina Jemuwah.

Pantai Karangbolong pancen neng­semake, amarga pemandangane sing becik. Mula pantai Karangbolong iki yekti bisa dadi asset wisata mliginne wisata alam lan budaya sing bisa nyum­bang PAD (Pendapatan Asli Dhaerah) ing sajabane sarang burung Walet tumrap pemerintah kabupaten Kebumen. Mung emane, wektu iki pantai Karangbolong wis padha ditinggalake dening pengun­jung amarga kahanane katon yen ora diupakara lan karumat kanthi becik (professiona)l dening Dinas Pariwisata Kabupaten Kebumen). Ing sadawane pantai katon reged kebak sampah pating kececer.mula ora jeneng aeng maneh menawa pantai Karangbolong bisa dikandhakake mung “tinggal kenangan” wae.

(Isti Nugroho)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan