Patih Mangkubumi Gajah Mada Apa Bener Sumare ing Buton ?
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 207 kali

Rembug bab patih Mangkubumi Majapahit Gajah Mada kaya ora ana enteke. Ana wae prakara sing nenarik ati. Ora mung prakara agama sing mentas iki dadi rerembugan gayeng nganti viral ing media sosial. Carita lelakon bakda ora sowan sarta ngayahi jejibahan minangka patih karana nandhang gerah, iya isih antuk kawigaten.

 

Semono uga nalika ngrembug bab sedane sarta pasareyane sang patih Mangkubumi. Durung ana rembug sing gumathok. Ing satengahing masyarakat tuwuh sawetara carita. Anggone tuwuh kembang lelandhesan marang saweneh carita sing diwariske run tumurun saka simbah marang anake, putu, buyut, cang­gah, mangkono sakteruse.

Tuladhane carita sing run tumurun ing satengahing masyarakat Kalurahan Majapahit, Kecamatan Batauga, Kabupa­ten Buton Selatan, Provinsi Sulawesi Tenggara. Jeneng kalurahan Majapahit iku mesthine ora mung nuju kabeneran wae. Mesthi ana sababe  sajrone menehi tetenger.

Sakora-orane ana gathukane kala­wan adeg praja krajan Majapahit duk jaman semana. Wilayah panguwasane kagolong jembar. Prasasat nglimputi wewengkon Nuswantara. Cikal bakal anane Nagara Indonesia. Ana ing Nega­rakertagama pupuh 14, kasebutake menawa Buton klebu reh-rehane Maja­pahit.

Banjur anane uwit Maja. Sanajan paran dununge rada adoh saka pasareyan, watara 150 meter, uga bisa kanggo tandha. Menawa pa­pan kono ana gathukane karo Majapahit. Sinengkuyung de­ning tuwuh kembang carita rakyat.

Ing Kalurahan Majapahit kono, tekan dinane kiyi, ana carita sing isih diugemi de­ning masyarakat. Yaiku carita ngenani larah-larahe Maha­patih Gajah Mada nganti bisa tekan Pulo Buton. Sarta ana­ne kapitayan masyarakat me­nawa Gajah Mada disa­rek­e ana ing kono. Sakawit ana sing percaya menawa pasareyane ana ing njeron Benteng Lipuogena Takimpo.

Benteng Lipuogena Takimpo dumu­nung ing Kelurahan Takimpo, Kecamatan Pasarwajo, Kabupaten Buton. Mujudake salah siji benteng pertahanan kasultanan Buton. Kapernah ana ing gunung, sisih ndhuwur pomahan warga. Kabangun saka tatanan watu. Duwe lawang lima  yaiku Lawang  Naemata, Sampu, Na­wakeke, Kolowundanga, sarta Lawa Pibuni.

Paran dununge papan sing pinarcaya pasareyane Mahapatih Gajah Mada yaiku ana ing saweneh pucuk gunung. Arahe saka punjere kalurahan Majapahit ngidul ngetan. Dinane iki mujudake salah siji papan wisata religi. Adohe seka dalan gedhe Kalurahan Majapahit kurang luwih 2,5  kilometer.

Ing clongopan dalan wis diwenehi palekat. Unine Wisata Religi, Makam Ma­hapatih GajahMada Kelurahan Maja­pahit. Mung wae dalane durung diaspal. Para wisatawan sing ngersake mrono  kudu mlaku liwat gumuk lelarikan si­nambi nikmati edining sesawangan sing tinemu ing sakkiwa tengen dalan.

Mungguh larah-larahe papan kono pinarcaya minangka pasareyan Gajah Mada, miturut Bapa Lurah Kalurahan Mapajahit Amran Aingke, merga leluhur masyarakat kono asring ndedongeng ngenani paran dunung pasareyan. Uga ngenani uwit Maja sing tuwuh ora adoh saka pasareyan sarta temon wujud prasasti.

Prasasti abasa Sanskerta iku katatah ana ing salumahing watu. Taun 2000 nate dijupuk gambare. Mung wae kaha­nan jaman saikine  wis rusak sarta watu­ne ringkih, gampang gempil. Saengga ora bisa diweruhi maneh isine tulisan.

Sing anjalarani rusake watu, merga tetuwuhan grumbul sing tuwuh ing papan kono asring diobong. Wis lumaku kepara suwe. Panas sing sumebar suwening asuwe anjalari watune ringkih. Soale dudu saka jinis watu andesit sing atos.

Papan sing pinarcaya pasareyane Gajah Mada ambane watara 40x40 meter pesagi. Ana ing sisih tengah tuwuh uwit gedhe, ngrembuyung godhonge. Durung cetha jenenge uwit apa. Nanging godhonge amba. Ing ngisor uwit tinemu sawatara watu. Pinarcaya minangka tetenger pawongan sing sumare ing kono.

Sanajan ora ana jenenge, nanging masyarakat mracayani menawa saka antarane watu iku mau, salah sijine watu, yaiku sing dunung ing sisih tengah mujudake tetenger pasareyane Maha­patih Gajah Mada.

Basarudin salah sijine warga Kelurahan Majapahit ngandhake menawa ing titi wanci tinamtu, papan kono asring dadi paran jujugan ziarah masyarakat. Ing kono padha nindake atur pandonga manut kapitayane dhewe-dhewe. Anggone ziarah kanthi nggawa saweneh ubarampe. Wujude sakarsa sing ziarah.

Kalumrah katindake sakdurunge masyarakat ngayahi mangsa tandur kanthi pangajap amrih ing mengkone tanduran bisa tuwuh apik sarta asile bisa kaya sing dikarepake. Utawa sawise mangsa panen minangka sarana muji syukur awit asile panen apik sarta kaajap bisa nyukupi kabutuhan kulawarga.

Basarudin uga ngandhakake, dhek jaman semana rawuhe Gajah Mada ing Pulo Buton kairing pendherek gunggung 40. Mbok menawa sing ngiring prajurit Bayangkari. Bareng wis tekan pinggir segara, enggal-enggal mlebu wana.

Anggone neneka ora diweruhi dening masyarakat. Nembe dina esuke, warga desa sakitere weruh. Kanthi meruhi anane kukus sing kumelun ing satengah­ing wana. Kajurung marang rasa pe­nasaran, warga banjur nggoleki paran dununge kukus.

Sajake, glibede warga diweruhi dening Gajah Mada. Mula iku dheweke banjur ngejak para pendhereke pindhah panggonan. Sakwise tekan njeron wana, ing kono nemoke saweneh kampung cilik. Gajah Mada banjur nganake rerem­bugan kalawan warga kampung cilik iku mau.

Lire Gajah Mada nyuwun idi palilah, supaya diolehi manggon ana ing pucuk gunung, ora adoh saka papan dununge kampung cilik. Ndilalah warga nayogyani sarta aweh  idi palilah.

Bab iku andadeke seneng rasa pang­rasane Gajah Mada. Mula bebarengan para pendherek enggal munggah pucuk gunung. Papan kono diresiki sarta kareka dadi papan sing aman sarta nyaman kanggo dedunung. Sabanjure neruske urip ing kono.

Masyarakat Kalurahan Majapahit mracayani, sakwise seda, Gajah Mada sarta pendhereke gunggung 40 banjur sumare ing pucuk gunung iku mau. Bab bener lan orane kasumanggake marang para maos.

*

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih