Makna Sastra Babad (1):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 33 kali

Ngandhut Gegambaran Crita Tokoh Sejarah

Babad mujudake salah sawijining asil karya sastra masyarakat Jawa (Th. Pigeaud ing “Literature Of Java”, 1967-1970). Mungguh yen sastra Jawa di­sawang minangka perangan kabudayan Jawa, babad mujudake sawijining perangan lan sawernaning kabudayan Jawa kang ngandhut maneka warna pengaji, piguna, makna lan alam pikirane wong Jawa. (budayawan Drs. Darusu­prapta).

Mungguh apa maknane babad lan kepriye pengajine babad ing kabudayan Jawa, ing kalondhangan iki bakal katlesih adhedhasar seratane Darusuprata ing sarasehan penelitian & pengkajian Ke­budayaan Nusantara (Javanologi) ing Museum Sanabudaya Yogya­karta, bab “Arti Dan Nilai Babad Dalam Kebudayaan Jawa.” Kanthi ma­ngerteni makna, piguna lan pe­ngajine babad, sabanjure kita bisa luwih paham lan manger­teni marang apa ta sing disebut “babad” kuwi.

 

Isine Babad

Babad lumrahe ngandhut gegambaran crita bab tokoh pelaku sejarah kang sinartan gegambaran prastawa kang wis dumadi utawa kang wis dianggep dumadi. Gegambaran crita ka­sebut umume ana gandheng ce­nenge karo perkara babad alas, wi­sudan raja (panembahan, sultan, sunan), pengangkatan panguwasa dhae­rah (bupati, adipati, rangga), mangadege sawenehe negara (kraton) utawa dhaerah (kabupaten, kadipaten, kademangan), pindhahe pusat peme­rintahan (kraton), bab upacara lan adat-istiadat, bab paprangan, terkadang per­kara palakrama lan anane sesambungan paseduluran kang turun temurun.

Crita babad kang isine perkara babad alas, wisudan raja, pengangkatan pa­nguwasa dhaerah, adege negara utawa pindhahe pusat pemerintahan.

Ing antarane kaya ta:

1. “Babad Basuki” (manuskrip Bataviaasch Genootschap, koleksi Museum Pusat Jakarta). Nyritakake lelakone Ki Wirabrata sagotrah kang kepegsa ninggalake papan kelairane ing Tanjung (Madura) jalaran kasempyok ing kaha­nan kesrakat lan kurang pangan. Sa­banjure Ki Wirabrata pindhah menyang Pulo Jawa lan babad alas ing sapinggiring gisik Selat Madura, sawise wujud dadi kampung, papan kasebut banjur dije­nengi Kampung Maduran (kalebu wilayah Banger utawa Prabalingga saiki). Kam­pung Maduran saya suwe saya ngrem­baka lan rame, sebab akeh wong Madura kang padha teka ing papan kasebut. Jeneng Maduran sabanjure diganti Ba­suki. Dene Kasim, putrane Ki Wirabrata dijunjung dadi demang Basuki kanthi jeneng Wiradipura. Suwening suwe Kademangan Basuki mekar dadi kabu­paten kang makmur, saiki katelah Ka­bupaten Basuki.

2. “Babad Bandawasa” (manus­krip JLA Brandes, koleksi Museum Pusat Jakarta). Nyritakake paraga Bagus Asrah kang ing jaman bocahe nandang urip rekasa. Bagus Asrah nuli dipek anak Ki Patih Alus lan diramal yen besuke bakal dadi penggedhe kang wibawa, saban­jure Bagus Asrah dipasrahake marang Tumenggung Sura Adikrama ing tlatah Basuki lan saling jeneng dadi Astrata­runa. Astrataruna kinen babad alas ing Alas Bandawasa, sabanjure Astrataruna dadi panguwasa ing Bandawasa, sesilih Rangga Kertanegara.

3. “Babad Blambangan Gan­car” (manuskrip: 1. Bataviaasch Genootschap BG. 337, BG. 607, 2 Brandes Br. 384, 453, 3. Leiden Oriental Manuscript, Lor 4089, 4088. Koleksi Museum Pusat Jakarta). Nyritakake lelakon babad alas ing alas Bayu lan Sudimara de­ning Tawangalun. Papan kasebut sabanjure dibangun dadi negara dijenengi Negara Macan Putih. Dene Tawangalun di­junjung minangka pangeran, lan pung­ka­sane kawisuda minangka Kangjeng Sinuhun Tawangalun kang sacara turun temurun dadi panguwasa ing Blambangan. Kacaritakake uga anak turune Tawangalun kang uga ngadani babad alas, kayata Mas Purba sawise kajunjung minangka Pangeran Danu­reja nuli babad alas ing Alas Wijenan lan Ka­brukan. Dene Mas Alit sawise kawisuda minangka Raden Tumenggung Wiraguna nuli ngadani babad alas ing Alas Ba­nyuwangi.

4. “Babad Demak” (manuskrip Bataviaasch Genootschap, koleksi Museum Pusat Jakarta). Nyritakake pindha­he pusat paprentahan saka Kraton Ma­japahit (Jawa Timur) menyang Kasul­tanan Demak (Jawa Tengah) dening Raden Patah.

5. “Babad Cirebon” (Manuskrip Brandes, koleksi Museum Pusat Jakarta) nyritakake adeging Kasultanan Cirebon dening Syarif Hidayatullah (Sunan Gunung Jati) kang isine diwiwiti kanthi sarasilah Nabi Muhammad tekan Ki Ge­dhe Karawang, saka sarasilah Pajajaran engga Pangeran Cakrabuwana ngrasuk agama Islam, sarta Rara Santang (kada­nge putri Pangeran Cakrabuwana) kang digarwa Sultan Mesir saha peputra Sya­rif Hidayatullah lan nurunake sultan-sultan Cirebon.

6. “Babad Mangkubumen” (Ma­nuskrip Brandes, koleksi Museum Pusat Jakarta). Isine nyritakake dumadine ontran-ontran Pangeran Mangkubumi ing taun 1749-1755 M, engga wisudan Pa­ngeran Mangkubumi minangka Sultan Hamengku Buwana I ing Ngayogyakarta. Crita iki nggambarake paperangan.

7. “Babad Blambangan Macapat” (Manuskrip: 1. Bataviaasch Genootschap BG 63, 2. Brandes Br 127, 448, 494. 3. Lei­den Oriental Manuscript, Lor 2185. Ko­leksi Museum Pusat Jakarta). Isine nggambarake memungsuhan antarane telung kelompok kekuwatan ing telung wilayah kanggo ngadhepi panguwasane Kumpeni Walanda. Telung perkara ke­kuwatan lan telung wilayah kasebut, yaiku:

a). Perlawanan prajurit Blam­bangan kang dipandhegani Mas Anom lan pasu­kan pendhudhukan Bali sing kebawah Gusti Ngurah Ketut lan Gusti Kutabedah.

b). Perlawanan keturunan Untung Su­rapati Wiranagara (Tumenggung Kartanagara) ing Lumajang lan Adipati Malaya­kusuma ing Malang.

c). Perlawanan keturunan Mataram Kartasura ing Jawa Timur, yaiku Pange­ran Singasari gelar Pangeran Prabu Jaka (rayine Pangeran Mangkubumi ing Lo­pura) lan RM Arya Prangwedana (pu­trane Pangeran Singasari ing Ngantang).

(Cathetan: Tulisan telung perkara kasebut kajupuk saka anane prastawa kang dumadi ing telung wilayah kasebut ing antarane taun 1766-1768).

8. “Babad Bayu” (manuskrip: JLA Brandes, Br. 46 lan Leiden Oriental Manuscript, Lor. 4090 koleksi Museum Pusat Jakarta). Isine nyritakake panrajange Kumpeni Walanda marang beteng per­tahanan Mas Rempeg gelar Pangeran Jagapati ing wilayah Bayu (Blambangan) ing antarane taun 1768-1792.

9. “Babad Inggris” (manuskrip Bataviaasch Genootschap, koleksi Museum Pusat Jakarta). Isi critane nggam­barake nalika Kraton Ngayogyakarta digredeg lan dilungguhi dening pasukan Kumpeni Inggris ing taun 1811-1816 Masehi.

10. “Babad Dipanegaran” dumadi saka sawatara versi. Kayata: 1. Versi Kedhung Kebo Purworejo (manuskrip Bataviaasch Genootschap), 2. Versi Madiun (manuskrip JLA Brandes), 3. Versi Manado (manuskrip Bataviaasch Genootschap). Versi-versi kasebut nggambarake dumadine perang Dipa­negara mungsuh Kumpeni Walanda ing antarane taun 1825-1830 M.

Crita babad kang isine ngemot bab adat-istiadat, upacara palakrama lan tali paseduluran.

Ing antarane kayata:

1. “Babad Semarang” (naskah koleksi Museum Pemerintah Kabupaten Sumenep, Madura). Isine nggambarake sesambungan antarane panguwasa Kadipaten Semarang (Jawa Tengah) kalawan Kraton Sumenep (Madura) ing abad 18 M.

2. “Babad Madura” (naskah koleksi Radya Pustaka Surakarta). Isine njlen­trehake upacara palakrama antarane Sunan Paku Buwana VII ing Surakarta kalawan putra putrine Adipati Cakra­ningrat ing Bangkalan, Madura.

3. “Babad Blambangan Gancar” (manuskrip: 1. Bataviaasch Genootschap BG 337, 607. 2. JLA Brandes, Br 384, 453. 3. Leiden Oriental Manuscript, Lor 4089. 4088. Koleksi Museum Pusat Jakarta). Kajaba ngandharake lelakon ngenani babad alas, crita iki uga nyritakake pa­raga Mas Tawangalun, wiwit laire, labuh labete nalika babad alas, lan uripe mi­nangka panguwasa kang kebak kawi­bawan, nganti tekan titi wancine pancal donya. Crita kasebut ing perangan nga­rep diwiwiti kanthi gegambaran sarasilah keluwarga kang nurunake Tawangalun. Dene ing perangan tengah disisipake crita nalika jaman Blambangan dijegi prajurit Bali, nanging pungkasane ucul saka panguwasane Bali, lan sabanjure diregem panguwasane Kumpeni Wa­landa. Mungguh ing perangan pungkur diterusake maneh bab sarasilah anak turune Mas Tawangalun.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita ora kuwawa menehi, aja njupuk.

Klik

THEKLEK DHINGKLIK

Dadi kreatif pancen dibutuhake sakehing wong kanggo ngrampungake masalahe. Malah kanthi kreatif, kita bisa oleh bab kang anyar. Kaya ing nalikane udan-udanan ngene iki. Yen udane ora leren-leren nganti nuwuhake banjir, sajake migunakake theklek dhingklik kaya iki supaya ora teles mujudake salah sijine kreatifitas. (d/ist)***

Pethilan

Geng motor gawe susahe warga

Pulisi kudu luwih gesit

Ayo dijait maneh abang putih, ujare Ketua MPR

Ana sing rowak-rawek

Dhisikna akal sehat ing taun politik 2018

Kan wis suwe ilang…