Barang Dijaluk Wis Dinehke Kok Isih Dipisuhi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 47 kali

Barang Dijaluk Wis Dinehke Kok Isih Dipisuhi

 

JANE kedadeyan wis suwe banget, sakdurunge ana “petrus” semarang terkenal galine. Agawe tintrime sapa bae kang duwe kegiatan wanci esuk, mbok-mbok bakul nganti ibu-ibu kang padha arep menyang pasar kudu ngati-ati.

Esuk iku tanggaku sing asmane Bu Giarti kang dadi juragan gereh ing Pasar Kobong mangkat dodolan, diterake Pak Djo tukang becak langganane. Tekan kidul pasar, becak langga­nane. Tekan kidul pasar, becik diendheg nom-noman loro kang boncengan sepedha motor. Sing mbonceng sing rambute gondrong lan tanggane kebak tatoo ngacungake gobag karo santak mrentah Bu Giarti kudu nyerahake mas-masan kang dianggo. Ora gantalan wektu kanthi ndredheg gelang kalung kang sak dhadhung kapal gedhene wis pindhah tangan.

Nom-noman kekarone bungah esuk-esuk wis entuk-entukan, nuli nggeblas arah mangulon. Tan kocapa Bu Giarti kang “Setulegi” setengah tuwo lemu ginuk-ginuk tekan kiose isih ngoplok, praupane pucet semu dheg-dhegan. Jarene ora pucet kelangan mas-masan nanging miris amarga weruh gobag kang mingis-mingis.

Awan iku dagangane laris banget, juragan langganane kang saka luar kota padha teka. Kanggo sauntara Bu Giarti wis nglalekake prastawa esuk mau. Watara jam papatan sore rikala rewang-rewange padha ibut nutupi lawang kios, Bu Giarti kaget diparani nom-noman kang mau esuk nodhong. Tanpa ba-bi-bu nom-noman kang gondrong ngedumel ngunek-unekake. Prasasat kewan sak bon-bin metu kabeh ora ana kang keliwatan.

“Bu, yen imitasi ora susah dinggo. Aku dadi ora kapusan,” kandhane sing siji kanthi sareh, Bu Giarti ora mentala nuli mbukak dhompete ngulungake eketan ewu rong lembar. Sawise ngaturake panuwun, kekarone enggal blandhang.

Apatumon? Nganggo barang-barange dhewe, dijaluk wis diwe­nehake kok malah dipisuhi. Oh donya, donya…  (Fx. Suyatno-Semarang)


Tir Padha Irenge Sir Padha Senenge

 

Judhul kalimat ing ndhuwur kuwi kalebu paribasan lawas kang zaman mbiyen asring dienggo dening wong tuwa. Sing artine bisa digathukake rikala bocah enom-enoman kang lagi nandhang kasmaran. Tir kuwi mesthi warnane ireng lan sir utawa sir-siran kasebut mesthi bocah lanang lan wedok mesthi padha senenge.

Bab kuwi mau dialami dening kancaku sing lagi nandhang katresnan, sebut wae jenenge Samarangan Juwandi kang nandhang tresna karo tanggane kampung sing nduwe paku­litan ireng manis. Bocah sakloron pancen wis padha tresnane lan dheweke asring kangsenan ana ing omahku, kancaku Ju­wan­di ora tau wani mara ning omahe sing putri, amarga pancen dening wong tuwane sing putri ora disetujoni. Aku dhewe ora ngerti saktenane kenapa wong tuwane ora nyetujoni embuh mungkin bab Agama utawa bab liyane. Sing jelas sing mangerteni bab kuwi mau ya mung kancaku lan pacare.

Saben malam Minggu bocah sak kloron mesthi wis padha mara ning omahku lan sakbanjure bocah loro mau padha lunga bebarengan, aku dhewe ya banjur lunga Malam Ming­guan. Anggone pacaran kancaku wis lumayan suwe, mungkin ya wis udakara limang taunan. E…e…e…lah kok ana khabar nek pacare kancaku pindhah ning Jakarta melu kamase lan sing ndadekake kancaku kaya kesamber bledheg atine krungu kabar nek pacare kasebut wis dadi manten di jodhokake dening kangmase.

Kancaku kasebut saben bengi teka ning omahku sakperlu curhat marang aku, lan kancaku saiki dadi nglokro lemes ora duwe daya lan ora niyat nggolek pacar meneh nganti sukemben. “Wis, ora susah nglokro, wong wedok isih akeh jagad kuwi ora mung sak jembare godhong kelor!” mengkono saranku marang kancaku kasebut. (Gunarso Wiyono-Banguntapan, Bantul)

 

 

Ambeng Sepet

 

Bocah biyen yen ngaji mesthi neng langgar, ora kaya saiki ana TPA/TPQ sing nggone kepenak. Gedunge apik, keramikan, dadi resik kanggo timpuh (lungguh plester). Sing mulang ya ayu-ayu merga isih mbak-mbak biyen lampu ya durung lampu listrik isih teplok, bocah lanang-lanang yen bengi ana sing turu langgar merga wegah mulih. Sawijining dina ana bocah aran A sing gawene turu langgar. A ngomong, “Aja turu sik mengko nggonku slametan digawa neng langgar!”

Tenan bubar jamaah isyak bocah-bocah diklumpukna, A pamit mulih njupuk ambeng yaiku tampah tutupe godhong gedhang. Wis tekan langgar A mekas kancane. “Aja dibukak sik, tak nyeluk Pak Yai.” Bareng ngono suwe ora bali-bali nganti jam wolu, bocah aran K usil dhasare selak luwe, ambegane dibukak. “Kurang ajar awake dhewe diapusi A”, ujare K. Merga tampah tutupan godhong gedhang mau isine sepet ditumpuk, dientra ambeng. Bocah-bocah buyar nggoleki A, omahe A tutupan wong saomah padha mapan turu kabeh. Apatumon ambeng sepet. (Umi Harini-Bandar, Jombang)

 



Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita ora kuwawa menehi, aja njupuk.

Klik

THEKLEK DHINGKLIK

Dadi kreatif pancen dibutuhake sakehing wong kanggo ngrampungake masalahe. Malah kanthi kreatif, kita bisa oleh bab kang anyar. Kaya ing nalikane udan-udanan ngene iki. Yen udane ora leren-leren nganti nuwuhake banjir, sajake migunakake theklek dhingklik kaya iki supaya ora teles mujudake salah sijine kreatifitas. (d/ist)***

Pethilan

Geng motor gawe susahe warga

Pulisi kudu luwih gesit

Ayo dijait maneh abang putih, ujare Ketua MPR

Ana sing rowak-rawek

Dhisikna akal sehat ing taun politik 2018

Kan wis suwe ilang…