Kasudibyane kang Namur Laku
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 51 kali

Geeneya wong lelaku kuwi weruh jumedhule bocah wadon jantunge dadi kedher? Merga praupane kenya kuwi memper banget karo wanodya kembang impene, kang ora liya Sri Banun putri katumenggungan. Bedane sithik, ing pipine kiwa bocah wadon kang gawe kedhere jantung kuwi ana andheng-andhenge cilik.

Wong lelaku iku gumun, ing atase desa kluthuk kok ana kenya kang ayune ora geseh karo wanita te­dhak­-ing ngaluhur bae. Solah bawane, anggone ngladekake wedang lan jadah sak piring kang sarwa trapsila, njalari panggraitane si tamu menawa sejatine Mbah Darmo kuwi dudu wong padesan lumrah.

Senajan karo sing duwe omah dimanggakake supaya ngicipi pasugatan, nanging si tamu ora nggape. Pikirane ngglambrang adoh. “Ah, saupama Sri Banun angel pethik-pethikane, diijoli bocah wadon kuwi wae aku gelem. Tangeh lamun Mbah Darmo ora ngeculake saupa-ma aku nembung kanthi apik-apik. Ah kok nggladrah, durung tekan tujuwaning laku lan durung kasil mrantasi gawe kok ndadak duwe pikiran aneh-aneh.”

Enggal-enggal dheweke sadhar saka lamunane, banjur rewa-rewa takon, “Wah, punika menapa jadah anggenipun netel piyambak?”

Karo mesem Mbah Darmo mangsuli, “Leres Mase, jer sagedipun namung nyugata ingkang kados ngaten. Mangga dipunrahapi, mumpung anget.” Ngomong ngono sing duwe omah karo mbengoki kenya sing gawe geter mau, “Ning, pulurane kuwi mbok disuguhake Mase iki pisan rak ya bisa ta?”

“Inggih,” keprungu wangsulan saka njero, gawe dhadhane tamune sangsaya dheg-dhegan.

Ora mung trima dheg-dhegan, nanging malah ketambahan mak siir, bareng bocah wadon kuwi njedul maneh. Malah karo nyawat esem, gawe dhadhane tamune saya tambah pyar-pyaran.

“Mangga dipunsekecakaken, wontenipun namung menika,” ujare karo mbalang liring.

 “Ing…ingg…nggiih, maturnuwun,” wangsulane si tamu groyok. Rampung ngladekake puluran, wanita iku gegancangan menyang pungkuran maneh merga pekewuh diuwasi tamune terus.

Mbah Darmo ngerti glagat, mula enggal-enggal miwiti omong apa ta mungguh sedyane si tamu kok nganti bisa kesasar menyang omahe, “Nuwun sewu Mase, panjenengan kok ngantos dumugi rompok kula wonten kersa punapa?”

Tamune anggone mangsuli pancen ngati-ati banget, amrih aja nganti ana sing ngerti sapa sejatine dheweke kuwi, “Nuwun sewu saderengipun, sejatosipun kula punika saking tlatah brang kilen. Anggen kula keraya-raya dumugi mriki mboten sanes madosi sedhe-rek kula jaler. Nalika semanten pamitipun namung badhe pados ngelmu kangge kesaenan. Ingkang dipuntuju tlatah brang wetan. Nanging sampun dangu sanget kok mboten wonten kabaripun. Pramila kula lajeng kesah madosi. Angkah kula, mangke taken-taken wonten padhepokan utawi paguron mbokmenawi saged kepanggih.”

Karo manthuk-manthuk Mbah Darmo nyambung……….

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita ora kuwawa menehi, aja njupuk.

Klik

THEKLEK DHINGKLIK

Dadi kreatif pancen dibutuhake sakehing wong kanggo ngrampungake masalahe. Malah kanthi kreatif, kita bisa oleh bab kang anyar. Kaya ing nalikane udan-udanan ngene iki. Yen udane ora leren-leren nganti nuwuhake banjir, sajake migunakake theklek dhingklik kaya iki supaya ora teles mujudake salah sijine kreatifitas. (d/ist)***

Pethilan

Geng motor gawe susahe warga

Pulisi kudu luwih gesit

Ayo dijait maneh abang putih, ujare Ketua MPR

Ana sing rowak-rawek

Dhisikna akal sehat ing taun politik 2018

Kan wis suwe ilang…