Upacara Kalang Obong
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 50 kali

MAPAN ana ing Pelataran Kantor Dinas Kebudayaan Kota Yogyakarta, Jalan Kemasan, Kotagede, dina Minggu, bengi 10 Desember 2017 kepungkur diadani pegelaran Upacara Kalang Obong kang katindaake dening Teater Esem Yogyakarta kang dipimpin Toelis Smero. Pergelaran iki kanggo nggambarake upacara Kalang Obong pancen sengaja disuguhake liwat teater. Supaya ritual tradisi Kalang bisa dadi tontonan kang nges.

 

“Kita kepengin nggambarake ngenani kepriye upacara Kalang Obong kanthi run­tut. Supaya masayarakat kita bisa manger­teni ngenani sawijining tradhisi utawa ri­tual kang ditindakake masarakat Kalang. Kang Manawa bae  masyarakat ing Jawa dhe­we ora mangerteni menawa ana tra­dhisi Kalang Obong. Sebab kanggo nga­dani upacara iku butuh dana kang akeh engga ora saben  taun bisa diadani,” ujare Ir Eko Suryo Maharsono, Kepala Dinas Ke­bu­dayaan Kota Yogyakarta marang wartawan wengi iku..

Saka cathetan Dinas Kebudayaan Kota Yogyakarta, saka sakwise Proklamasi Ka­mardikan Republik Indonesia Taun 1945, mung ana patang upacara Kalang Obong kang ditindaake masyarakat Kalang ing laladan wilayah DI Yogyakarta lan Jawa Tengah. Upacara Kalang Obong kang se­pisan diadani ing Kotagede, Yogyakarta sedina sakwise proklamasi kamardikan. Kaping pindho Upacara Kalang Obong ing  Desa Tegal Ganda cedhak Ambal, Kebu­men Kedu iring kidul. Kaping telu ana ing Desa Ngrato, Kab Wonogiri, Jawa Tengah.

Lan kaping papat ana ing Jatingarang, Gununungkidul kang katindaake dening ku­lawarga Hardjosudarmo ana ing tanggal 27 Juli 1961. Emane ritual iku ora ninggal­ake dhokumen arupa foto utawa gambar. Upacara Kalang Obong biasa diadani kang­go pengetan 1000 dina. Pengetan sewu dina iku biasane wisa ditemtoake nalika pe­ngetan satus dina swargi. Ya ing penge­tan iku kabeh brayat ageng swargi padha melu ana ing upacara kang biasane diadani telung dina telung bengi. Kalebu para bra­yat kang manggon ing njaban dhaerah utawa malah pulo. “Ya merga perlu biaya kang akeh, temtu ora saben warga bisa ngadani upacara tradhisi iki,” ujare Pak Eko Suryo.

Ana ing upacara Kalang Obong pancen kebak pernik. Ing dina sepisanan warga Kalang kang ngadani upacara kudu nyiap­ake boneka kang dijenengake Puspa. Pus­pa kang digawe saka kayu kang kandele telung  milimeter iku njupuk saka kayu jati kang kualitase apik. Dawa boneka Puspa udakara 40 cm. Kanthi bahu 13,3 cm. Bo­neka utawa golekan Puspa iku minangka pralambang swargi kang kapundhut.

Saliyane gawe boneka Puspa, uga ga­we gubug kanggo ndeleh boneka Puspa. Kang kabeh kudu wus sumadiya ing dina kapindho. Merga boneka-boneka Puspa kang biasane ora mung siji gumantung pi­ra boneka minangka gantine jenazah kang diobong saka kulawarga swargi kang wis  ajal. Ya gubug iku kanggo papan ngaso para Puspa. Sing uga penting uga maneka kurban kewan lan sesajen kanggo upa­cara. Kurban kewan iku ana kebo utawa sapi, bisa siji kanthi dipilih kang gedhe lan lanang. Kebo lan ayam pirang-pirang bia­sane wajib. Bisa ditambah sapi lan we­dahus menawa saka kulawarga Kalang kang sugih.

 

Boneka Kewan

Kulit kebo utawa sapi, wulu, balung, sungu nganti  kuku kewan diapapanake ana wadhah kang mirunggan. Sirah sapi, wulu bareng karo kempol, sikil lan kuku di­renggangke lan digawe boneka kaya kebo utawa sapi kang urip. Boneka sapi iku mengkone diarak nganggo kereta tu­muju papan pembakaran kang biasane ana ing kali.

Ana ing tengene kebo utawa sapi ana rong pasang Gagar Kembang Mayang kang migunaake godong-godongan. Kaya janur, girang, kemuning, pulutan, waringin uga kembang mayang. Ing sisih kiwane kebo dipapanake Puspa kang arep di­obong. Puspa dipapanake ing sacedhake busana lan maneka peralatan kang mbi­yen diagem swargi. Ya ing papan iku uga ana sesajen kang arupa dhaharan. Ing antarane jenang abang, jenang putih, 2 kendhi kang isine banyu lan 2 kendhi kang isine banyu kembang.

Ana pengaron kang isine pari, lawuh, pala gumantung, pala kependhem lan pala kesimpar. Uga sekul punar, sekul sewu, sekul kruduk, tukon pasar, 2 lampu celupak kanthi lenga minyak kelapa. Lan dhuwit receh. Upacara iku dipimpin dening sawi­jining Biku utawa para pemimpin kang ditunjuk. Ya biku utawa pimpinan upacara iku kang nandhani  ngrampungake pang­gawean Puspa kang biasane rampung sadurunge srengenge angslup. Ya Biku iku kang masang mata boneka Puspa. Mata boneka iku biasane saka koin dhuwit sak sen Walanda.

Sakwise iku upacara kawiwitan. Gubug dipapanake cedhak Biku. Puspa dipapan­ake ing sandhuwure bantal dening Biku. Ing sangarepe lan mburine ana tumpukan busana lan peralatan kang mbiyen diagem swargi dicaketake. Bocah lanang papat kang nggawa Gagar Mayang mlaku ana mburine Biku. Sawijining pemudha Kalang kang nggawa anglo ana ing sandhinge. Iku minangka pralambang pengawalan roh kang kondur ana ing alame. Yen upacara pembakaran wis arep kawiwitan.

Puspa lan maneka dipanake ana ing sandhuwure bantal ana ing gubug kang arep dibakar. Ya ing gubug iku didelehake maneka busana, peralatan kaya teken, tas, kendhi lan dhuwit receh. Ing sangisore gubug iku ana mangkok kanthi sekul sewu uga kembang-kembang sarta Kembar Mayang papat kang dipapanake ana ing cagak pondok papat. Terus Biku kang mim­pin upacara maca mantra ing sekeliling anggota kulawarga kang tilar ndonya kang diwakili boneka Puspa. Ing sisih tengen kanggo jenazah kakung, sisih kiwa putri. Ya saka iku lelaku menyang papan kang abadi.

Kapimpin dening Biku utawa pimpinan upacara, gelungan rambut diudhari. Ram­but dioser-oseri uwu ireng. Ritual iku dila­koni dening anggota kulawarga kang di­tunjuk. Sakwise iku, udakara pukul 22.00 WIB, diadani slametan kanthi kabeh kang rawuh pada dhahar kembul sega krecek, endog lan sambel tempe, sekul ambengan, sekul janganan, sekul megana, srundeng lan meneka lawuh saka iwak loh. Uga dibagekake sekul kuku, sekul kang dimasak tanpa bumbu. Ya ing acara iku diadani upa­cara pembakaran Puspa kang wis dideleh­ake ana ing Gubug.

Pembakaran kapimpin dening Biku kan­thi ngobong gubug kang isine Puspa. Awu saka sisa pembakaran dileboake ana ing keranjang kang wis sumadiya. Lan dikelek­ake ana ing kali. Kabeh kudu resik lan bisa keli dening iline banyu. “Biasane Puspa lanang iku anggone ngobong jam telu esuk, menawa Puspa wadon sakwise jam telu. Kenapa apa Puspa Lanang luwih ndhi­sik, merga kapercayan wong lanang luwih wani,” critane Kepala Dinas Kebu­dayaan Kota Yogyakarta kang uga nduweni profesi minangka dhalang wayang kulit.

Toelis Smero, Ketua Teater Esem Yog­yakarta mratelaake apa kang disuguhake iku mung minangka gegambaran upacara Kalang Obong kang wis suwe banget ora diadani ing wilayah DI Yogyakarta lan Jawa Tengah. Iku mung minangka gambaran menawa ing tanah Jawa ana tradhisi Kalang Obong.Nngenani apa upacara iku jebles karo Ngaben ing Pulo Bali. Toelis mratelaake bisa wae ana gegandhengane. Mung wae menawa ing Bali, raga kang dibakar iku jenazah kang wis ajal. Menawa ana  budaya Wong Kalang iku golekan utawa boneka kang dadi ‘wakil’ jenazah. Mangkono. (Hamid Nuri)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita ora kuwawa menehi, aja njupuk.

Klik

THEKLEK DHINGKLIK

Dadi kreatif pancen dibutuhake sakehing wong kanggo ngrampungake masalahe. Malah kanthi kreatif, kita bisa oleh bab kang anyar. Kaya ing nalikane udan-udanan ngene iki. Yen udane ora leren-leren nganti nuwuhake banjir, sajake migunakake theklek dhingklik kaya iki supaya ora teles mujudake salah sijine kreatifitas. (d/ist)***

Pethilan

Geng motor gawe susahe warga

Pulisi kudu luwih gesit

Ayo dijait maneh abang putih, ujare Ketua MPR

Ana sing rowak-rawek

Dhisikna akal sehat ing taun politik 2018

Kan wis suwe ilang…