Wisata Spiritual Yogya (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 33 kali

Masjid Gedhe & Kampung Kauman

Tanggal 23&24 September 2017 penulis sarombongan entuk kalodha­ngan ngadani wisata spiritual ing laladan Yogyakarta. Sepuluh taun pungkasan iki wisata spiritual lagi nduweni daya seng­sem mirunggan kagem warga bebrayan. Sedalan-dalan akeh kita prangguli bis-bis wisata kang digunakake kanggo ngangkut pandhemen wisata spiritual saka maneka komunitas agama lan organisasi agama tertentu. Yogya klebu salah siji kutha kang duweni aset wisata spiritual iki. Kanggo ngawuningani obyek wisata spiritual ing DIY tumrap sing durung priksa lan kanggo pengeling-eling tumrap sing nate nindakake wisata iki, dak aturake tu­lisan reportase nge­nani Masjid Gedhe Kauman lan Masjid Jogokariyan & Kampung Ka­rangkajen.

Sing sepisanan reportase ngenani Masjid Gedhe Kauman, Masjid Gedhe lan kam­pung Kauman mu­judake papan wi­sata spiritual uta­ma ing tlatah Yog­ya. Masjid kuna iki dibangun dening Ngaras Dalem Sam­pean Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Hamengku Bu­wana Senapati ing Ngalaga Abdur­rahman Sayidin Panatagama Khali­fatullah ing Nga­yogyakarta Hadi­ningrat I (HB I). Kawangun wolulas taun sawise Kera­ton Kasultanan ngadeg, masjid iki isih katon merbawani manggon ing kulone Alun Alun Lor kang nuduhake luhure kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat duking uni.

Sajrone prasasti masjid tinulis lamun masjid agung iki dibangun dina Ahad, 29 Mei 1773 utawa 6 Robiul Akhir 1699 (1187 H) sinengkalan Gapura Trus Wina­yang Janma (taun Jawa 1699). Sekawit majid iki cukup kanggo sholat Jumat ja­maah, nanging mundhak dina saya rupek. Amarga jamaah Masjid Kau­man iki mbludag banjur dibangun serambi (emperan) masjid kang rampung kaba­ngun ing Kemis Kliwon, 20 Sawal taun Jimawal sinengkalan Tunggal Windu Pandhita Ratu utawa taun 1701 Jawa (1189 H utawa 1775 M). Nganti dina iki serambi masjid iki uga isih katon megah.

Kang perlu digatekake ing sajrone serambi lan wewangunan utama iki ngenani warna cete. Yen ditamatake se­rambi masjid iki werna cete luwih rame dene sajrone mesjid kahanane luwih adhem. Iki mono nuduhake kadewasane olah pikir lan olah rasa, kanggo wong awam mbok menawa luwih pantes yen mapan ing serambi masjid jalaran se­ram­bi iku kadidene alam donya kang kebak pepaesan lan kesenengan. Nanging kanggo pawongan kang wus menep pikire bisa ngrasakake kahanan jero masjid sing edhum, ayem, lan adhem. Pancen sajrone bangunan utama mesjid, kaum Muslim bisa nindakake ibadah shalat wajib utawa sunnah lan ibadah liyane luwih khusyuk jalaran kahanane pancen luwih tenang.

Serambi mesji Gedhe Kauman iki duking uni mujudake Al Mahkamah Al Kabiroh yaiku papan pengadilan agama tingkat paling dhuwur. Kajaba iku, se­ram­bi uga kanggo papan patemone para ulama upacara ijab qabul, lan papan upacara kanggo ngucapake syahada. Sajabane serambi ana latar lan iringe tengen plataran masjid iki ana wewa­ngu­nan kang sinebut Pagongan. Sinebut Pagongan jalaran wewangunan iki kanggo nyimpen gong lan gamelan sing mung ditabuh sepisan sajrone setaun yaiku gamelan sekaten. Mbiyen akeh wong Jawa kang nglumpuk ana mesjid gedhe Kauman saperlu nonton gamelan sekaten. Barengan karo ditabuhe gamelan sekaten ing wanci wulan Mulud iki akeh wong Jawa sing banjur ngucap syahadat pratandha ngrasuk agama Islam.

Ing iring kidul Masjid Gedhe Kauman ana kalen kang isi banyu bening, manut keterangan Muh Rosyid Abdillah pe­mandu wisata saka MHT, jagang utawa kalen iki mbiyene jembare ana telung me­ter luwih. Papan iku mbiyen mujud­ake parit utawa kalen sing banyune pancen mili, sadurunge mlebu masjid wong-wong kudu reresik ana kalen iki. Piwulang ngenani toharoh (reresik) saliyane wudu pancen ana uga bab adus jinabah, sapiturute kang kudu ditin­dakake dening umat Islam.

Empyak masjid dumadi saka wewa­ngunan tingkat telu ing puncak masjid ana pepaesan wujud makutha (mah­kota). Yen ditamatake empyak masjid iki saya dhuwur mundhak cilik lan ana ting­kat telu. Empyak paling ngisor dhewe iku sing paling gedhe, iki mono nuduhake gunggunge wong awam sing iman (percaya) mring Gusti Allah iku paling akeh gunggunge. Kayadene Raja Firaun wae sejatine yakin (percaya) anane Gusti Allah nanging mung mandheg percaya thok, empyak saduwure maneh luwih ciyut nuduhake sing wis iman lan gelem ngrasuk islam gunggunge luwih sithik maneh. Empyak tingkat telu (sing paling dhuwur) uga luwih cilik nuduhake gunggung gunggunge wong sing wis ikhsan nyata luwih sethithik maneh.

Puncak (makutha) masjid Gedhe Kau­man ora wujud kubah utawa lambang bulan bintang kaya lumrahe masjid, makutha masjid keraton diwenehi pepethan godhong kluwih, kembang, nanas lan gada. Godhong kluwih iku dadi lambang tembung “linuwuh”. Iki mono mengku teges lamun mu­hung Gusti Allah Swt Kang Maha Linuwih. Nora ana daya lan kekuwatan kang ngluwihi kagungan-Ne Gusti Allah. Sadhuwure pepethan godhong kluwih iku ana pepaesan wujud kembang wong kang wus nduweni iman lan tauhid ku­du nuduhake lekas kaya­dene kembang kang tan­sah nyebarake gandha merak wangi angambar kanggo sakiwa tengene mula bisa agawe rena ati­ne liyan. Ana sadhuwure kembang iki ana maneh pepethan wujud woh na­nas, woh nanas iki dadi lambang tembung “annas” sing tegese manungsa. Mula pepethan iki menehi piwulang lamun wong urip iku kudu menehi piguna mring sapadha-padhane titah lan sepadhane ma­nungsa, aja muhung nggung­gung kersane priyangga. Pucuke makutha ana pepe­than wujud gada (kayadene senjata piandele Harya Bima Sena). Gada iku lambang senjata pamungkas, Raden Harya Bimasena nalika perang tandhing lumawan Duryudana uga manggul gada. Gada iku nuduhake kahanan kang jejeg (tegak). Iki mono menehi piwulang la­mun wong Islam iku tauhide uga kudu jejeg, ora kena miyar-miyur.

 

Kampung Kauman

amburine Masjid Gedhe Kauman iki ana makam Pahlawan Nasional Nyai Siti Walidah, garwane KH. Ahmad Dahlan. Sakiwa tengene makam iki ana kampung kang ingaran Kauman, meh saben kutha nduweni kampung Kauman. Sinebut “Kauman” jalaran kampung iku mujudake papan cumondhoke para ahli agama, para kaum, para kyai pengulu saku­lawargane. Pancen duking uni kanggo makmurake Masjid Gedhe Kauman, masjid nduweni pengurus kang sinebut Pengulu Kraton. Pengulu Kraton iki dibantu dening ketib, modin, merbot, abdi dalem pamethakan, abdi dalem kaji selusinan, lan abdi dalem barjamangah. Kabeh abdi dalem iki manggon ing lingkungan Pakauman yaiku panggonane para kaum. Tembung ‘kaum’ asale saka tembung ‘qoimuddin’ sing tegese kang njejegake agama.

Sanadyan wis diangkat seperangkat abdi dalem kang ngurusi masjid lan piwulang agama, ewasemono sumebare agama Islam wektu iku durung maju. Taun 1912 kacathet ana pawongan kang nulis ing majalah Suara Muhammadiyah (SM) edisi 2 sing nyebutake jare ana pawongan kang nyebut lamun mesjid paling becik lan paling gedhe ing tanah Jawa iku Mesjid Kasunanan Surakarta lan Masjid Kasultanan Yogyakarta. Pratelane sing kaya kuwi dibantah dening redaktur SM. Redhaktur SM aweh pratelan lamun mesjid Gedhe Kauman wektu kuwi nadyan gedhe kahanane jember (reged banget). Gegambarane Mesjid Gedhe Kauman wektu kuwi yen wong mlebu mesjid metune kudu wijik amarga saka akehe bledug kang numpak ana jogan, tembok, lan lawang mesjid. Bisa dibayangake kayangapa kahanan jember sing kaya kuwi jalaran masjide ora kopen.

Kejaba kahanan fisik sing reged, ana maneh kang kurang trep mungguh pengamalan piwulang Islam ing uripe bebrayan agung. Wektu semono wong Islam Ngayogyakarta lagi ngamalake zakat werna siji yaiku zakat fitrah. Wondene zakat fitrah iki, kayadene kang lumaku ing saindening Nuswantara wektu semana, ora diedumake kanggo fakir miskin. Zakat fitrah iki dipisung­sungake kanggo para kaum utawa modin. Para kyai pengulu kang nampa pisungsum iki digambarake bisa urip kecukupan kanthi ngendelake pisungsum wujud zakat fitrah saka ummate. Malah ana riwayat kang nyebutake lamun para kaum iku ora perlu nandur pari sajrone samangsa awit butuhe bisa dicukupi saka zakat fitrah iki. Kanthi mangkono fungsi sosial zakat uga ilang amarga zakat ora bisa kanggo nulungi pangu­ripane wong-wong kesrakat.

Taun 1914 pengulu masjid Kauman kang asmane Kyai Kholil Kamaludiningrat diganti Kyai Muhammad Kamaludining­rat. Kyai Haji Ahmad Dahlan (kang ngedekake Muhammadiyah) entuk ijin melu ngemonah zakat. Wiwit iku zakat digunakake manut pituduhe agama yaiku kanggo menehi santunan fakir miskin sapiturute. Sawise zakat dikemonah kanggo ngurusi umat saya akeh warga kang banjur masrahake bandha donyane kanggo kemakmuran masjid lan kanggo tetulung mring kasangsarane sepadha-padha. Wiwit dina iku Muslim Jawa wiwit tepung karo modhel anyar filantropi (derma utawa ngamal). Zakat ora kanggo atur pisungsung marang kyai pengulu, kaum, utawa modin nanging kanggo ngurusi ummat. Taun 1920-an ing tanah Ngayogyakarta saya akeh wong Jawa kang nandhang kesrakat.

Ing kampung Kauman iki uga tinemu wewangunan tinggalan zaman awal sumebare Islam kaya ta langgar dhuwur, langgar kidul, lan uga mushola khusus kanggo wanita. Langgar dhuwur lan langgar kidul wis genah iku tinggalane Kyai Haji Ahmad Dahlan. Mushola wanita iki rada beneh karo mushola liyane jalaran mushola iki khusus kanggo wano­dya. Nganti dina iki mushola iku dike­monah lan digunakake ngibadah khusus kanggo muslimat. Sejarah nuduhake mushola wanita iki dibangun minangka wujud perlawanan zaman. Nalika iku wanita dipingit lan dipapanake ana ngomah, para wanita ora diidini sholat jamaah, ngaji bebarengan, utawa nyinau piwulang agama liyane. Kanthi anane mushola wanita iki, kaum mu­slimat bisa nglumpuk lan ngaji beba­rengan. (*)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Lumakune wektu luwih cepet katimbang mlakune mega. Sing sapa kang wektune mung kanggo ngabekti lan ngibadah mring Gusti Allah, mula iku wektu lan umure kang satemene …

Klik

LUKISAN ING WULU

Wulu pranyata bisa dadi salah sijine media lukis kang eksotik banget. Nanging mung wong-wong tinamtu wae kang bisa nindakake, yakuwi wong kang telaten lan sabar jalaran lukisan edipeni iki ora gampang ditindakake sarta butuh ketelitian kang dhuwur banget. (d/ist)

Pethilan

Kanggo Asian Games, Indonesia kekurangan jaran level internasional

Sing akeh pancen kambing hi­tam…

Setya Novanto dianggep nuduhake tumindak kurang becik

Paribasan ngandhakake; tinggal glanggang colong playu!

Setya Novanto wusanane mlebu tahanan KPK

Ngenteni lelakon sabanjure