Sate Klathak Pasar Jejeran, Langganane Selebritis
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 36 kali

Apa kuwi sate klathak? Sate klathak iki wis dadi ikon kuliner ing Yogja. Malah, turis-turis saka ngendi-ngendi papan, menawa dolan ing Yogja, rasane durung komplit yen ora njajal maknyuse sate klathak iki.

Sate klathak kuwi dudu sate sing nganeh-anehi. Sate klathak kuwi ya sate wedhus, sing ana kutha Yogja kondhange ora jamak. Pancen, wong dodol sate klathak ing Yogja kuwi saiki akeh banget, sumebar ing ngendi-ngendi papan.

Ananging, sing sepisanan ana, paling tuwa, paling kondhang, lan punjere sate klathak, kabeh mau mung ana ing Jalan Imogiri Wetan, persise ing jero Pasar Jejeran, Wonokromo, Bantul, Ngayogya­karta. Ing kana, sejarahe sate klathak kuwi cumithak lan lumaku tekan saiki.

Menawa dirunut memburi, sing pisan­an ngrintis sate klathak ing Pasar Jejeran yaiku Mbah Ambyah utawa Mbah Hamzah. Anggone ngrintis udakara taun 1945. Temtu, Pasar Jejeran ora apik kaya saiki. Usaha  kasebut banjur diwarisake marang anak-anake lan putu-putune tekan saiki.

“Sate klathak kuwi sate klangenan,” mangkono ujaran sing isih njangget ing atine Zabidi, nalika omong-omongan karo Hamzah, bapakne, puluhan taun kepungkur.

Pendhak dina, Hamzah ngusiri an­dhong saka Bantul menyang kutha Yog­yakarta. Dadi kusir andhong kuwi dilakoni Hamzah mataun-taun, nganti akhire dheweke duwe krentek bukak warung sate wedhus. Kuwi kedadean ing taun 1930, lan kelaksanan mbukak warung sate ing Pasar Je­jeran yaiku taun 1945. Tujuane mung siji, yaiku urip mandhiri lan bisa nyekolahke anak-anake nganti rampung.

Lha, bab mbum­boni sate, miturut Zabidi, Hamzah anggone mbum­boni sate lan olah­ane mung nganggo bawang lan uyah sakdurunge dibakar. Iwak wedhus sing wis diiris-iris kuwi banjur diremet-remet supaya bumbune remasuk ana ing serate iwak.

Bubar kuwi, iwak wedhus disunduki nganggo sujen. Sing mbedani karo sate liyane, sate klathak iki sujene ora saka pring, ananging saka ruji pit. Sak porsi sate klathak isine mung rong sunduk sate. Dawane sujen ruji kuwi udakara 40 cm. Dadi, rong sunduk sujen ruji kuwi dikebaki iwak wedhus sing wis dibumboni bawang karo uyah mau. Oleh wae njaluk tambah ati utawa torpedo wedhus. Ben ora garing, sakwise rampung dibakar, disuguhakeke bareng duduh gule.

Ora ana sing ngerti kapan jeneng sate klathak kuwi wiwit dienggo. Zabidi sing wis suwe dodolan sate klathak wae uga ora kelingan. Ananging, bab artine klathak dhewe ana pirang-pirang versi. Kaya ta, ana sing negesi klathak kuwi saka uni­ne sing metu nalika sate dibakar.

Mawa geni saka areng sing manasi we­si ruji nalika mbakar sate njalari muni ‘thak-thak’, banjur sinebut klathak. Ananging kuwi lagi versi sepisanan.  Amarga, ana maneh sing duwe keyakinan, pawongan sing ma­ngan sate kuwi ibarate lagi ‘nglethak’ sate sing ana ruji pit kuwi.

Ana maneh versi sing kaping telu, beda maneh bab asal muasale jeneng klathak kuwi. Ing kene, klathak kuwi artine mlinjo. Dicritakake, mbiyen, nalika isih cilik, kula­wargane Hamzah kuwi duwe kesenengan bubar mulih sekolah golek mlinjo klathak. Mlinjo klathak mau digunakake kanggo peluru plintheng menawa nggolek manuk. Asile manuk mau banjur dibakar lan dipa­ngan. Supaya ora panas anggone mbakar, manuk-manuk mau disunduk nganggo ruji pit.

Cerita iki ngelingake marang jamane isih cilik sing banget prasaja. Kulawargane Hamzah mau anggone ngisi wektu mung dolan sakenenge. Nalika ngancik dhiwasa, lan duwe pepinginan dodolan sate we­dhus, wiwitane bingung ora nduweni resep bumbu sing nyukupi.  Wusana malah nggunakake bumbu sakenenge, yakuwi satene di-klathak-ke.

Banjur, nganggo bumbu mung sake­nenge iki rasane terus kepiye? Aja kuwatir, arepa mung dibumboni bawang karo uyah, sate klathak iki miturut para ahli kuliner, malah nduweni kelas sing dhuwur. Ana sing ngarani kelase wis dadi ‘haute cuisine’, yaiku kelas paling dhuwur sing digoleki ‘pemburu’ kuliner ing jaman saiki.

 Zabidi iki generasi kaping loro saka kulawarga Hamzah sing saiki kabeh do­dolan sate klathak.  Sedulur-sedulur liyane saiki diteruske anak-anake. Ing Pasar Jejeran dhewe, kurang luwih 15 km sak kidul Kutha Yogyakarta, skejaba Zabidi  ana  ponakakne 3 sing uga dodolan sate klathak.  Ing antarane Bari, Jono, lan Khoiriyah.  Ka­beh laris. Kabeh nduweni pelanggan setiane dhewe-dhewe.

Sakjane Zabidi bisa wae gawe warung sing luwih jembar lan apik ing papan liya. Ananging, tekan saiki dheweke tetep milih magrok ing Pasar Jejeran. Wis tau, Zabidi duwe rencana pindhah, ananging rencana kuwi ora diolehake dening para pelang­gane. Menawa pindhah, para pelanggane kuwi kuwatir bakal kelangan sensasi, mangan sate sinambi lesehan ing pasar.

Warung sate klathak ing Pasar jejeran iki anggone bukak wiwit jam 5 sore nganti jam 2 bengi. Ananging sing padha jajan sate ora perlu kuwatir. Menawa pelangga­ne isih seneng omong ngalor ngidul si­nam­bi nglaras hawa bengi, Zabidi lan ponakan-ponakane mau saguh ngancani nganti esuk. Akeh pelanggane sing ngakoni, jajan sate klathak ing Pasar Jejeran kuwi pancen ngangeni lan numani.

Salah sijining pelanggan sate klathak Pasar Jejeran, Hatta Arif, saka Kotagede njlentrehake, meh seminggu pisan dhe­wek­e ‘nglathak’ ing Pasar Jejeran. Miturut Hatta, sing mbedakake ‘nglathak’ ing Pasar Jejeran lan papan liyane yaiku sensasine.

Malah, artis, seniman, lan selebritis sa­ka Jakarta uga tau ngiras jajan sate klathak ing Pasar Jejeran. Miturut Bari, wis ora kaetung maneh selebritis lan politisi sing dadi pelanggane. Ing antarane yaiku Butet Kertarajasa, Ahmad Dani, Garin Nugroho utawa Rieke Diah Pitaloka. Malah, saploke warunge ditekani Dian Sastro Wardoyo lan Nicholas Saputra ing film Ada Apa Dengan Cinta 2, warung Sate Klathak Pak Bari tan­saya kondhang.

“Malah, daging 50 kilogram sate sing adate entek jam 2 esuk, saiki jam 9 be­ngi wis gusis dilarisi pelanggan,” ujare Pak Bari bombong.

Kudu sabar lan tlaten nunggu giliran. Kanggo ngenteni satene diladekake, biasa­ne pelanggane lungguh lesehan, pesen teh ‘nasgithel’, gulane nganggo gula batu. Lung­guh klasa lesehan, swasane bengi sing tenang, lampune ora pati padhang, nyruput teh kenthel gula batu kemepyar dadi tansaya kebak sensasi. Ati sing sung­kawa dadi sumringah. (Agung Hartadi)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Lumakune wektu luwih cepet katimbang mlakune mega. Sing sapa kang wektune mung kanggo ngabekti lan ngibadah mring Gusti Allah, mula iku wektu lan umure kang satemene …

Klik

LUKISAN ING WULU

Wulu pranyata bisa dadi salah sijine media lukis kang eksotik banget. Nanging mung wong-wong tinamtu wae kang bisa nindakake, yakuwi wong kang telaten lan sabar jalaran lukisan edipeni iki ora gampang ditindakake sarta butuh ketelitian kang dhuwur banget. (d/ist)

Pethilan

Kanggo Asian Games, Indonesia kekurangan jaran level internasional

Sing akeh pancen kambing hi­tam…

Setya Novanto dianggep nuduhake tumindak kurang becik

Paribasan ngandhakake; tinggal glanggang colong playu!

Setya Novanto wusanane mlebu tahanan KPK

Ngenteni lelakon sabanjure