Duren
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 160 kali

Duren

 

SAIKI usume duren, duren kuwi woh-wohan sing paling larang timbang woh-wohan liyane. La piye yen woh-wohan kaya jeruk, apel, anggur iku yen tuku sak kilo isine luwih saka siji, dene duren ora kilon (bijen) wae regane larang.

Aku kelingan nalika isih dhines biyen, ana bakul duren jajal menggok neng sekolahan. Kanca-kanca padha mundhut, rencanane didhahar bareng ing kantor yen wis ngaso mengko. Bel ngaso muni, kanca-kanca padha arep mecah duren, la kok salah guru kakung asma pak U ngendikan, “Aku mambu thok ae ngelu sirahku!” banjur kanca-kanca pindhah golek nggon rada adoh karo kantor, nyang perumahan penjaga. Wis padha dhahar neng kono nganti meh entek, pak U dumadakan marani kanca-kanca langsung nimbrung melu dhahar duren.

Ya otomatis kanca-kanca langsung negur, “Ngendikane mambu ae ngelu pak?” karo isih dhahar duren pak U njawab, “aku lak omong nek mambu thok ngelu, nek mangan ora ngelu.” Kanca-kanca serempak njawab, “Wooo tiwas ngalih olehe mecah.”

Apatumon yen mambu thok ngelu yen maem ora. (Umi Harini-Bandar, Jombang)


Dandang Sabruk

 

Dhek aku cilik, aku karo masku ana ngomah dhewe ibu bapakku padha lagi gonggong (botohan) ana omahe tangga. Ora ana keperluan apa, apa mung wong sola kampungan seneng padha ropyan-ropyohan botohan cek lan liya-liyane. Bapak ibuku meh ora tau menang, ning kok seneng ya ora wong Sala kabeh mung dhaerah-dhaerah kumuh utawa kampungan sing riyel wonge.

Sore kuwi aku karo masku resik-resik terus niliki cething kothong, aku karo masku jajal-jajal olah sega. Ora kaya saiki bocah cilik-cilik bisa olah sega nganggo reskuker-nganggo listrik. Biyen nganggo areng, nganggo dandang sabruk, nggodhog wedang kanggo ngecor beras sing wis ana dandang yen ceret wis umob, dandang ya wis umob berase dicor wedang saka ceret. Bareng beras dicor, dandange muni blekethuk-blekethuk. Banyune mumbul kabeh, aku wedi dandang tak udhunake, banyune anjlog ndhuwur sat. Dandang tak engkrongake maneh, muni maneh blekethuk-blekethuk. Dak bolan-baleni isih panggah wae. Gregeden tak togake wae, tak tutup. Lha kok ngerti-ngerti sega ing dandang sangit, berase dadi bubur.

Apa tumon, karepe arep rewang-rewang, malah digeguyu. Tangga-tangga sing krungu padha teka lan uga padha nggeguyu. Iku dandang sabruk dudu dandang kyai dhuhda. Nuwun. (Eyang Risno-Ngringgo, Karanganyar)

 

 

Kepingin Duwe Motor

 

Edi Jayus iku bocah lanang mbarep, adhine wadon telu wong tuwane lanang dadi sopir warnenan. Dheweke kerep ngrewangi tangga cedhake, kanggo ngrewangi kulawargane supaya kendhile ora nggoling. Sanajan mangkono dheweke isih bisa celeng-celeng sethithik amarga duwe kepinginan, yaiku kepengin nduwe sepedha motor dhewe. Saben dina tansah mikir kepriye carane bisa duwe dhuwit kanggo “uang muka” kredhit sepedha motor.

Sanajan rada minggrang-minggring diwanek-wanekake sowan menyang Ibu Suparti arep matur manawa dheweke arep melu dadi anggota arisan PKK, sejatine arisan iku khusus kanggo wong wadon nanging dheweke nekat arep dadi anggota melu arisan. Saben wulan sepisan dianakake bebarengan arisan antarane ibu-ibu, dheweke uga melu lan wong lanang dhewe.

Sawise ngumpul lan cukup banjur matur karo Bu Suparti manawa arep njupuk tabungane dianggo njupuk kredhitan sepedha motor, nalika ditakoni karo sing nggawa tabungan kepriye anggone dadi anggota arisan? Wangsulane sajak ayem bae. Tabungan sithik bae lan liyane kanggo nyicil kredhitane, kala-kala wong tuwane lanang uga mbantu nyumbang cicilan.

Sepedha motor iku neng omah uga digawe wong tuwane lanang, nanging adhi-adhine wadon ora ana sing wani nguthik-uthik, kabeh padha ‘tau dhiri’. Sejatine Edi Jayus dhewe uga ora wani nglarang sapa bae, anggone numpak mung kanggo wira-wiri menyang papan-papan sing ora adoh. Amarga        nganti luwih saka setaun durung bisa golek SIM.

Manawa dikongkon menyang papan sing rada adoh, anggone mlaku mlipir-mlipir golek dalan sepi kuwatir yen kena Tilang. Yen lagi liwat dalan sing rada adoh dikandhani wong liya pinggir dalan ana cegatan Tilang, dheweke banjur mbalik golek dalan trabasan supaya aman.

Sawise mangkono, Edi Jayus disumbang lan diterake karo bapake menyang kantor Samsat sing adohe watara 15 km golek SIM. Gunane saliyane ayem uga tatag manawa sawayah-wayah arep lelungan nggawa sepedha motor. Katon glelang-gleleng menawa lagi numpak sepedha motor amarga wis duwe SIM, manawa ketemu kanca mesthi kena gojlog lan dicecenges, aja sembarangan briga-grigi ngaelingana nalika isih durung duwe SIM.

Wah-wah-wah…! Pancen hebat banget! Apa tumon, ora duwe SIM kok wis wani nggawa sepedha motor menyang ngendi-endi? Mesthi bae anggone numpak katon isih mingrang-minggring, mengko gek…mengko gek…! Lan, mengko gek…!!! (Sukip Djunairi-Kandangan, Kediri)

 

 



Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…