Macan Kembar (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 112 kali

Udan mau apa kowe wis ana kana?”

“Durung. Udan mau aku ngeyub ing plawanga­ning Macan Kembar.”

“Hah…dhewe?”

“Ora, Mas. Ora, sakjane ana apa ta? Pitakonmu kok padha karo pitakonane Soleh mau kanthi sajak kaget ba­rang?”

“Langka lho, Win, sing wani mandheg ing plawangan Macan Kembar. Apamaneh…”

“Ha…apa? Tembungmu iki uga padha maneh karo tem­bunge Soleh, Mas. Pleg.”

“Pleg piye ta?”

“Pleg ya pleg, ora gowang sithik-sithika. Terus Soleh uga kandha,  mung Mas Manut sing bisa crita ngenani bab iki.”

“Crita apa? Aku ra ngerti kok.”

“Ngene, Mas, ngretenana yen mau nalika aku ngeyub ing plawangan Macan Kembar, bareng karo kaki-kaki sing lagi momong buyute. Bocah wadon cilik cacah loro.”

“Piye? Kowe ngeyub bareng…”

“Iya.  Wis ta ndang cepet critowa. Aku penasaran banget, kena apa antarane Mas Manut karo Soleh sajak nguwatirake aku!”

“Ah, iya, iya. Kowe yen krungu ana cri­ta lelembut mesthi ngoyak bae, kaya wedi ketinggalan sepur. Mengko dhisik, aku daktakon, bebanten sing kok tulis ing critamu kae bener apa ora ta?”

“Ah, bener karo orane  crita kuwi  aku ora ngreti. Gamblange, sasi Sura wingi ing ngarep Pasar Sri Katon sing ora adoh karo Kreteg Kali Dhegolan, pancen mentas bae ana kacilakan nganti kurbane tume­kaning tiwas. Kurbane bakul tempe saka Desa Tersono, jenenge Supriyadi.”

Bareng krungu katranganku Mas Ma­nut kaya tumlawung pikire, dheweke katon unjal ambegan. Aku ora ngreti apa sing lagi dirasakake. Sawise meneng sawetara dheweke banjur crita sapa sabenere kaki-kaki sing lagi ngemong buyute kuwi.

“Sajatine,  kaki-kaki sing lagi momong bocah cilik loro kuwi ora liya panjalmane siluman macan,” mangkono Mas Manut miwiti critane.

Macan kembar minangka sesebutane pajaratan angker. Mapane ing Desa Am­-bar­binangun, ora adoh saka kutha cilik Ngambalrukmi. Dene, yen ana siluman ma­can ngaton ana ing papan kono, kena dipesthekake yen mentas bae ana raja­pati. Nanging sabab musababe rajapati iki ora ana sing ngerti, sing ngreti mung siji utawa loro. Kuwi bae ora wani crita ma­rang sok sapaa, gelem crita mung karo wong sing takon.

“Kaya kowe iki,  Win,” kandhane.

“Ah, iki crita bener apa mung ngaya­wara, Mas?” pitakonku marang Mas Ma­nut.

“Kowe takon, aku wangsulan. Ora usah kokehan tegesan mundhak ngeres, sing baku mengko kena kanggo bahan crita karanganmu Win. Kowe precaya kono ora ya kono, ngreti karepku ta?” wang­sulane Mas Manut sajak nggembol rasa was-was.

“Iya. Terusna bae critamu nganti ta­mat, Mas, takrungokake.”

***

Wingi sore, nalika wayah tibra layu, ana wong weruh…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…