Desa Abad Anyar (27)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 115 kali

Sawise pemilihan rampung lan Sindhi kapilih dadi kepala desa, Mursid bali meleng mikirake usaha mba-ngun desane. Mula enggal ngumpulake balane diajak ngrembug langkah sateruse.

Bareng wis nglumpuk ing kantor Uta­ma, Mursid wiwit aweh penjelasan, “Ka­dang-kadangku kabeh, nganti saiki Usaha Tani Maju wis mlangkah tekan tahap ka­ping loro, yaiku nganti karaharjaning war­ga kanthi njembarake usaha saliyane te­tanen. Ana usaha peternakan, perikanan, kerajinan werna-werna, bengkel, pertu­ka­ng­an kayu lan liyane. Kabeh wis mlaku, malah saperangan wis wiwit methik asile. Peternakan sapi lan perikanan tau kena musibah, nanging bisa enggal diatasi lan saiki wis mlaku maneh. Saiki wancine mlangkah marang tahap kaping telu. Dak­elingake maneh tembang Sinom Desa Abad Anyar wasiyate simbah.”

Mursid banjur nembang Sinom Desa Abad Anyar. Sawise rampung banjur ne­rusake katrangane, “Wasiat kang siningid ing gatra lima-enem-pitu nggayuh kara­harjan sarana mekanisasi lan pemekaran usaha wis kita leksanani lan sebagiyan wis bisa dirasakake asile. Nanging lestarine karaharjan iku mawa syarat kang siningid ing gatra wolu-sanga: asal ora padha lali rumeksa kapribaden lan budaya. Maksu­de, yen kita kabeh ora ngugemi lan ngu­pakara jatidhiri lan kapribadene bangsa­mu, karaharjan ora bakal dirasakake. Jati­dhiri lan kepribaden iku tansah sambung rapet karo budaya ing pangerten kang jem­bar.

Dakjupuk conto sing gampang wae. Sa­lah siji watake bangsamu iku gotong ro­yong guyub rukun. Yen watak iki luntur njur dadi masyarakat sing wargane egois, individualis lan materialis, mentingake awake dhewe, mikir butuhe dhewe, apa-apa ukurane dhuwit, apa uripe kepenak? Arep mantu kudu mbayar tenaga masang tarub, nata kursi lan laden tamu. Kesripa­han kudu mbayar wong ndhudhuk kuburan lan ngusung jenazah, omahe ambruk ke­tra­jang prahara kudu mba­yar tukang kanggo mbung­kari. Apa urip ngo­no iku raharja? Sejahte­ra? Saiki iki wis ana glagat tumuju mrono kuwi, mula mumpung durung kedla­rung ayo dituturi.”

“Carane, Mas?” ana sing takon.

“Kapribadening bang­sa iku sambung rapet karo budaya. Mula ayo padha nguripake budaya­ne dhewe sing saiki wis akeh ditinggal dening ge­nerasi mudha merga ke­pilut budaya manca. Ka­hanane bangsamu wektu iki wis gawat, Mas, wis nyamari. Yen lena bakal dadi bangsa sing ora ce­tha jati dhirine. Arep nga­ku Jawa ning ora ngerti gender-kempul. Omong Jawa wae ora teteh, ka­thik yen omong Jawa isin, kuwatir diarani wong ndesa, ketinggalan jaman. Arep ngaku wong Inggris ning ku­lite warna soklat. Njur arep ngaku bangsa apa? Rak ora cetha ta?

Iku ora mung dialami wong cilik lan bodho, sedheng sing wong pinter-pinter wae ya malah………………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…