Lemah Kopar
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 228 kali

Wis suwe anggone ngrancang tuku lemah kanggo ngge-dhekake usaha giling tahu lan tempe. Papan usaha tahu lan tempe sing dinggoni kuwi di­ra­sa tansaya rupak, krana pa­brik tahu cilik-cilikan sing diwi­witi sepuluh taun kepungkur mau saiki maju banget.

Kebeneran, lemah sisih lor pabrik duweke Mbah Jikem dita­wakake kanthi rega luwih mu­rah tinimbang liyane. Gek pang­gonane cedhak pisan. Mesthi wae Karsono kepengin banget nduweni lemahe  Mbah Jikem sing wis ditinggal anake me­nyang Lampung kuwi.

“Lajeng regi saben runipun pinten, Mbah?” takone Karsono marang randha tuwa kuwi.

“Umumipun kemawon pin­ten, kula mboten ngertos rere­gen siti, Pak,” Mbah Jikem blaka.

“Ooo, nggih,” kandhane Kar­sono karo ngetokake cathetan saka kan­tong clanane. Sawise orat-oret ana kertas limang lembar mau Karsono omong ma­neh, “Tigang yuta, Mbah regi ingkang umum.”

“Kula manut kemawon, Pak.”

“Saderengipun nyuwun ngapunten, Mbah. Menawi cocog, kula nyuwun wekdal sawatawis kangge mbayaripun,” Karsono nambahi.

“Keleresan, Pak. Kula nggih betah rem­bagan kalihan yoga kula ingkang wonten Semantrah rumiyin.”

“Sumatra, Mbah”, Karsono mbenerake.

“Nggih  niku,” ujare Mbah Jikem.

Wengi candhake, Karsono gragapan tangi nalika mentas wae jam tembok muni ping rolas. Kringet gobyos njedhul saka pori-pori sakujur awake. Ambegane kreng­gosan, kaya mentas wae diburu dhemit.

“Ana tenger apa iki, kok aku ngimpi di­uber-uber wong sing nggawa tali abang. Tali sing nalika disabetake lemah ndadek­ake lemah mau kobong mulat-mulat?” Kar­sono takon jroning ati. Dhadhane sisih kiwa krasa panas, rasane kaya ana sisa kopare geni ing alam pangimpen mau.

Telung wengi sabanjure impen medeni mau teka maneh. Malah pawongan sing marani dheweke luwih medeni dibandhing sadurunge.

“Ngati-ati kowe!” ancaman pawongan brewok, rambut mawut-mawut, siyung mri­ngis, siyap arep nglethak dheweke mau. “Yen kok terusake anggonmu tuku lemah, kowe bakal nemahi bilahi. Eling-elingen pesenku iki!” sambunge pawongan klambi abang mbranang iku.

Apa sing mentas dialami mau dening Karsono banjur ditakokake Kyai Bajuri, ula­ma mumpuni saka Desa Susuh Bango. Sa­ka kyai sepuh sing nduweni kawaskithan mau Karsono lagi mudheng menawa ing awale taun seketan, lemah sing arep ditu­ku kuwi tau dipanggoni Mbah Gambyong Jeprak.

Mbah Gambyong Jeprak kuwi sawiji­ning dhukun ngelmu ireng sing……………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…