Kasudibyane kang Namur Laku (6)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 136 kali

Sadurunge mubeng rondha, wong papat klebu pawongan neneka mau padha ngrahapi puluran tela godhog, uwi lan jagung godhog. Jan nyamleng banget, kathik ngombene wis ana kendhi cumawis ana cakruk kono. Wong neneka ora wigah-wigih mangan suguhan ndesa iku merga kejaba wetenge ngelih, uga ing katumeng-gungan ora tau tumon panganan ngono-ngono kuwi. Mula anggone mangan jan dirasakake temenan.

“Hayo ndang mubeng rondha. Bar mangan puluran malah ngantuk mengko yen ora enggal mubeng. Ayo mubeng, ca,” abane Danu marang para rowange.

“Ayo, Kang. Mangga Ki Sanak, tumut mubeng. Kersane sumerep kawontenan dhusun ngriki.” 

“Mangga, kula purun,” ucape pawongan kasebut.

Wong rondha telu padha nggawa kenthongan cilik saka bumbung pring, dithuthuki mawa wirama karo gugah-gugah kang lagi turu, thik thik thug, thik thik thur. Thik thik thug, thik thik thuurr…”

“Yu Ginem, tangi, Yu. Kang Parno, tangi!”

Tumrap sing digugah banjur mangsuli saka njero, “Meleek!”

“Kang Paimo, melek, Kang!”

Saka njero omahe warga kang aran Paimo keprungu wangsulan semu watuk, “Uuhuk, uhukk. Iya, aku wis melek!”

“Jane Kang Paimo kuwi penyakite apa, kok watuk kawit biyen ora waras-waras,” grenenge Danu.

“Iku ngono dudu penyakit, watuk tuwek.”

“Lha nek awake dhewe njur watuk, iku watuk apa?”

“Ya watuk rondha.”

Sing rondha mbacutake laku karo nuthuki kenthongane. Tekan sawenehe omah, tetelune krungu wong wadon setengah rada mbengok, malah dibarengi tangise bocah kang kepiyer. Jebul sing lagi rewel anake Darmi.

Wong neneka kuwi tanggap marang apa kang dumadi, mula ngajak mandheg kang lagi rondha.  “Mangke riyin ki sanak, kok sajak wonten ingkang kedah ditingali sing saweg bingung larene nangis punika. Mangga kendel dipun tingali.”

Kepeksa wong telu mau mandheg banjur nilingake swara tangis saka njero omahe Darmi kuwi. Biyunge nganti bingung anggone ngeneng-eneng, “Mbok wis meneng ta, Ngger, gek bapakmu ora ana omah pisan.”

Pawongan neneka kuwi banjur marani omahe Darmi, nothog lawang karo nyuwara, “Ngapunten Yu, sampeyan bikak lawange. Niku yogane kok nangis mawon wonten napa?”

Sing lagi mbingungi kang pancen mbutuhake kanca, merga sing lanang ora ana omah, terus wae mbukak lawang karo celathu, “Mangga, sampeyan sinten kula kok dereng tau tumon? Napa kancane sing saweg rondha niku?”

Tanpa mangsuli, tangane pa­-wongan neneka mau kumlawe ngusap bathuke bocah sing nangis wae kuwi. “Wah, punika yogane benter sanget Yu,” ujare.

Ngomong ngono karo tangane  rogoh-rogoh…………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…