Tradhisi Unik Masyarakat Toraja Sawise Panen
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 27 kali

Tani ngono mujudake salah siji penggaweyan kang mbutuhake tlaten lan sabar kang gedhe banget. Suwene anggone ngecakake tlaten lan sabar tumrape pawongan kang nduweni gaweyan tani ditindakake wiwit saka tandur nganti tekane panen. Mulane ora nggumunake yen tandurane bisa ngasilake kaya sing dikarepake, para petani mau banjur nggawe adicara syukuran kanggo ngesok  rasa syukure. Kahanan sing kaya ngene iki wis dadi tradhisi ing Indonesia.

 

Indonesia mujudake negara kesatuan sing ing njerone dumunung maneka suku, bangsa, ras, lan agama. Ora nggumunake yen masyarakat Indonesia kang nduweni pakaryan dadi petani duwe maneka cara kanggo ngetokake  rasa syukure marang asil panen kang ditampa. Salah siji kang kapetung unik lan arang ditemokake ing dhaerah liyane yaiku tradhisi sisemba duweke wong Toraja.

Tradhisi sisemba kagelar ing Desa Kande Api, Kecamatan Tikala Rantepao, Kabupaten Toraja Utara, Sulawesi Utara sawise panen raya ditindakake. Sing oleh  melu tradhisi Sisemba iki mung kaum priya wae. Dene kaum wanitane nduweni kewajiban nggawa peong, sajinis dhaharan sega sing dimangsak kanthi cara dilebokake ing njero pring. Dhaharan iki mujudake dhaharan khas masyarakat Toraja. Dhaharan sing digawa dening kaum wanita iki bakale didhahar bareng sawise sisemba rampung ditindakake.

Sadurunge sisemba ditindakake ing adicara syukuran kasebut. Luwih dhisik sesepuh desa menehi wejangan ngenani kepriye carane olah tetanen sing becik manut peraturan adat masyarakat Toraja, lan eloke aturan kasebut tekan seprene isih ditrepake dening masyarakat Toraja.

Sawise kuwi adicara syukuran dibacutake klawan anane beksan ma’gallu kang ditindakake dening sawijing kenya. Beksan kasebut nduweni makna nyuntak  rasa syukure warga merga wis diparingi panen kang mbruwah. Bareng beksan rampung, banjur dibacutake kanthi tradhisi nabuh lesung sing ditindakake dening kaum priya.

Para kaum priya iku mau anggone nabuh lesung sakayange lan isih dibarengi kanthi jogedan, sarta pambengok sora sing isine aweh semangat khas masyarakat Toraja. Ana kapitayan yen tumindak kaya ngene iki bisa ngusir ama saka sawahe petani Toraja. Perangan adicara iki asring sinebut ma’lumbuk. Ing kalane para priya nabuh lesung, kaum priya liyane padha cepak-cepak kanggo nindakake puncak saka adicara syukuran kang sinebut sisemba.

Bareng kabeh persiapan lan peserta wis dianggep siyap kabeh. Tradhisi sisemba sing tansah diantu-antu banjur diwiwiti. Akehe kaum priya sing melu sisemba iki cacahe bisa atusan. Lan senajan saben taune tradhisi sisemba iki akeh mangan korban, nanging tradhisi iki isih lestari tekan seprene. Geneya dikandhake tradhisi sisemba bisa akeh mangan korban? Kahanan iki disebabake tradhisi sisemba mujudake tradhisi adu jejegan kang ditindakake dening kaum priya ing Toraja saben wayah panen raya teka.

Sajroning tradhisi sisemba iki, wong lanang sing nindakake diperang dadi rong kubu sing padha memungsuhan. Lan saben kubu kudu ngupayakake supaya mungsuhe akeh sing njungkel merga kena jejegane. Senajan sisemba iki mung sawates adicara tradhisi, nanging anggone njejeg ora baen-baen. Kabeh cara ditindakake amrih mungsuhe bisa ambruk kanthi jejegane. Kahanan sing kaya ngene ndadekake wong sing sakubu pasang-pasangan supaya bisa ngasilake jejegan sing paling rosa.

Masia tumrape wong njaban Toraja tradhisi iki kapetung anarkhis, ana peraturan sing ora kena dilanggar. Wong sing nindakake tradhisi iki yen weruh mungsuhe wis ambruk lan nyerah. Wong sing wis nyerah iku mau ora kena diganggu lan kudu ninggalake arena sisemba. Kejaba kuwi kabeh wong sing melu ing tradhisi sisemba iki, embuh iku sing pihak menang lan pihak sing kalah ora oleh nduweni dendam marang siji lan sijine. Apa sing dumadi ing tradhisi sisemba dianggep wis rampung kalane tradhisi syukuran panen raya iku rampung.

Kagelare tradhisi sisemba iki ora mung adu okol wae. Ing sawalike jejeg-jejegan iku ana pesen sing isine ngajak masyarakat gelema njunjung sportifitas lan tatag anggone ngadhepi ‘atosing’ kasunyatan sing ana mangsane ora padha kaya kang dikarepake.

Saliyane iku ana uga penganggep yen tradhisi iki kagelar kanggo tulak bala. Warga akeh sing percaya yen tradhisi iki ora ditindakake, warga bakale ngalami gagal panen. Dene yen tradhisi iki tetep ditindakake warga percaya yen ing taun ngarep. Warga bakal diparingi maneh panen kang nyenengake.

Ing tradhisi iki masia oleh njejeg nganti mungsuhe ambruk, nanging sing melu tradhisi iki kudu golek mungsuh sing saukuran. Kahanan iki disebabake sing melu tradhisi iki ora mung wong priya sing wis dhiwasa wae. Bocah-bocah cilik uga akeh sing melu tradhisi iki. Ing tradhisi iki wong diwasa mung diolehi mungsuh wong sing wis diwasa lan bocah cilik uga kudu mungsuh bocah sing isih cilik.

Kejaba kuwi wong sing melu tradhisi sisemba iki uga ora entuk njejeg perangan vital saka mungsuhe. Aturan iki kudu ditindakake supaya sing dadi mungsuhe ora nganti mati merga kena jejegan kalane nindakake tradhisi sisemba. Ora mung iku wae. Emosine pawongan sing melu tradhisi sisemba iki uga kudu jinaga. Awit sing konangan jejegane kekasaren lan konangan nganggo tangan kanggo nglumpuhake mungsuhe. Pawongan kasebut dening sesepuh adat bakal ditokake saka papan kanggo nggelar sisemba. Uwal saka sarujuk utawa orane marang tradhisi iki, anane tradhisi sisemba mujudake kearifan lokal duweke bangsa Indonesia kang kudu dilestarikake.

(Sinung S)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Lumakune wektu luwih cepet katimbang mlakune mega. Sing sapa kang wektune mung kanggo ngabekti lan ngibadah mring Gusti Allah, mula iku wektu lan umure kang satemene …

Klik

LUKISAN ING WULU

Wulu pranyata bisa dadi salah sijine media lukis kang eksotik banget. Nanging mung wong-wong tinamtu wae kang bisa nindakake, yakuwi wong kang telaten lan sabar jalaran lukisan edipeni iki ora gampang ditindakake sarta butuh ketelitian kang dhuwur banget. (d/ist)

Pethilan

Kanggo Asian Games, Indonesia kekurangan jaran level internasional

Sing akeh pancen kambing hi­tam…

Setya Novanto dianggep nuduhake tumindak kurang becik

Paribasan ngandhakake; tinggal glanggang colong playu!

Setya Novanto wusanane mlebu tahanan KPK

Ngenteni lelakon sabanjure