Diklat Ngguyu
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 173 kali

Alih profesiku saka panggurit dadi pemilik mesisan manajer sawijine lembaga dhiklat sing bonafid sejatine ora dakjarag. Ewase­mo­no kabeh mau ora tanpa se­bab. Sebabe merga profesi­ku minangka panggurit wis cures, gulung klasa!

“Mbokmenawa guritan-gu­ritanmu wis ora njamani. Mulane disingkiri redhaksi,” cluluke Irul.

“Biyen kaya apa, saiki kaya apa?” aku mbela awak, “Wiwit telung puluh taun kepungkur cengkok guritanku ya kaya ngono. Aku kudu konsisten karo gaya guritanku.”

“Apa kena cekal?” pang­gra­yange Tohari.

“Kena cekal? Luputku apa? Guritanku ora nate ngandhut sara. Ora nata nyebar ujaran kebencian.”

“Apa duwe luput karo re­dhaksi?”

Aku gedheg.

“Jerone segara kena dikira-kira, jero­ne ati menungsa sapa sing ngerti.”

Aku ora mangsuli. Nanging aku ora ngiyakake. Rumangsaku, aku ora tau ga­we luput marang redhaksi majalah sing takkirimi naskah. Lumrah ing sawijine pasrawungan utawa patemon ana beda panemu. Nanging iku ora kena kanggo ale­san thukule wiji-wiji kesumat sajro­ning ati. Awit anane beda panemu ora ana liya kang­go mekar lan nangkarake kawruh.

Atiku perih keranta-ranta. Kelingan welinge para sepuh sing saiki wis murud mring kasidan jati. Pak Moechtar, Tamsir AS, Suparto Brata, Esmiet, Suripan Sadi Hutomo, Poer Adhie Prawoto, Anjrah Lela­na Brata… Kabeh nate wanti-wanti, se­najan aku sugih utawa dadi pejabat supa­ya ora ninggalake sastra Jawa, su­paya tetep nulis geguritan. Wasiyat iku, nganti saiki tetep takgegem kenceng. Buk­tine, repota kaya ngapa, aku tetep nyelakake nulis.

Nanging bareng kaya ngene dadine, bareng guritan-guritanku sasat mung dadi lebu ing planet Mars, apa sing kudu daktindakake?

Nengah-nengahe ngrasakake bruwe­ting ati, Pak Narko, ketua RT-ku rawuh karo ngirid Niken, putrane sing sekolah ing SMP.

“Mas Ragil, dingapura yen sowanku ngganggu,” pambukane sawise dakaturi lenggah.

“Dospundi, Pak?”

“Iki lho, anakku arep melu lomba ma­ca geguritan. Tulung dilatih. Mas Ragil rak pengarang. Mesthi bisa.”

“Wadhuh, Pak. Pengarang niku riyin. Samenika sampun mboten saged nyerat.”

“Wis ta, pokoke aku nyuwun tulung.”

Aku ora bisa endha. Niken banjur tak­gladhi maca geguritan. Olehku nggladhi ora mung adhedhasar teori-teori sing ana, nanging uga miturut rasa-pangra­sa. Dhasar bocahe duwe bakat, mula ka­beh arahanku bisa ditampa lan ditindak­ake kanthi sampurna. Lan cekake crita, Niken bisa nggayuh juwara siji.

Setengah wulan saka kasile Niken da­di juwara siji lomba maca geguritan, aku karawuhan………

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane