Kasudibyane kang Namur Laku (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 31 kali

Lagi tekan tengah-tengahe laku, Bondhas sing kawit mau tansah nguwatirake barange alok, “Ki Demang, manah kula tetep sumelang. Mangga wangsul mawon, barange di­pendhet mawon, dipindhah ten pundi sing langkung aman.”

Ki Demang suwe-suwe uga mikir, engko gek omonge Bondhas mau kok ya ana benere. Mula Ki Demang banjur aba marang kabeh rowange supaya balik kucing menyang panggonan se­kawit.

“Ayo bali maneh, ndang tumandang timbang kaselak kedhisikan ana sing ngonangi barang-barang mau. Nek nganti klakon ana sing ngonangi tenan, desane dhewe bakal dakgawe karang abang! Delengen wae mengko.”

“Nggiiihh, mangga wangsul malih, Ki,” meh bareng kabeh ngetutake jang­kahe Ki Demang mbalik dalan, merga pi­kirane menyang barang kang disingid­ake ana sangisore dhingkel. Barang kang ajine ora kena diukur nganggo apa wae mungguhe Ki Demang sakanca. La­kune persasat mlayu, kadereng ku­watir barange ilang.

“Bedhes elek iku tibake isih ana ke­ne, pancene menus gendheng,” aloke Bondhas sumurup wong neneka mau  isih mlungker ing lincak.

Senajan ketoke turu angler, nanging sejatine wong neneka kuwi tetep ngu­ping lan uga tetep waspada. Dheweke kepengin meruhi apa kang ditindakake dening wong-wong kang wateke kasar kuwi.

“Wis saiki enggal tumandanga ga­we! Barang-barange digawa menyang omahku sing suwung kae bae dhisik. Embuh kepriye carane sing baku enggal didadekne dhuwit. Dene sing wujud dhu­wit dakgawane bae.”

Kabeh mung manut pratikele Ki De­mang, ora ana sing wani nyenthulani, “Nggiiihhh, sendika Kii.”

Tanpa diweruhi dening paraga-paraga kasar iku, pawongan neneka kang turu mlungker mau uga samapta. Nanging sa­maptane wong sing kepengin gawe ka­becikan, ngentasake kasangsarane ka­wula alit kang bandhane dijarah-rayah dening wong-wong duraka kuwi.

Sakabehe ngelmu kang disuntak gu­rune marang dheweke, ana ngelmu siji kang pethingan lan uga wadi banget. Ka­beh siswa padhepokan ora ana sing me­ruhi, merga kuwi ngelmu kang ora saben wong bisa nguwasani tur bakal bisa mbi­laheni menawa disalahgunakake.

Pawongan neneka kuwi sumelang gek-gek mengko kawula cilik kang dadi sasaran ngamuke benggol kecu kuwi sawise su­murup lamun barange ilang. Mula saduru­nge para kang tumindak culika kuwi tu­mandang, wong neneka iku mlorot saka lincak banjur alon-alon sila ngedhepes karo ngeningake cipta. Ngilangake babahan hawa sanga, madhep manther marang Hyang Tunggal nyuwun palilah.

Wusana lap, ana cahya kumerlap mle­bu anggane. Awake krasa panas kaya di­obong, nanging mung sedhela. Lan tanpa dikawruhi dening para durjana mau, wong neneka kuwi wis tumandang gawe cekat-ceket prasasat kaya sakedheping netra sagebyare thathit kabeh wis beres.

Tan kocapa, sing padha wiwit tu­mandang mbrengkali dhingkel sakala……………….

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane