Tradhisi Lalamaran Ing Sumenep
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 44 kali

Wilayah Sumenep sawise jaman kerajaan Singosari utawa nalika raja Kertanegara ngasta pusaraning adil (1268-1292), dipimpin dening Aria Wiraraja utawa Aria Banyak Wide. Ing jaman awale pamarentahan kerajaan Majapahit, Aria Wiraraja tansah sabi­yantu Raden Wijaya, pungkasane dhe­weke diwenehi panguwasa ing Luma­jang. Sumenep banjur dipimpin dening Aria Bangah, kang keratone ana ing Desa Benasareh, Rubaru (Sumenep). Saban­jure pimpinan diganti dening putrane kang asma Aria Danurwendo kang ndu­weni gelar Lembusuranggono, keratone dipindhah menyang Desa Tanjung, dhaerah Bluto. Kanthi kisah singkat iki bisa dikandhakake yen wilayah Sumenep wis ngleboni peradaban dhuwur ing abad ka-13.

Crita Jakatole kang nduweni gelar Pangeran Secadiningrat III (watara taun 1415) wektu iku diserang dening Cina kang dipimpin dening Sampo Tua Lang. pasukan Cina dicritakake bisa numpak prahu ing laut (segara) lan ing dhuwur gunung (ing antarane bumi lan langit). Pasukan tentara Cina bisa dikalahake dening Jokotole kang numpak kuda terbang (jaran sing bisa mabur). Pung­kasane krana crita iki lambang pama­rintahan Kabupaten Sumenep banjur “kuda terbang”. Sumenep makili Madura brang wetan wis kenal tradhisi sastra lisan (tutur) lan tulis. Salah siji ing anta­rane kasebut yaiku tradhisi “lalamaran”.

Lalamaran asale saka tembung lamar kang ateges nglamar (nglamar kenya). Lalamaran kang dimaksud ing kene yaiku prosesi (kegiatan) saka pihak kulawarga priya kang nglamar sawijining kenya (anak saka pihak kulawarga liya). Lalamaran isih akeh diprangguli ing maneka desa ing wilayah Sumenep, ning sing arep penulis aturake ing kene mung tradhisi lalamaran ing Desa Lebak kang dununge udakara 40 km tumuju arah ngalor kutha Sumenep (wewatesan karo Kabupaten Pamekasan).

Sadurunge acara pokok yaiku nglamar kenya, adate kudu ngliwati urut-urutan tata cara sing ora bisa ditinggal­ake, yaiku: ngin-angin, arabas pager, lan lalamaran. Ngin-angin, kegiatan awal golek informasi bab jatidiri si kenya, kegiatan iki biasane ditindakake dening kerabat si Jaka. Arabas pager, sawise kegiatan awal diliwati, yaiku in­for­masi yen si kenya durung duwe tuna­ngan, pihak kulawarga sing arep ngla­mar nggunakake jasa wong liya kanggo ngandhakake rencana lamaran. Lala­maran yaiku kegiatan pihak priya ngla­mar si kenya marang wong tuwane. Aca­ra lalamaran iki biasane bisa dilek­sanakake kanthi lancar, sebab wis dilek­sanakake pendekatan utawa PDKT luwih dhisik antarane pihak kekarone.

Wondene acara pokoke yaiku per­siapan lalamaran, pihak kulawarga kang nglamar nyepakake peralatan sing bakal dipasrahake menyang pihak kulawarga sing dilamar (kulawarga si kenya). Per­siapan sing dimaksud yaiku: teknis bakal busana penganten wanita, perhiasan, peralatan rias lan liya-liyane kang sinebut “panyengset” (ing Tulungagung panying­set). Pihak kulawarga kenya nyepakake sesuguhan ing wektu upacara lamaran lumaku, biasane diestreni sanak kadang lan tangga teparo.

 

Tatacara Upacara

Pihak kulawarga pelamar (priya) ngu­lemi kerabate lan sesepuh sing disiapake kanggo nglamar ing omahe wong tuwa wanita sing dilamar. Kejaba perbekalan “panyengset” ubarampe liya sing disiap­ake yaiku: suruh jambe (godhong suruh sing nduweni makna pangiket, woh jam­be kang nduweni makna penet (setia) lan gambir-kapur kang nduweni makna si kenya wis “rapet”, wis ora nampa priya liya. Gedhang susu nduweni makna sim­bolis yen si jaka sing “rapet”, wis ora nam­pa priya liya. Gedhang susu nduweni makna simbolis yen si jaka sing nglamar wis kesusu arep mbangun balewisma.

Dina pelaksanakane lamaran ditetep­ake dening pihak kekarone. Pihak pela­mar lan kulawargane nganggo busana adat tumuju menyang omahe kenya sing arep dilamar kanthi iringan tetabuhan tradhisional. Busana adat sing dimaksud yaiku senek kanggo para sesepuh, kenya sing arep dilamar kanthi busana kebayak lan sarung bathik pesisiran.

Rombongan tamu pelamar ditampa ing ngarep lawang omah wong tuwa sing dilamar, ing kono dianakake dialog ing antarane wakil pihak kekarone, kang sinebut “panonggul” utawa “pengada”. Ing dialog kasebut dikandhakake maksud tekane para tamu (saka pihak pelamar). Acara dibacutake kanthi enyang-enyangan kanthi nggunakake dhuwit klithik sing disimpen ing bokor kuningan. Pihak kulawarga kenya ngetung dhuwit klithik sing dikarepake, cara masrahake dhuwit klithik dilebokake menyang bokor kuningan kang wis disiapake. Nalika nglebokake (nyeblokake) dhuwit klithik biasane ngetokake swara banter. Nilai (gedhene nominale) dhuwit klithik nemtokake banget status sosiale pihak kulawarga si kenya.

Sapungkure acara ing dhuwur, rombongan pelamar diaturi mlebu ruang tamu. Dialog utama ing antarane pi-              hak kekarone yaiku nemtokake dina, tanggal, wulan, lan taun perkawinan pasangan calon penganten (ing Tulungagung acara kethak dina). Ing wektu iku uga dianakake acara per­kenalan para sesepuh, wong tuwa lan kerabat saka pihak kekarone. Kanthi mangkono pihak sing dilamar lan sing nglamar padha kenal karo kerabate lan calon maratu­wane.

Pungkasane upacara yaiku silaturah­mi antarane pihak kekarone, sapung­kure acara kasebut pihak kulawarga pelamar nyuwun pamit diiringi tetabuhan tradhisional srenen.

(*)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane