Relief Karaton Surakarta Akeh Sing Durung Dimangerteni Werdine
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 38 kali

Sasuwene iki riset ngenani sejarah apadene makna filosofis struktur lan we­wangunan karaton-karaton Jawa penerus Mataram Islam – Kasunanan Surakarta, Kasultanan Ngayogjakarta, Pura Kadipaten Mangkunegaran, Pura Kadipaten Pakuala­man – wis asring ditindakake. Sejatine saliyane aspek-aspek kasebut isih ana bab-bab sing perlu antuk kawigaten. Maneka relief ing Karaton Surakarta, upamane, kena diarani isih arang, utawa kepara ma­lah durung tau dirambah dening para pa­na­liti. Lumrah menawa akeh-akehe relief-relief kang ngrenggani tembok-tembok karaton ing panggonan tinamtu mau du­rung dikawruhi werdine engga seprene.

Beda karo panil-panil relief pecandhen sing umume tinatah neng watu andesit, relief ing Karaton Surakarta nggunakake adonan lepan tembok arupa pasir, kapur gamping sarta bubukan bata abang. Jaman madege Karaton Surakarta kira-kira awal abad 18, semen durung ana. Relief-relief mau uga disungging maneka warna, eng­ga luwih trep yen disebut lukisan timbul. Iki mbokmenawa kena diarani mujudake seni lukisan timbul sepisanan saindhenge  tanah Jawa.

Ing Kori Kamandhungan lan Sri Ma­ngan­ti wae sethithike tinemu ana 12 relief gedhe cilik. Gunggung kasebut bisa wae tambah maneh, awit ora tinutup kemung­kinan isih akeh relief liyane sing durung di­ka­wruhi umum marga dumunung neng ruwang lan bangsal-bangsal sakral seng­­ke­­­ran kang pancen ora saben uwong, kepara sentana dhewe, dikeparengake mlebu.

Kamandhungan saka tembung man­dhung, tegese mandheg. Biyen fungsine kanggo leren lan nglumpuke para bupati sa­durunge marak seba nata. Wujud we­wa­ngune arupa teras amba, lan lawang cacah telu – sing tengah ukurane paling ge­dhe – werna biru, inep modhel kupu tarung. Kori Kamandhungan mujudake akses utama menyang njeron kedhaton saka iring lor. Saiki kori-kori mau luwih asring tutupan, lan nembe dibukak mung yen karaton duwe perlu. Kamandhungan kalebu ruwang profan. Tegese, terbuka kanggo umum. Wayah tengange biyasane akeh warga padha ngeyup lungguhan neng undhak-undhakan teras. Wisatawan uga bebas foto-fotonan ing kene.

Sandhuwure kori tengah tinemu relief lumayan gedhe. Ukurane kira-kira 5 x 2 me­teran. Relief didominasi werna ireng engga kesane dadi peteng. Nggambarake maneka jinis gegaman perang, kaya ta tumbak, pethel, wedung, keris, sabet, sar­ta tunggul-tunggul gendera. Kajaba kuwi uga katon alat tetabuhan Jawa, ing antarane kendhang bem, lan kenong. Pener tengah ana tameng mawa gambar  srengenge, rembulan tumanggal, sarta lintang, kinupeng stilisasi sulur sarta lung-lungan.

Sing narik kawigaten gegaman-gegaman tradisi mau dikombinasi karo sepasang mriyem sakmimise pisan, jinis senjata modern-e bangsa sabrang kala se­mana. Pengaruh unsur-unsur Barat lu­wih kacetha maneh kanthi anane pepethan crown pas sandhuwur tameng. Crown uta­wa mekhuta mawa pucukan – Jawa, nya­mat – wangun palang, cetha nglambang­ake kekuwasaan raja-raja Eropa. Tuwuh pitakonan, apa maksude kabeh mau?

Ujaring kandha relief ing Kamandhu­ngan iku Sri Makutha Raja, simbol Karaton Mataram. Mung, yen migatekake pepethan lintang, mbulan dalah srengenge sajrone ta­meng, aloking ngakeh kang ngandhak­ake Sri Makutha Raja mujudake simbol ka­raton kuna, perlu ditlesih maneh luwih premati. Alesane, unsur alam arupa lintang (sudama), rembulan (sasangka), lan sre­-nge­nge (surya) nembe muncul nalika era kekuwasaane Sinuhun Pakoe Boewono (PB) X (1893-1939), watara telung abad sawise madege Mataram Islam.

Minangka pancadan kanggo manger­teni mungguh piye benere, relief Sri Maku­tha Raja luwih dhisik perlu dibandhingake klawan relief sairip kang ana sandhuwure Kori Sri Manganti sing dumunung neng sa­kidule Kamandhungan. Jumbuh karo arane Sri Manganti iku papan paleremaning tamu-tamu kinurmat karaton nunggu miyose sinuhun.

 

Sengkalan Memet        

Manut cathetan, Sri Manganti, cakrik limasan Semar Tinandhu lan Kamandhu­ngan kuwi yasane PB III, taun 1685 Jawa (1759 M). Bedane Sri Manganti mung ri­nengga lawangan tunggal. Taun 1718 Jawa (1792 M) kekarone bangunan iki disampurnakake dening PB IV. Saka segi corak arsitektur, nganti werna cet, ornamen pilar, sarta pola keramik tembok ngisor kena disebut jebles. 

Semono uga relief sandhuwure Kori Sri Manganti sisih njaba sena­pas karo relief Kamandhungan. Mung isen-isene rada beda. Relief Sri Manganti dijangkepi bedhil lantakan, pedhang ngamanca, lan umbul-umbul kang ora tinemu neng Kamandhungan. Pepethan surya, sasangka, sudama dijangke­pi paku tumancep ing globe utawa atlas. Wengkone ora tameng ma­neh, nanging untir-untiran werna emas wangun oval mawa sepa­sang lar. Iki sing dimaksudake cetha yen Sri Radya Laksana, wapen alias emblem Karaton Surakarta reriptane PB X.

Relief Sri Manganti, jare saweneh sum­ber, dudu mung lukisan timbul saderma kanggo pasren. Nanging mengku surasa sengkalan mamet ‘Sanjata Kasarira Rasa­ning Narendra’, kang ngrujuk angka 1685 Jawa (1763 M), taun dibangune kori iki dening PB III (1749-1788). Persoalane, yen pancen bener mengkono, kepiye mung­guh nalare unsur Sri Radya Laksana sing kepisah adoh jamane bisa disertakake jrone candrasengkala?

Kober disenggol sithik ing ndhuwur, Sri Radya Laksana kuwi mujudake gegamba­ran sarasilahe PB X, kang asal-usule saka Raden Mas Gusti Surya(putra), Raden Mas Gusti Sasangka, lan Raden Mas Gusti Sudama. Tetelune priyagung iki putra da­lem Sinuhun PB I, nata Kartasura, saka garwa prameswari Gusti Kanjeng Ratu Pakoe Boewono.

(1) RMG Suryaputra mengkone nglintir keprabon jejuluk Sunan Amangkurat IV, uga katelah Sinuhun Amangkurat Jawi. Panjenengane peputra RMG Prabayasa, di­wasane jumeneng nata          ngagem sese­bu­tan PB II. (2) RMG Sasangka (Gusti Pa­nembahan Purubaya), peputra putri RAj Suwiyah, kang sabanjure kapundhut garwa PB II. (3) RMG Sudama (KGPH Balitar), peputra RAj Wulan, kagarwa KGPH Mang­kunagara, raka dalem PB II. Saka garwa padmi RAj Suwiyah (Ratu Hemas), PB II peputra PB III. Dadi, PB III iki putu saka ngumpule garis Surya lan Sasangka. PB III sabanjure nurunake PB IV lan sapirute nganti PB IX.

Dene KGPH Mangkunagara kang nggarwa RAj Wulan, putri trah Sudama, peputra RM Sahid kang mbesuke jume­neng dadi KGPAA Mangkunegara (MN) I Sambernyawa. MN I peputra MN II, lan sateruse engga nurunake  KPH Hadiwijaya II. Panjenengane kapundhut mantu PB VIII, terus peputra RAj Kustiyah. Diwasane RAj Kustiyah kadhaup PB IX, lan peputra PB X. Tegese, garis saka telung trah: Surya, Sa­sangka sarta Sudama bali nyawiji ing dhirine PB X. Mula ing Sri Radya Laksana saliyane pepethan lintang, wulan tumang­gal, lan srengenge, uga ana gambar paku nancep ing atlas donya, simbol Pakoe Boe­wono X.

Dadi, mbaleni perkara ing ngarep, kena ngapa Sri Radya Laksana bisa kacetha jrone relief neng Kaman­dhungan apadene Sri Manganti – sing jare dibangun PB III lan disam­purnakake dening PB IV – jawabane ora ana maneh kajaba, relief leloro­ne mau mujudake tambahan, ya­sane Sinuhun PB X. Lire, pepethan Sri Makutha Raja apadene senga­kalan memet  ‘Sanjata Kasarira Ra­sa­ning Narendra’ nalika Kori Ka­mandhungan dalah Kori Sri Ma­nganti dibangun sepisanan.

Pitakonan bacute ngenani kom­binasi maneka gegaman tradisi lan modern minangka unsur pepethan relief, manawa pancen disengaja de­ning PB X kanggo njelasake situasi jamane PB III lan IV. Sawise Perjanjen Palihan Nagari (1755), kasusul Perjanjen Salatiga (1757), PB IV kang marisi wewengkon Karaton Surakarta sing mung kari separo tanah Jawa, adreng kepengin nyawijekake ma­neh bumi Mataram sawutuhe.  Niyat mau kadenangan Kumpeni, sing sabanjure ajak-ajak Sultan HB I sarta MN I  ngepung Surakarta. Digencet telung kekuwatan, PB IV wekasane teluk. Prastawa iki tinulis ing Babad Pakepung.

Kajaba relief Kamandhungan sarta Sri Manganti, satemene isih akeh relief-relief liyane sing uga durung kinawruhan makna­ne. Sebageyan bisa dipirsani gambare ing kene. Mbokmenawa ing antarane para pamaos PS ana kang pirsa werdine relief-relief kasebut kersoa nambahi andharan. Matur nuwun sadurunge.

 

Pakne Puri

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane