Iktikaf ing Masjid Pesucinan Syekh Maulana Malik Ibrahim
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 125 kali

Ing desa Leran  kecamatan Manyar Gresik, ana bangunan masjid kang ke­petung tuwa umure. Manut Abdurrah­man (60) salah sijine pengurus masjid utawa takmir, masjid ing desa Leran iki dibangun dening Syekh Maulana Malik Ibrahim nalika tahun 1328 Masehi. Umure tumekaning saiki wis 689 taun. Mas­jid iki dijenengi padha karo paraga kang mbangun yakuwi masjid Syekh Maulana Malik Ibrahim. Nitik umure kang wis meh ngancik pitung atus taun, mas­jid iki banjur dipercaya kagolong salah sijine masjid kang umure paling tuwa ing wengkon pulo Jawa. Masjid mau ngan­ti tumekaning dina iki isih ajeg dadi papan kanggo ngibadah sarta kegiyatan liyane utamane syiar Islam tumrap umat mu­slim warga desa lan sa­kupenge.

Syekh Maulana Malik Ibrahim miturut crita ba­bad, nalika teka sepisanan me­nyang tanah Jawa ndha­rat ing sawijining wewengkon pesisir lor watara 15 kilo­meter prenah sakulone kutha Gresik saiki. Papan ndharate Syekh Maulana Malik Ibrahim kuwi diarani Tambak Pang­kalan Leran, kang saikine wis malih dadi area tambak – tambak budidaya iwak bandeng duweke warga sakupenge Leran. Area tambak – tambak bandeng kuwi saiki dibanyoni saka kali Manyar   kang sungapane ing pesisir lor wis klebu Selat Madura.

Kacarita Syekh Maulana Malik Ibra­him lair ing Campa [Kamboja], putra sa­ka ulama kondhang ing wektu kuwi pari­ngan asma Barokat Zainul Alam. Eyang kakunge kang peparab Jamaludin Al-Akbar Al-Husaini uga sa­wijining ulama pendakwah agama kang kaloka mli­gine ing jasirah Arab lan sumebar nganti te­kan Pakistan, India, Kedah lan Kamboja.

Wiwit cilik Syekh Mau­lana Malik Ibrahim pancen wis digulawentah babagan ngelmu keagamaan lan ketauhidan. Sawise de­wasa banjur kautus dening kan­jeng ramane amrih nyebar­ake ilmune tumuju tanah Jawa. Kang dadi jujugan sepisanan ya wengkon kang aran Leran kuwi.

“Manut critanipun sa­wa­tawis sesepuh, tembung Leran menika asal – usul­ipun saking tembung Pale­renan. Tegesipun, papan palerenanipun utawi ndha­ratipun Kanjeng Maulana Malik Ibrahim sapandherekipun nalika­nipun sepisanan ngancik tanah Jawa. Gesehipun pangucapan Palerenan lajeng dados Paleranan utawi Leran dumugi samenika,” jlentrehe takmir masjid kang jenenge Abdurrahman.

Tumindhake sarta patrap bebudene Maulana Malik Ibrahim kang andhap asor, menehi conto kepriye sejatine kudu urip ing jagading bebrayan agung, nglakoni sujud manembah marang Gusti Kang Akarya Jagad manut kapercayan sarta tuntunan kang bener,  gawe warga ing panggonan anyar ing Leran banget kepranan. Warga banjur ngrumangsani yen ing satengahing pasrawungane wis ana paraga kang tumindake kena kanggo tuladha lan warga padunung kono sedya lan siyaga dadi pandhereke.

Sawise pandhereke tansaya akeh, Ing Leran kono Syekh Maulana Malik Ibra­him banjur mbangun adeg masjid kanggo ngibadah. Kacarita Syekh Mau­lana Malik Ibrahim uga kasil sowan dan sapatemon karo Prabu Brawijaya ing Majapahit. Dening Prabu Brawijaya, kaparingan wewengkon tanah ganjaran ing Gapuro Gresik saperlu kanggo mbangun pondhok pesantren. Ya saka Gapuro kuwi Syekh Maulana Malik Ibra­him banjur nyebar lan ngrembakakake syiar agama Islam menyang saindhenge wengkon Gresik, tlatah Jawa Timur sarta papan liyane.

Syekh Maulana Malik Ibrahim tilar donya awit nandhang gerah. Katiti ing makame kang ana ing Gapuro kecamatan Kota Gresik kaparingan tete­nger mawa tanggal 12 Robiulawal 822 Hijriyah utawa taun 1419 Ma­sehi. Syeikh Maulana Malik Ibrahim kang uga kasebut Syekh Mahgribi lan Sunan Gresik, uga klebu minangka Mufti [tetungguling] para Walisanga periode kang sepisan. Ing buku Sejarah dan Dakwah Islamiyah Sunan Giri kang diterbitake dening Lembaga Riset Pesan­tren Luhur Islam Malang 1974, disebutake para Walisanga periode kang sepisanan kuwi yaiku : Maulana Malik Ibrahim [minangka Mufti Wali], Maulana Ishak, Maulana Ahmad Jumadil Kubro [Sunan Ngudung], Maulana Muh. Al-Mahgribi [Sunan Geseng], Maulana Malik Isroil, Maulana Hasanuddin, Maulana Aliyuddin, Maulana Ali Akbar, Syekh Subakir.

Nalika jaman Majapahit, Syekh Mau­lana Malik Ibrahim uga ngayahi jejibahan minangka Syahbandar, mengku pangu­wa­saning plabuhan sarta sakehing prau dagang ing kutha Gresik. Jejibahan mau mawa serat kekancingan saka ratu Majapahit nalika kuwi. Jaman kuwi Gresik wis diakoni dadi salah sijine plabuhan dagang kraton Majapahit.

 

Masjid Pesucinan Leran

Masjid ing Pesucinan Leran dijenengi masjid Syekh Maulana Malik Ibrahim. Umure kang wis ngancik 689 taun, diyakini dadi salah sijine masjid paling tuwa ing wengkon pulo Jawa. Masjid iki wis kepetung kondhang ing wengkon Pantura. Kanggo nuju masjid mau, saka dalan jalur Pantura jurusan Gresik-Sidayu nalikane wis mlebu Jalan Raya Manyar, kudu menggok ngiwa liwat dalan pavingan 2,5 kilometeran.Utawa yen dilaju saka pertelon pintu keluar tol Manyar, kudu ngener ngulon, banjur watara 2 kilometeran maneh menggok ngiwa mlebu dalan pavingan kaya kasebut ndhuwur. Sakiwa tengene dalan paving mujudake area pertambakan bandeng. Sadurunge mlebu wengkon masjid, ing pinggir dalan desa Leran tinemu tetenger mawa tulisan “Masjid Pesucinan Peninggalan Syekh Maulana Malik Ibrahim”. Masjid Pesucinan iki, senajan mujudake masjid kuno, nanging yen dideleng blegere saka njaba wewangunane saiki wis ora beda karo masjid-masjid liyane. Sangarepe masjid, ana gapurane wangun plengkung mawa tulisan Masjid Syekh Maulana Maslik Ibrahim. Manut Malikhan takmir liyane ing masjid kono, masjid Pesucinan kuwi wis ngalami renovasi kaping sepuluh. Renovasi utawa pemugaran gedhen diadani nalikane taun 1960 tekan 1970-an. Wektu saiki, masjid mawa ukuran 50 x 80 meter kuwi mapan ing tanah wengkon kurang luwih setengah hektar.

“Masjid tilarane Kanjeng Syekh Maulana Malik Ibrahim niki pancen sampun ngalami pinten-pinten renovasi. Kayu – kayu saka sarta perangan masjid lintunipun  ingkang sampun kropos dipun gantosi sedaya kaliyan material enggal. Semanten ugi ruanganipun didamel langkung wiyar. Perangan nginggil ingkang wujud limas sakawit saking kayu sirap nggih digantosi genteng. Perangan ngandhap utawi lantai inggih dipun keramik,” kandhane Malikhan, takmir masjid marang PS.

Senajan sebageyan perangan masjid wis direnovasi, manut takmir masjid kono, isih ana perangan masjid kang isih asli lan tansah diupakara kanti becik. Perangan kuwi uga isih dipigunakake laras manut kagunane sakawit. Pera­ngan masjid kang isih asli saka masjid Syekh Maulana Malik Ibrahim iki ana papat cacahe. Yakuwi : mimbar khotib, teken imam khotbah, sumur lan mblum­bang wudhu, sarta pucuking kubah.

Mimbar khotib asli tinggalane Syek Maulana Malik Ibrahim digawe saka kayu jati mawa ukiran. Mimbar kang ukurane klebu gedhe iki garapane alus lan katon mrebawani. Banjur ana teken imam khotbah, digawe saka kayu jati uga ma­wa ukiran lungit. Teken iki lumrahe kang­go ngunggahake imam menyang mimbar nalika wektu jamaah shalat Jumat, shalat Idul Fitri lan Idul Kurban. Ing prenah sisih tengen masjid ana su­mur kang jerone sepuluh meteran. Sai­kine sumur kuwi ditutup nganggo tutup beton lan keramik saengga san­dhuwure kena dienggoni jamaah shalat. Banyu sumber saka sumur iki wiwit dhek biyene mili menyang blumbang kang uga manggon ing sanjerone perangane masjid sisih kiwa nganti saiki. Ya banyu saka bening blumbang ukuran 3 x 3 meter lan jerone 2,5 meter kuwi kang dianggo wudhu para jamaah nalika arep nglakoni ibadah. Kang nggumunake banyu sumur iki ajeg tawa, ora nate asat senajan ketiga dawa. Banyune wiwit dhek biyen ajeg tawa,senajan sakiwa tengene masjid kinupeng dening pethak – pethak area tambak kang banyune asin saka segara.  Tinggalan asli sijine maneh wujud pucuking kubah. Pucuk kubah digawe saka lemah lempung kang mawa cakrik ukiran. Pucuking kubah modhel kaya kang tinemu ing masjid Pesucinan kuwi, padatane uga mujudake salah siji ciri tetengere masjid kuno kaya kang uga tinemu ing masjid-masjid kuno liyane.

“Nggih barang cacah sekawan menika ingkang taksih asli ingkang won­ten masjid mriki. Rumiyin nggih wonten bedhug ingkang ditabuh minangka tengara mlebet wanci shalat, niku nggih asli. Nanging samenika sampun dipun bekta dateng museum kangge nambah koleksi. Lajeng bedhug ingkang same­nika ditabuh, menika namung duplikat, angsalipun tumbas. Nalika jaman alitan kula rumiyin, wonten sakupenge masjid menika katah kepanggih bangsane keris , tumbak lan barang pusaka lintune. Eman barang – barang kalawau boten wonten ingkang ngrumat utawi ngruwat, saengga kadosipun lajeng ilang musna duka dateng pundhi,” ature Abdur­rahman.

Sawatara kuwi, ngenani banyu kang ana blumbang akeh kang percaya nduweni khasiyat mligi.  Yaiku minangka sarana kanggo tamba. Saliyane dianggo banyu sesuci wudhu, banyu blumbang uga dipercaya minangka obat maneka penyakit. Wong kang neneka saliyane lelaku ngibadah, uga ana kang golek tamba, banjur akeh kang baline nggawa banyu saka blumbang nganggo botol kemasan digawa mulih.

Amarga mujudake masjid yasane Syekh Maulana Malik Ibrahim lan klebu masjid kang umure wis atusan taun, masjid Pesucinan iki ing sasi Pasa Ramadhan akeh ditekani para musafir. Para musafir kang neneka ora mung kang asale saka kutha-kutha ing pulo Jawa wae. Nanging uga musafir saka luwar pulo, kaya saka Aceh, Kalimantan, Sumatra, Sulawesi, Lombok, Madura. Para musafir mau ora setithik kang padha nginep ing masjid lelaku ibadah lan iktikaf, ngakeh-akehake laku kabecikan manembah marang Gusti Allah mligine ing sasi Ramadhan.

“Para musafir ingkang rawuh mriki, katah-katahipun nalika mlebet sedasa dinten ing pungkasanipun ibadah sasi Pasa Ramadhan. Kathah ingkang nglam­pahi iktikaf wonten masjid tinggalanipun Kanjeng Syekh Maulana Malik Ibrahim mriki,” kandhane takmir Malikhan njlentrehake nalika sapatemon karo PS.

(A.Manan Sagitarius)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ati kang atos gampang nemoni dalan buntu.

Klik

BANGUNAN MODEL DHUWIT

Dhuwit pancen mujudake alat tukar kang penting kanggo masyarakat dunia. Saking pentinge nganti-nganti dadi inspirasi pembangunan sawijining gedhung ing Kaunas, Lithuania. Desain bangunan tingkat iki katon nyolok kanthi desain dhuwit minangka wujud fasad njaba bangunan ksb. (d/ist)***

Pethilan

Banyu Tarum Barat saya reget

Kan wis wiwit ndhisik?!

Pulisi kangelan ngluru sing nindakake teror obong-obong montor ing Semarang

Mumpung Imlek, coba njaluk tulung ahli Feng Shui…

Ngawekani golput, kudu intens ngenalake surat suwara cacah lima

Sing akeh mengko dudu golput, na­nging golyeng, golongan puyeng