Lelaku ing Gunung Tutup, Nyimpen Ewon Pusaka Gaib
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 132 kali

Sawijine panggonan sing dikeramatake mono kala-kala pancen kebak misteri sing ora tinemu nalar, nanging bisa dadi kasunyatan. Kaya dene lelakon sing dialami Bambang Prihartono, sakwise lelaku spiritual ing Gunung Tutup, piyambake banjur nampa utawa kadunungan ewon pusaka sing teka dhewe secara gaib. Banjur, kepriye mulabukane ?

Manut pamawase H.Bambang Priharto­no, SH, MM wulan Sura mono minangka wulan sing kebak berkah lan kagaiban, saengga pas yen kanggo nglakoni lelaku prihatin, sesuci kanggo dhepe-dhepe kanthi umbul donga, amrih bisa oleh hida­yah saka ngarsaNe Pangeran Kang Maha Agung. Mula saka kuwi Bambang marang PS banjur crita bab pangalamanne sing wis ditampa nalika lelaku ing Gunung Tutup, Wonosari, Gunung Kidul, Jogyakarta. Se­dina madhepke tanggal 1 Sura (panang­galan Jawa) taun 1989.

Ing tengah wengi kuwi, Bambang wis lungguh sila, ngeningake jiwa lan ngajok­ake umbul donga marang Gusti Kang Mur­beng Jagad, kanthi ngeremake mripate lan ngleremake jiwa ing ngarepe cungkup makam Sukino Suprobo, sing panggonane ing pucuke Gunung Tutup kono, pase ing ngisore wit kemuning. Sawetara angin su­milir, nambah adheme awak, kanthi su­munare rembulan sing madhangi jagad. Ing wanci kuwi, talingane Bambang krungu suwarane puluhan manuk mliwis mabur ngrubung ing dhuwure.

Bebarengan karo kuwi, Bambang kaya-kaya nampa tumurune nur (cahya), sing ma­dhangi jagad sing peteng ing pangkone. Nur iku, kandhane, wangunne bunder, wer­nane putih gawe blereng, memper inten, kanthi diameter udakara 50 cm, mbok­me­na­wa nur iki sing kerep sinebut Ridzal. “Anehe, kabeh sedulur lan kancaku sing uga nglakoni semedi ing mburiku, ora ana sing weruh, kamangka jarake mung kira-kira sakmeteran karo anggonku sila,” ujare.

Malah nalika Bambang bengok-bengok merga kablerengan, karo wola-wali nyebut kalimat ‘Allahu Akbar’ uga ora ana sing kru­ngu. Lagi, sakwise awake Bambang ngge­blak memburi, banjur  padha age-age nahan gegere Bambang supaya ora tiba ing lemah,  nanging Bambang banjur semaput (ora sadhar) sawetara wektu. Sakwise sadhar, prastawa kaya mangkono mau ora dipaelu, dianggep biasa lan tanpa dimaknani. Dadi sakwise padha tirakat lan ziarah, uga banjur mulih ing omahe dhe­we-dhewe.

Dina ganti Minggu, nganti ganti wulan, malah nganti ganti taun ora ana keda­deyan sing nganeh-anehi. Nanging lagi ana prastawa rada aeng nalika malem Se­la­sa Kliwon, 1 Sepetember 1997 uda­kara jam 3 esuk, Bambang ngimpi kaya-kaya (rumangsane) ana ing puncuk gu­nung lan ditemoni wong lanang sing prau­pane memper Sukino Suprobo, awit wong iki wis tau srawung karo Bambang nalika isih sugenge. Sakbanjure, Sukino Suprobo iki menehi watu akik. Anehe, watu akik iku owah dadi kasunyatan.

Artine, nalika Bambang tangi saka ang­gone lerem, watu akik mau wis ana gege­man tangane. Malah sepuluh dina sawise kedadeyan iku, pase ing dina malem Jum’at Kliwon, 11 Sepetember 1997. Bambang ngimpi maneh, kaya-kaya weruh keris cilik ing njero lemari cilik ing njero map werna putih ing lemari panggoane nyambut ga­we, minangka pegawai Perhutani ing Se­marang. Keris mau uga mawujud, nalika ora sengaja, dheweke arep bali nyambut gawe, kira-kira jam 4 sore keris mau wis ana kono lan banjur digawa mulih.

Luwih aeng maneh, sawise iku ba­rang-barang sing dianggep nduweni tuah kaya ngono kuwi terus tambah akeh, kanthi teka dhewe-dhewe, tanpa dimangerteni mua­sale. Kanthi mengkono barang-barang ngemu tuah mau sing ditemoke Bambang kanthi cara gaib wiwit taun 1997 nganti 2005 jumlahe dadi atusan cacahe, saeng­ga ora bisa sinebut siji-siji ing kene. Ba­rang-barang mau awujud tumbak, keris, makutha raja, patung perunggu Budha, Wisnu, Siwa, Brahmana.

Kajaba saka kuwi uga Dewi Kwan Im, patung Semar uga tombak cakra, gada (godham), sakwernane ana Pedhang Arab, Pedhang Cina, VOC, Samurai, Jimbangan naga pitu. “Barang-barang mau daketung nganti taun 2005 kabeh jumlahe 1491 pusaka, saben jenis pusaka jumlahe lima,” pangakune Bambang, karo nambahi, kabeh pedhang sing ana tulisane huruf Arab iku nduweni makna donga, bisa migu­nani marang panguripane manungsa, sing lagi nampa pacoban.

 

Kursi Giok.

Ora mung tekan semono wae, ngarep­ake wulan sura taun 2011, mbaka sithik lan kanthi cara gaib, Bambang kadunungan Meja Giok, Kursi 2 iji lan patung Dewi Kwan Im, dadi cacahe patang iji. Mula bukane, sakdurunge barang-barang sing ngemu tuah sing sinebut keri ditemokake, luwih dhi­sik dheweke, nemu kothak wer­na ijo sing digawe saka watu giok. Kothak iku dawane 90 cm lan kandele 3 cm. Kothak iki ana logo­ne 2 naga, minangka simbul Hyang.

Sing manut pangetene Bam­bang, nduweni makna keseimba­ngan ing pangurimpane ma­nung­sa. Nah, ing njero kothak mau ana isine 4 patung. Bengine, Bambang oleh ilham utawa fira­sat liwat mimpine, sing wusanane dadi kasunyatan, yaiku  meja giok 2 werna ijo sing ana simbule 4 arah angin. “ing tengahing 4 gambar naga iku katon ana gam­bare Dewi Kwan Im kanthi kon­disi lungguh sila. Mung anehe, Bambang dhewe ora kuwawa nulak teka­ne barang-barang ngemu tuah mau.

Rong dina sawise, Bambang nemu manehkursi gedhe 2 werna ireng lan ijo sing digawe saka watu granit. Mula manut Bambang, sing adhedhasar sejarah sing wis tau diwaca, yen wulan Sura mono akeh kedadeyan sing nggawa tuah sing becik lan barokah. Contone, hijrahe Nabi Muhammad SAW saka Mekah tumuju Madinah, amarga dioyak-oyak kaum kafir, saengga ing kono Nabi Muhammad SAW nampa wahyu, lan isih ana maneh prasta­wa liya sing ora bisa sinebut siji-siji.

Sawetara kanggone wong Jawa, ma­nut pamawase Bambang, wulan Sura iku becik kanggo sesuci dhiri, ngresiki batin, minangka sarana kanggo tolak balak saka dumadine sengkala lan sukerta, kanthi mengkono, ing pangajab ing dina menga­rep bisa oleh kalancaran, kabecikan, lan murah rejeki. Kanthi mengkono nalika wulan sura teka, mula kanggo mapag wulan suci mau, biyasane dheweke pasa, lan bengine melek karo njamas pusaka sing saiki jumlahe luwih saka sewu iji.

Anggonhe njamas pusaka-pusaka sing cacahe ewon mau, saben pusaka kanthi cara digosok nganggo  lenga cendana lan zafaron, amrih ora ilang pamore. Banjur ana apa kok sinebut Gunung Tutup? Awit area gumuk cilik kuwi memper gunung sing kinupeng lemah rata ing sakkiwa tengene. Nalika PS sanja ing area gunung iki, ing pucuke gunung ana  makam 3 sing kanggo ngubur jazade Suparno Suprobo sarta gar­wane lan kuburane Pangeran Among­-ro­go, salah sijine adhike Pangeran Sam­bernyawa.

Pangeran Amongrogo iki gugur ing pa­la­gan, nalika perang karo Kompeni Wa­landa. Dene Pangeran Sambernyawa mono minangka tokoh apuh sing madeg minangka Mangkunegara I, sing ngedeg­ake Pura Mangkunegaran. Sing nalika isih timur Mangkunegara I iki sing tansah me­rangi Kompeni Walanda kanthi cara perang gerilya ing bumi nuswantara iki. Beda karo Pangeran Amongrogo, nadyan padha-padha mungsuhan karo Walanda, nanging solah bawane luwih frontal.

Mungsuhe diadhepi langsung kanthi perang tandhing. Perjuanganne Pangeran Sambernyawa lan Pangeran Amongraga banjur diteruske dening Sukino Suprobo. Nalika isih sugenge, uripe, jiwa lan ragane Sukino Suprobo kanggo perang terus nglawan penja­jah. Nalika semono Sukino dadi kancane HM Soeharto (Presi­den RI ke II) padha-padha dadi tentara. Nanging nalika bumi pertiwi iki wiwit aman, Sukino metu saka anggone dadi tenta­ra, milih mandhita ing Gunung sing isih prawan.

Ngedohi karameyan, nyepi lan sesuci kanggo nyedhak ma­rang Gusti Kang Murbeng du­madi. Sukino milih manekung ing Gunung Tutup kanggo ngen­teke sisa uripe. Saengga ing Gunung Tutup sing isih perawan kuwi, banjur dibangun minangka pasanggrahan sing dikancani dening bojone. Nganti sak­sedane, jazade uga dikubur ing kono. “Na­lika isih sugeng, Sukino pancen dikenal mi­nangka spiritualis-e para pejuang uga ka­lancarne karierku” pangakune Bambang

Dadi, wiwit Bambang isih minangka pegawai biasa nganti njabat Kepala Biro Keuangan Perhutani Jateng, kabeh mau berkat weling lan cara lelaku prihatin sing diwulangke dening Sukino marang dhe­weke.

Mula nalika semana, Gunung Tutup uga kanggo markas para petinggi TNI lan lelaku ritual minangka sarana kanggo nggayuh apa sing dadi pepinginane. Bam­bang, saiki wis pensiun saka Departemen Perhutani, Jateng lan manggon ing Jl Kacer II/ 5, Depok, Manahan, Solo.

Bambang uga crita, sejatine dheweke isih ana sesambungan sedulur karo Sukino Suprobo, saengga lumrah yen nalika Suki­no isih sugeng banjur akrab karo Bam­bang. Nalika Sukino mandita Lan Suharto nerusake  kariere, malah nganti dadi preside RI, nanging nadyan Soeharto wis dadi presiden isih kerep sanja ing Gunung Tutup kanggo tilik kanca lawase, Sukino Suprobo. Malah nalika Sukino Suprobo wis tilar do­nya Suharto ya isih sok ziarah kubur ing kono.

Mbokmenawa, amarga kerep ngangsu kaweruh marang Sukino Suprobo iku, mu­la Bambang uga oleh sawabe Sukino, sa­engga bisa kadunungan ewon barang-ba­rang sing ngemu tuah sawise ziarah kubur ing Gunung Tutup iku. Mula nganti saiki Bambang isih kerep ziarah mrono ing dina-dina tinamtu.

Awit manut Bambang, ing Gunung Tu­tup kasebut akeh tuah, aura gaib lan ke­dadeyan sing kadhang ora tinemu nalar, na­nging dadi kasunyatan. (Kang Hong)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Nalika kita kudu mbayar rega kang satemene ora perlu kita tanggung, mula satemene nalika kuwi kita lagi sinau bab “kaluhuran budi…”.

Klik

POCONGAN NUMPAK OJEK

Dinane iki, angkutan online pancen dadi transportasi kang populer ing masyarakat. Ya, sebab kanthi dukungan teknologi kang canggih wong sing butuh jasane ojek kanggo urusan apa wae gampang kasembadan, klebu ing antarane…. Pocongan! Hiiii….. (d/ist)***

Pethilan

Praperadilan Setnov dibacutake

Sajangkah maneh….

Polri pengin Densus Tipikor padha karo KPK

Endi sing ayakan endi sing emas?

Wiranto klarifikasi bab tukon senjata menyang panglima TNI

Sapadha-padha jenderal ‘dilarang saling mendahului’