Mecahake Rekor MURI Nulis Caraka Jawa 500 Meter
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 21 kali

Bocah jaman saiki akeh sing ora bisa nulis caraka Jawa, apa maneh weruh lan mangerteni falsafah sing ana sakjroning caraka. Caraka Jawa klebu salah sijine sastra karya cipta budaya warisan leluhur Nusantara sing kudu dilestarekake, aja nganti sastra budaya bangsa didaku de­ning negara liya. Amarga uwis akeh karya budaya bangsa sing didaku dening negara liya, senadyan negara mau ora bisa ne­rangake saka ngendi lan asal usul budaya sing diakoni. Kaya dene budaya seni Reog Ponorogo sing nate diakoni negara Malaysia tari barongan.

Kedadeyan kaya ngana mau aja nganti dibaleni maneh, mula budaya bangsa kudu di lestarekake kanthi cara apa wae. Kaya dene acara sing digagas Fakultas Ilmu Bu­daya Pawiyatan sastra daerah Universitas Sebelas Maret Surakarta, sing nganak­ake enulis caraka Jawa masal ana kertas da­wane 500 meter kanggo mecahake re­kor Museum Rekor Indonesia (MURI). 

“Cara iki dianakake  kanggo nepungake lan ngrembakakake caraka Jawa ana sak tengahing masyarakat, mligine bocah non noman,” pratelane Drs. Sisyono Eko Wido­do, M.Hum Dosen pawiyatan Ilmu Budaya Universitas Sebelas Maret Surakarta ma­rang PS.

Ditambahake Sisyono ana ing katera­ngane,  senadyan pasinaon ing pawiyatan uwis ana, nanging durung akeh nom nom­an sing nduweni karep mligi sinau sastra Jawa. Mula cara inovasi lan kekinian me­cah­ake rekor MURI nulis aksara Jawa, dadi salah sijine cara pandhemen sastra Jawa nepungake caraka Jawa ana sak tengahing masyarakat.

“Mecahake rekor MURI nulis caraka Ja­wa nyambut gawe bareng pawiyatan FIB pasinaon sastra daerah lan panitia Solo Im­lek festval 2017,” pratelane.

Dikandhakake, acara mecahake rekor MURI nulis caraka Jawa bisa kanggo mba­ngun semangat kejawaan. Nalika dileksa­-nak­ake ana ing salah sijine mall, akeh pa­wongan sing padha melu nulis caraka Ja­wa. Anggone padha melu iki mujudake, ca­raka Jawa sayektine uwis meng-Indonesia. Mung wae kanggo ngrembakakake, butuh penyengkuyung Pemerintah daerah lan para pendhemen budaya Jawa, amrih ora mandheg anggone nganakake  inovasi budaya Jawa kanthi cara kekinian.

Ora ketinggalan masyarakat etnik Tiong­hoa sing melu nyambut gawe bareng ana ing acara mecahake rekor MURI nulis caraka Jawa, mujudake pangrasa dhemen marang budaya Jawa. Acara mecahake rekor nulis caraka Jawa paling ora ujare Sisyono, bisa kanggo sarana ngatonake  maneh caraka sing uwis ora di kenal.

Sisyono nerangkake, ing kampus UNS Surakarta ana pawiyatan Ilmu Budaya pasinaon sastra daerah lan FKIP. Pawiya­tan FKIP mligi kanggo mahasiswa sing kepingin nggayuh pangangen-angen dadi guru bahasa daerah, pawiyatan Ilmu Bu­da­ya sastra daerah pinangka pasinaon kajian manekawerna aspek ing sastra dae­rah. Saben taun FIB sastra daerah nampa  cacah kurang luwih 60 nganthi tumeka 70 mahasiswa anyar saka laladan ngendi wae.

Miturut catetan, saben taun ana ku­rang luwih pitung atus lulusan SMA lan se­tara kang ndaftarake FIB sastra daerah, nanging sing katampa mung sepuluh persen. Bab iki ngetokake pawiyatan Ilmu Budaya sastra daerah dadi salah sijine pasinaon favorit tum­rap para lulusan anyar. Nalika di eneng­ake pawitan sing sepisan ana ing Universitas Sebelas Maret Surakarta, de­ning Presiden Soeharto ing wektu se­ma­na, sastra daerah dadi salah sijine be­bana sing kudu ana. Mula ora nggu­munake tansaya suwe pawiyatan iki dadai salah sijine pasinaon favorit ana ing UNS Surakarta .

Pawiyatan Ilmu Budaya sastra daerah bisa di arani pasinaon ilmu mur­ni sastra Jawa, amarga kajian ora mung ngenani babagan sastra, nanging ana uga budaya sastra, linguistisk, pe­les­tarian, lan aspek liya. Caraka Jawa pawujudan budaya intelektual sing nate ana lan kabangun ing jaman kuno. Ja­man modern, sastra daerah mligine ca­raka Jawa, bisa dicawisake kanthi ka­zanah modern.

“Ora ngurangi bobot isi lan falsafate,” pratelane Drs. Sisyono Eko Widodo, M.Hum, Dosen Ilmu Budaya kang kawen­tar ngenani pasinaon filologi.

Isih miturut pratelane, wektu saiki Pe­merintah wis padha mangerteni, menawa budaya nduweni kawigaten melu nyengku­yung mbangun bangsa. Mbangun bangsa ora mung ana ing pembangunan formal, nanging pembangunan in formal kaya ta budi pekerti, mental lan toleransi, kudu di­wa­ngun saka budaya. Budaya ora mligi babagan seni, nanging uga budaya sastra.

Ngenengake acara budaya dikarepake Sisyono Eko Widodo, bisa terus sinambung antara siji lan sijine aja nganti obor obor blarak, amrih kathon semarak lan bisa ngrembaka. Ing wektu iki Pemerintah ku­tho Solo durung gumregah anggone ngrem­bakakake budaya. Duwit Anggaran Pendapatan Belanja Daerah kanggo we­wangun budaya kudu di akehi, amarga Solo kawentar kutho Budaya. Aja nganthi jala­ran mung duwit anggaran, wewangun budaya ing kutho Solo keter.

Alokasi duwit saka APBD kanggo mbangun budaya pancen durung akeh, na­nging duwit sithik ora dadi merga, yen pawongan sing ngecakake pancen tulus mbangun budaya, pratelane ngenani wewangun budaya ing kutho Solo.

Panitia mecahake rekor MURI nulis ca­raka Jawa kajaba kanggo umum uga in­stansi, sekolah lan pandhemen budaya Jawa. Masyarakat sing melu ndhaftar bisa dileksanakake sacara online liwat email utawa teka langsung ing acara.  Sing uwis dhaftar banjur diwenehi conto seratan caraka Jawa ana kertas secuil. Caraka Ja­wa sing diserat kanggo pamecahan rekor surasane  falsafat kaya ta, Sluman Slumum Slamet, Urip iku Urup, Katula Tula Katali, Eling Lan Waspada, sarta falsafat liyane.

Saben pawongan entuk papan pang­go­nan ambane sak meter kanggo nyerat caraka Jawa, nalika  nulis panitia menehi wektu kurang luwih setengah jam. Gung­gung pawongan sing melu ana ing peme­cahan rekor MURI cacah limang atus pa­wo­ngan, cacah limang atus mau banjur di pilah didadekake sepuluh kelompok.  Saben sak kelompok diacak papan pang­-go­nane, miturut nomer urut sing uwis di­wehake.

Miturut ketua panitia pemecahan rekor MURI Joko Prananto, kertas sing kanggo nye­rat kertas mligi. Disambung-sambung nganti tumeka limang atus meter. Kanggo nggampangake anggone narik kertas, luwih disik kertas dirol ana mesin gulungan sing digarap kanthi cara manual. Saben rampung diserat caraka Jawa, kertas dita­rik lan digulung. Pawongan sing pada melu pemecahan rekor MURI nulis aksara Jawa ora mung warga masyarakat kutha Solo, nanging akeh uga pawongan saka nja­ban kutho Solo kaya ta, Banyumas, Ma­lang, Semarang lan kutho liya.

Pemecahan rekor asil nyambut gawe bareng FIB lan panitia Solo Imlek Festival 2017 pinangka kanggo mba­ngun rasa toleransi lan reraketan ma­wer­na warga masyarakat. Saka asil nyam­but gawe bareng bisa mawujud silaturahmi, persatuan lan gotong ro­yong. Panyengkuyung bebarengan bisa kanggo conto dening kutho liya, kanggo pangilon wewangunan toleransi ma­werna umat.

“Peserta pemecahan rekor sak bu­bare nyerat caraka Jawa entuk sertifikat pemecahan rekor MURI saka pihak pa­nitia,” ujare pangarsa acara.

Pemecahan rekor MURI sing mang­gon ana salah sijine mall ing kutho Solo pancen bisa gawe semarak lan mawer­na Solo Imlek Festival 2017.  Ing tembe nglestariake budaya kanthi cara keki­nian bisa di baleni maneh, kaya sing di karepake mas Sugi, pandemen budaya Jawa asal Semarang. Adoh adoh saka Semarang tumeka kutho Solo, Sugi mung kepingin melu nyengkuyung pemecahan rekor MURI nulis caraka Jawa.

Sugi kepingin acara iki saben taun bisa di baleni maneh lan ngajak bebarengan bocah TK lan SDamrih bisa ngerti marang budayane dewe. Tetepungan marang bu­-da­ya pancen wiwit cilik kudu uwis di kenal­ake, senadyan donyane bocah iku dolanan, nanging tetepungan sarana dolanan lan geguyonan bisa kanggo cara inovasi ne­pungake budaya intelektual, mligine ca­raka Jawa.

“Saka kenal, ngerti lan sinau, bocah nom nom bisa dadi manungsa luhur kang nja­ga kawibawane kaluwarga, praja lan Ne­gara,” kandhane nerangake

Kawibawan praja mujudake karakter jati diri bangsa manungsa kang manggon, kanggo nggayuh karaharjan lan katen­trem­ane praja ing ndonya sacara Memayu Hayuning Bawana. (Judiantoro)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ora perlu njlentrehake bab kita marang sapa wae, merga sing seneng karo kita ora butuh bab iku lan kang benci marang kita ora percaya iku.

Klik

SWASANA TIMUR TENGAH

Ngarepake Romadon akeh restoran ing Indonesia kang nawakake panggonan kanggo buka. Ora luput, dekorasine uga nylarasake karo suwasane. Kaya ing salah sijine restoran ing Jakarta iki nyuguhake dekorasi nuansa Timur Tengah, utamane Maroko, kanthi kelambu werna werni lan lungguhe lesehan. Mesthi wae panganan kang disuguhake uga ala Timur Tengah. (d/ist)

Pethilan

Bursa cagub Jabar saya rame

Wiwit pepaes

Sasuwene pasa, PNS mulihe luwih cepet

Luwih seneng maneh yen THR-e cair luwih cepet

Miskinke wae calo TKI ilegal

La yen wis miskin piye?