Wong Indonesia, Mung 0,001 Persene Kang Seneng Maca
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 62 kali

Durung suwe iki lumantar Badan Program Pembangunan (UNDP), Perse­ri­ka­tan Bangsa-bangsa (PBB) nge­tok­ake laporan ngenani Indeks Pemba­ngunan Manusia (IPM) taun 2016. Ing laporan kasebut, posisi negara Indonesia kapeksa mudhun peringkate dadi ka-133 saka posisi sadurunge ka-100 ing antarane 188 negara kang wis diadani panalitene dening UNDP mau. Sangisore peringkat utawa urutan Indonesia, ana Palestina (114), Vietnam (115), banjur Philipina (116). Negara tangga teparone Indonesia yaiku Malaysia isih klebu dhuwur lan apik posisine yaiku pringkat ka-59. Manut la­poran UNDP kuwi, anggon mudhune pe­ring­kat Indeks Pembangunan Manusia (IPM) Indonesia kuwi menehi gegambaran yen ing sate­ngahing kita sengkud ngupa­yakake pe­ning­katan ekonomi sarta kuwalitas pa­nguripane masyarakat sarta gentur ma­jok­ake pendhidhikan, pranyata capaian utawa asile isih sangisore negara-negara liya. Kang njalari mudhune peringkat Indonesia gandheng IPM mau antara liya, isih anane kesenjangan pembangunan an­tarane kota-desa, antar provinsi, antar pulo. Badan UNDP ngakoni yen sajrone 25 taun iki, saka taun 1990 tumekane taun 2015, pembangunan ing Indonesia pancen wis katon tumemen lan bener.

“Pembangunan ing Indonesia sajrone selawe taun iki, pancen wis maju. Nanging emane capaian utawa asile durung warata  kanggone kabeh wong Indonesia utawa isih cetha anane kesenjangan bab asile pem­bangunan,” mangkono pratelane Di­rektur UNDP Indonesia Chisthope Bahuet ing Jakarta gandheng karo Laporan Pem­bangunan Manusia 2016 mawa irah-irahan “Pembangunan Manusia Untuk Semua”.

Sawatara kuwi ing babagan pendhidhi­kan masyarakat mligine tingkat literasi uta­wa kebiyasan seneng macane lan nulise ma­syarakat kita uga isih kepetung cendhek utawa sithik banget. Manut asile panaliten saka UNESCO, saka cacah wong 250 yuta  warga Indonesia, mung 0,001 persen sing aktip maca. Tegese yen wong Indonesia cacahe 250 yuta jiwa, saka cacah semono mau mung ana wong 250.000 kang ndu­weni kakareman maca kanthi ajeg. Se­neng maca kang ajeg bisa sarana maca surat kabar, majalah, buku lan liya-liyane. Wondene carane bisa srana langganan, tuku eceran, tuku buku weton lawas utawa anyar, maca lan nyilih ing perpustakaan, nyilih ing Taman Bacaan Masyarakat (TBM), sarta maneka srana liyane.

Nitik saka asil panalitene Unesco ndhuwur, cetha yen budaya literasi utawa ka­se­nengan maca ing masyarakat kita isih kudu luwih ditingkatake maneh. Ngrem­bakane budaya maca ora mung dadi ke­wa­jibane sarta upayane pamarentah wae, nanging sekolah, para pendhidhik, guru, pegiat, komunitas uga kepedulian masya­rakat.  

   

Gerakan Literasi Sekolah

Ngupayakake budaya maca mligine lumantar lembaga pendhidhikan utawa sekolah, sejatine wis wiwit dhek biyen di­adani dening pamarentah. Salah sijine upa­ya mau antara liya lumantar sing di­arani Gerakan Literasi Sekolah. Direktur Jenderal Pendidikan Dasar dan Menengah saka Kemendikbud Hamid Muhammad ing kalodhangan adicara srah-srahan Anu­gerah Literasi Prioritas marang cacah 19 Kabupaten/Kota durung suwe iki ing Ja­karta nandhesake yen sejatine ngono pro­gram literasi sekolah wis kawiwitan nalika taun 2003 kepungkur kang disengkuyung dening  Unesco lumantar USAID (The Uni­ted States Agency for International De­ve­lop­ment). Manut Direktur Kantor Pen­didikan USAID Indonesia Peter Cronin,  kualitas utawa mutu pendhidhikan gene­rasi mudha  mujudake kunci kanggo nga­manake sarta mikuwati demokrasi ing In­do­nesia. Mula saka iku kemampuan maca lan cara pamikir kang kritis dadi kunci kanggo pendhidhikan. Kanggo nyengku­yung program ngrembakane budaya maca ing sekolah, sawatara iki manut Peter Cronin, USAID wis mbiyantu cacah wolung yuta buku kang kasebar ing 13.000 SD/SMP mitra.  Para guru kang kajibah ngelola buku-buku mau uga wis padha digladhi be­barengan karo sumebare buku bantuan saka USAID.

Wondene kabupaten/kota kang taun 2017 iki nampa Anugerah Literasi Sekolah ana 19 dhaerah. Provinsi Aceh ditampa dening kabupaten Aceh Barat Daya lan Bireun, banjur Labuhan Batu lan Serdang Bedagai (Prov. Sumatra Utara), Serang lan Tangerang (Prov. Banten), Kota Cimahi, Bandung Barat lan Tasikmalaya (Prov. Jawa Barat), Banjarnegara, Demak lan Sragen (Prov. Jawa Tengah), Banyuwangi, Blitar, Lumajang lan Sidoarjo (Prov. Jawa Timur), Sidrap, Maros lan Wajo Prov. Sula­wesi Selatan). Direktur Jenderal Pen­didikan Dasar dan Menengah Kemendik­bud Hamid Muhammad mratelakake, yen provinsi sing kasebut mau, kabiji kasil ngrembakakake literasi sekolah. Dirjen saka Kemendikbud kuwi uga mratelakake yen pemerintah dhaerah perlu nyengku­yung antara liya nyedhiyakake buku-buku wacan sing laras karo kabutuhan bocah sekolah lan Gerakan Literasi Sekolah.

Salah sijine dhaerah kang nampa Anu­gerah Literasi Sekolah kaya kabupaten Si­doarjo, ing taun 2016 kepungkur nate nga­dani gerakan maca lan nulis kang dieloni 80.000 murid SMP, SMA lan SMK sa-kabu­paten. Gerakan mau kabiji bisa nggreng­sengake  budaya maca lan nulis, ora mung kanggo literasi sekolah nanging uga buda­ya macane masyarakat. Gerakan kasebut uga entuk pangalembana awit kasil me­cah­ake rekor MURI. Sadurunge Sidoarjo,  pancen durung tumon gerakan maca lan nulis bebarengan kang dieloni puluhan ewu siswa mau.

“Anugerah Literasi Sekolah sing wis ditampa iki,  mujudake panjurung supaya warga sekolah lan masyarakat luwih se­neng maca maneh. Pamarentah dhaerah duwe tekad ajeg nyengkuyung budaya maca wargane,” mangkono ngendikane Bupati Sidoarjo Saiful Ilah sabubare nam­pa piagam anugerah literasi saka Mendik­bud Muhadjir Effendy mentas iki.

 

Peduli Nularake Virus Literasi

Kanggo ngundhakake ngrembakane bu­daya literasi, manut panemune Dewi Mus­dalifah saka Biro Sastra Dewan Kese­nian Gresik nalika ana kegiyatan bedah buku ngandharake yen kagunane per­pus­ta­kaan kudu dimaksimalake. Maneka buku ing rak perpustakaan ora mung dadi pajangan, na­nging perlu diwaca. Ora mung ing ta­ta­ran sekolah, nanging uga perpustakaan masyarakat nganthi dhaerah kepencil lu­mantar perpustakaan kang ana  desa.

Kamangka kanyatan kang kedadean saiki, durung kabeh desa mesthi ana per­­-pus­­takaane. Luwih-luwih mligine desa-desa kang adoh saka kutha uga adoh saka pusat layanan publik. Kanggo ngawekani murih ngrembakane budaya maca utawa budaya literasi nganthi dhaerah-dhaerah kepencil mau tundone ing wektu-wektu du­rung suwe iki akeh pegiat-pegiat publik kang peduli nularake “virus budaya literasi utawa budaya maca” marang masyarakat secara mandhiri. Diarani nularake virus lite­­­­rasi utawa ngajak masyarakat supaya seneng maca secara mandhiri, amarga sebageyan gedhe  ragad operasional para pegiat mau akeh kang kudu cucul dhuwite dhewe. Kabeh mau ditindhakake awit saka gedhene rasa peduli kanggo nularake vi­rus budaya seneng maca nganthi dilakoni nekani desa-desa ing dhaerah mencil adoh saka kutha.

Para pegiat literasi utawa pegiat pus­taka kang sawatara iki wis nindhakake ke­gi­yatan sarana mandhiri mau umume sa­ka warga masyarakat kang panguripan padinane umume prasaja. Ana pegiat literasi kang saben dinane dadi bakul jamu keliling, tukang gawe/servis kunci, bakul serabi, guru, tukang tambal ban, penga­rang nganthi supir kreta kelinci. Menawa ing kutha metropolis kaya Surabaya lan kutha-kutha gedhe liyane, wis akeh di­deg­ake perpustakaan kanggo nglayani war­gane. Semono uga ing kutha-kutha gedhe liyane. Nanging banjur kepriye yen ing dhae­rah pedesaan lan pedalaman Papua, Kalimantan, Sulawesi, Nusa Teng­gara lan dhaerah kepulowan liyane.  Malah yen kita gelem jujur, kang ana pulo Jawa wae, sajake isih ana dhaerah kang durung kam­bon buku perpustakaan.

Warga masyarakat kang manggon ing dhaerah kepencil kaya kasebut ndhuwur mau, kena diarani arang banget maca. Ka­hanan kuwi klebu remaja lan bocah-bocahe. Saliyane amarga kondisi geografis dhaerah kang kepencil mau, bukune kang arep diwaca uga pancen ora ana. Kamang­ka yen ana bukune ngono, warga uga seneng lan kepingin maca. Mula saka kuwi, para pegiat literasi banjur anggone ngenalake sarta ngajak masyarakat supa­ya seneng maca nduwe strategi mli­gi yakuwi “pustaka jemput bola”, ora mung nunggu tekane wong kang arep maca. Lumrahe pegiat literasi nekani pa­pan pang­gonan warga biyasane padha kumpul-kumpul. Bisa ana ing lapangan bal-balan, cedhak pasar, lapangan sekolah, prapatan lan pertelon desa. Kang baku papan kum­pule warga. Ing papan mau banjur nin­dhak­ake sosialisasi literasi, nga­jak maca sarana gratis, milih buku kang disenengi lan menehi wektu warga kanggo maca. 

Ing Papua contone, salah sijine pegiat literasi mau jenenge Misbach kang pro­fesine dadi guru ing Manokwari. Buku-buku wacan digawa nganggo diwadhahi tas tra­dhisional Papua kang disebut Noken. Mulane ayahan saka Misbach kuwi banjur kondhang kasebut Noken Pustaka. Karo nyangklong tas noken isi buku, Misbach la­ku dharat, nyabrang kali, nyedhaki pa­pane warga padha ngumpul. Nate klakon, warga kang padha kumpul-kumpul malah padha bubar mlayu dhewe-dhewe nalika ana wong teka nyangklong  noken. Misbach malah bingung kamitenggengen. Misbach lagi dhong sawise mangerteni yen dhe­weke dikira dokter kang nggawa tas kebak obat-obatan lan jarum suntik kang arep golek pasien lara ing desa kono. Kamang­ka sebageyan gedhe, warga padunung kono olehe wedi karo dokter setengah mati. Luwih-luwih karo jarum suntik. Sa­wise Misbach tepungan karo Kepala Suku, kabeh wargane lagi ngeh yen tekane Mis­bach malah arep nyilihi buku supaya di­waca. Tekane Misbach banjur dadi gu­yon, warga banjur bali nyedhaki lan bukune Misbach malah dadi rayahan.

Ing Sulawesi ana kadang sing jenenge Kamarudin Aziz sawijine sarjana bidang kelautan karo sijine maneh Ridwan Alimu­din penulis buku. Kadang loro kuwi nula­rake virus literasi seneng maca menyang dhaerah-dhaerah kepencil ing pedalaman kanthi nekani warga migunakake trans­portasi prau. Upayane kadang loro mau, tinampa becik dening warga dhaerah ke­pencil pedhalaman. Ibu-ibune padha maca wiwit buku mangsakan, cara ngrumat bayi lan bocah, wondene bapake maca buku ketrampilan olah tetanen lan perikanan. Amarga tekane migunakake prau mau, kadang loro kuwi kondhange banjur diarani Prau Pustaka.

Ing Purbalingga cedhak papan erenge gunung Slamet Jawa Tengah, pegiat literasi  jenenge Ridwan pegaweyane ngrumat kewan jaran. Anggone “literasi jemput bola” mau, Ridwan migunakake jarane kanggo nggawa buku maneka jinis. Buku diwadhahi tas diseleh ing geger jaran, banjur mlaku dharat nuju desa-desa ing erenge gunung Slamet. Ing desa-desa kang diliwati, jarane mandheg. Banjur Ridwan bukak tas isi buku. Warga desa padha teka milih buku kekaremane dhewe-dhewe. Diwaca gratis. Sawatara warga padha maca, Ridwan lagi bisa nga­so. Semono uga jarane, diwenehi ngom­be, kadhangkala uga dipakani. 

Para kadang pegiat literasi kang ngajak warga padha seneng maca mau, pranyata wis ana kang kaimpun karo jaringan pustaka kaya kang wis ditindakake dening Nirwan Ahmad Arsuka sawijine penulis lepas. Jaringan mau diarani Pustaka Bergerak. Jaringan Pustaka Bergerak iki, padha aweh pambiyantu sarta menehi solusi yen samangsane ana pegiat literasi  ing dhaerah liyane nemoni karepotan kaya kekurangan buku kanggo warga   ing desa-desa kepencil. (Ana candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Nalika kita kudu mbayar rega kang satemene ora perlu kita tanggung, mula satemene nalika kuwi kita lagi sinau bab “kaluhuran budi…”.

Klik

POCONGAN NUMPAK OJEK

Dinane iki, angkutan online pancen dadi transportasi kang populer ing masyarakat. Ya, sebab kanthi dukungan teknologi kang canggih wong sing butuh jasane ojek kanggo urusan apa wae gampang kasembadan, klebu ing antarane…. Pocongan! Hiiii….. (d/ist)***

Pethilan

Praperadilan Setnov dibacutake

Sajangkah maneh….

Polri pengin Densus Tipikor padha karo KPK

Endi sing ayakan endi sing emas?

Wiranto klarifikasi bab tukon senjata menyang panglima TNI

Sapadha-padha jenderal ‘dilarang saling mendahului’