Pasareyane Guntur Geni
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 576 kali

Desa kuwi jenenge  Guntur, awit sing dadi cikal bakale asma Ki Ageng Gunturgeni, uga asring disebut Kyai Gunturgeni. Ujare kandha uripe Gunturgeni wata­ra jaman Kraton Mataram Ja­wa, utawa jaman Panembahan Senapati. Desa Guntur mapane aneng sawetane Kali Gedhe. Ing pinggir desa kang cedhak karo kali gedhe mau, ana bumi pe­makaman jembar. Ing te­ngahe pemakaman ana cung­kup ge­dhe wangun joglo. Ya kuwi cungkup pasareyane Ki Ageng Gunturgeni utawa ka­prah dise­but Mbah Cikal Bakal.

Cungkupe Mbah Cikal Bakal  kayoman wit trembesi sing ge­dhe dhuwur tur ayom. Yen di­watara gedhene delege uwit kira-kira limang prangkulane wong diwasa. Warga kono ora ngerti pira umure wit trembesi kuwi, amung digerba wae kira-kira umure wis atusan taun. Tumrape war­ga pedunung Desa Guntur, pasare­yan kuwi dijaga banget kawibawane, utawa malah dikramatake. Awit kapita­ya­ne akeh, ing kono dadi papan pasare­yane pepundhen sing nurunake warga Guntur.

Miturut kapitayane warga, ing laladan sakitere pasareyan kuwi dijaga dening gandarwa abdine Kyai Gunturgeni duk na­li­ka sugenge biyen. Anut gotheke war­ta, gandarwa kuwi wujude nggegirisi. Gedhe dhuwur, wulune dhiwut-dhiwut, mripate abang kaya geni mawa lan ru­pane kaya buta duwe siyung. Dening warga Guntur, gandarwa kuwi disebut minangka Mbah Baureksa. Dununge gandarwa mau pancen njaga laladan pe­makaman, utamane njaga kawibawan lan kinurmate sing sumare ya Kyai Ageng Gunturgeni. Wis akeh warga sing diwe­ruhi wewujudane Mbah Baureksa, mula para warga  padha ngantebi keyakinan ora ana sing wani munasika, ngganggu gawe, apa maneh gawe rusak weweng­kon pasareyan. Kabeh wedi yen dadi pa­ran nesune Mbah Baureksa.

Tau ana lelakon sing dadi pepeling tumrap warga kono. Sawijining wektu ana warga sing jeneng Darja, wanuh-wani menek wit trembesi ing pamakam­an saperlu ngalap godhonge kanggo pa­kan sapi. Anggone nutuhi pang ora kira-kira, malah sisan ngalap kayune kanggo kayu obong. Pang-pange trembesi sing ditutuhi ceblok nibani cungkupe Mbah Cikal Bakal, nganti akeh gendhenge sing padha remuk. Wis dielingake dening kan­cane sing jeneng Sajiman supaya enggal mudhun saka trembesi lan aja ka­kehan anggone nutuhi pang-pange. Karo maneh wit saka tumindake Darja cungkup pasareyane Kyaine dadi rusak. Nanging Darja ora maelu. Dheweke panggah nutuhi pang kayu, ora nggugu tuture kancane. Malah sumaur cenge­ngesan sajak ngenthengake prekara.

“Weleh Man, mbok aja neka-neka. Aku disrengeni Pak Lurah wae ora wedi, apa maneh mung karo Kyaine sing wis mati. Karo wong urip wae aku ora wedi kok Man, apa maneh karo wong mati. He he he…”

Oleh wangsulan sing semu ngasor­ake mau, Sajiman terus lunga karo grun­delan. “Ya wis Ja yen ora  kena takeling­ake, yen ana apa-apane tanggungen dhe­we.”

Rada suwe saka saungkure Sajiman, ana warga sing mulih saka sawah ne­mokake Darja klenger mlumah nga­thang-athang neng pinggir wewengkon pemakaman. Dening warga mau Darja digotong mulih kanthi………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe weruh semut kepleset lan ceblok ing banyu, mula angkaten lan tulungana dheweke...  Sapa ngerti kuwi dadi sebab anane ampunan tumrapmu ing akherat mengko.

Klik

FESTIVAL CAGANARES

Caganers yakuwi sawijining festival kang dianakake saben wulan Desember ing daerah Catalunya utawa Barcelona, Spanyol. Festival iki bakal ndadekake sapa wae gedheg-gedheg. Kepriye ora, merga masyarakat ing kono ngumpulake maneka figur tokoh dunia kang lagi mbukak kathoke lan (ngapunten) bebuwang. Tokoh duniane macem-macem, kaya Ronaldinho, Albert Einstein, Michael Jackson, Donald Trump, Barrack Obama, lsp. Festival iki ngemu teges yen sapa wae satemene padha tanpa ndeleng trah utawa jabatane nalika bebuwang. (d/ist)***

Pethilan

LP Banda Aceh ribut, 113 napi kabur

Sapa sing betah nang pakunjaran?

Cawe-cawene guru ora bisa digenteni

Apamaneh sing jenenge Pak Google

600 dina kasus penyerangan Novel durung kawiyak

Aparat lagi asyik ngetung dina mbok­menawa