Legendaris gudheg Yu Djum tilar donya
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 36 kali

Patut Tinuladha, Sanajan Sepuh Tetep Makarya

Langit sak ndhuwure Dusun Karangasem, Caturtunggal, Depok, Sleman, Yogyakarta katon kalimputan dhuhkita. Karana Legendaris gudheg Jogja, Yu Djum kapundhut bali ana ing pangayu­nane Gusti Kang Akarya Jagad dina Senen bengi tanggal 14 November 2016. Kabar dhuhkita cepet nyebar ana ing media sosial.

“Mbengi iki awakku kaget ngrungu kabar dhuhkita menawa streetfood warior Ibu Djuariah tilar donya, muga khusnul khotimah’ mangkono atur belasungkawa pandhemen kuliner Bondan Winarno ana ing akun twittere.

Saliyane Bondan Winarno, akeh uga sing melu ndherek belasungkawa. Ru­mangsa kelangan salah sijine legenda gudheg sing wis dodolan gudheg 60 taun lawase ana ing wewengkon Ngayogya­karta. Apa maneh sing wis dadi langgana­ne. Rumangsa kapedhotan katresnan. Awit ora bisa meneh geguyonan ana ing dhapur pangolah gudheg ing omahe.

Sawatara dina sadurunge Yu Djum kober dirawat ana ing Rumah Sakit Bethes­da Jalan Solo Yogyakarta. Kasarasane mudhun karana awake ringkih sawatara wektu kepungkur sarta yuswane wis ka­golong sepuh. Sanajan wis sepuh, jaman sugenge, padinan ora bisa ninggalake kegiyatan ana ing dhapur. Ana wae sing katindakake.

Rampung nyiapake bumbon utawa dhus, ganti nyuweki sarta ngelapi godhong gedhang kluthuk. Mungguhe dheweke gudheg wis mbalung sungsum. Wose dadi dalane urip sing diparingke Gusti Kang Akarya Jagad marang dheweke. Mula sa­najan wis sepuh tetep makarya. Ora bisa ninggalke. Kabeh dilakoni kanthi seneng.

Kamangka anak, anak mantu, putune padha sengkut anggone ngupaya nerusake usaha dodolan gudheg cakrik Ngayogya­karta sing disenengi dening masyarakat ngenggon apadene manca nagara. Wiwit saka ngurusi bahan panggawe gudheg, masak, mranata ana ing wadhah, nganti nglayani sing padha tuku ana ing warunge.

Tekan dinane iki warung gudheg Yu Djum wis bukak ana ing 12 papan panggo­nan. Ora mung sumebar ana ing Ngayog­yakarta. Kepara ana sing bukak ing kutha Solo. Sanajan sing didol gudheg, nanging tata rakit wewangunan warunge ana sing digawe modhel restoran. Sing mesthi ka­bersihan sarta pelayanan sing gawe krasan tansah digatekake.

Sakehe warung iku prasasat ora tau lowong. Saben dina mesthi ana sing icip-icip gudheg. Apa maneh nuju mangsa pre­inan. Sing padha ngersake dhahar gudheg kadhangkala kudu sabar ngantri. Babar pisan ora ana sing protes. Dhasar rasa gu­dhege isih ajeg kadidene duk inguni.

Karo maneh rasane pas mungguhing wong Indonesia. Miturut istilahe Bondan Winarno, rasane mak nyuuus. Rasane bisa ajeg, merga sakabehe isih migunake cara lawas. Gori minangka bahan dhasar gudheg isih ajeg njupuk saka daerah Prembun Kebumen. Gori saka Prembun pancen dikenal kualitase apik.

“Menawi gorinipun sanes saking Prem­bun, raosipun radi benten mas,” mangkono ujare Tri Widodo salah sijine mantune Yu Djum.

Sawernane bumbu sing digunake uga isih nganggo racikan cara lawas. Semono uga tata cara pangolahe, sanajan wis migunake panci apadene wajan, nanging isih migunake cara tradisional. Menawa cara ndesa migunake kwali. Mung wae merga wis dianggep ora praktis sarta luwih angel pangruktine, mula banjur diganti panci gedhi.

Kayu bakar isih dadi andelan sajrone masak. Jinise kayu sing dienggo uga tar­tamtu. Ora kena kayu sembarangan. Beba­kune jinis kayu sing atos sarta semune ang­ganda wangi. Upamane kayu rambutan utawa klengkeng. Panase awet tur meneh bisa warata. “Menawi migunakaken kajeng sanes, raosipun masakan saged malih mas, awit matengipun boten sami,” Tri Widodo nerangke.

Panci ditata ana ing luweng  larik-larik. Kayu diurupake ana ing sak ngisore saben luweng. Genine tansah dijaga amrih ge­dhene ajeg. Menawa ana tugelan kayu sing wis meh entek, enggal ditlusupi kayu anyar. Ukurane kayu uga tartamtu. Ora kena sem­barangan. Awit bakal mrabawani panas lan orane geni sing murub.

Murube luweng  dijaga  ora tau man­dheg. Awit wektu sing dibutuhke sajrone masak gudheg suwe. Apa maneh nalika masak endhog, jinis lawuh sing nunggal pisah kalawan gudheg. Amrih bumbune bisa rumesep kanthi alon nganti warata tekan bageyan njero. Menawa ora warata bisa gawe kuciwa sing tuku sarta ora awet.

“Tigan ingkang dipun ginakaken taksih tigan bebek sadaya,” imbuhe Tri Widodo maneh .

Miturut ilmu kuliner, bumbu luwih bisa rumesep ing njerone endhog bebek. Sa­wise mateng katon luwih padhet sarta gempi. Wernane soklat tuwa ing bageyan njaba katon luwih warata sarta edi. Beda kalawan endhog pitik. Wernane kurang soklat sarta kurang padhet. Sing mesthi rasane ora bisa ngemperi. Sanajan pa­ngolahe padha suwene.

Suwene ngladeni wong tuku, sanajan jaman saiki anggone ngladekake wis migunake piring beling utawa piring saka nam-nam penjalin, sarta bungkus saka kertas, nanging tetep ora ninggalke go­dhong kluthuk. Paran dununge godhong ora merga amrih katon tradisional. Nanging bisa ndadeke rasa gudheg ajeg sarta luwih awet.

Awete gudheg dadi salah sijine kuncine do­dolan panganan jaman saiki. Apa maneh akeh masyarakat njaban kutha sing kepe­ngin pesen apadene tuku gudheg minang­ka oleh-oleh nuju plesiran menyang Yog­yakarta. Amrih aman, gudheg apadene endhog kawadhahan ing kendhil. Kadidene gudheg kendhil bu Citra.

Citraning Yu Djum iku ora teka ujug-ujug. Sak durunge dodolan gudheg, sem­pat nggantungke urip saka golek kayu sarta gegodhongan apadene suket. Kaedol marang sing duwe kewan. Merga ora ana undhak-undhakan, mula banjur nyoba dodolan gudheg. Jaman semana, anggone dodolan gudheg kanthi digendhong ana ing sakiwa tengen Bulaksumur.

Amrih luwih tumanja anggone dodolan nganti tekan Wijilan. Akeh piyayi luhur ing kono sing seneng marang dodolane. Ke­para banjur ana sing dadi langganan. Nuju anggone dodolan ora entek, banjur di­wungkusi sarta dititipake marang wong dagang ing pasar Beringharjo sing uga katelah Sar Gedhe.

Gedhening panggayuh, suwe-suwe bisa nyewa kios ana ing wewengkon Mbarek. Kapernah sisih lore Kampus UGM. Tan antara suwe Yu Djum banjur ngukuh­ake anggone dodol gudheg garingan. Jaman semana klebu barang anyar. Awit lumrahe sing didol gudheg teles. Merga akeh sing seneng, mula banjur akeh sing niru.

Sanajan gudheg garingan wiwit dise­nengi, nanging pangripta luwih seneng mangan gudheg teles. Apamaneh bung­kuse godhong. Rasane luwih pas ana ing ilat. Banjur kelingan jaman sekolah biyen. Nuju ana acara ing sekolahan, asring tuku gudheg ana ing omahe Yu Djum ing Karangasem.

Bab iku ndadekake bisa kenal luwih cedhak. Mung wae bakda rampung seko­lah wis arang banget ketemu. Sajrone nglayani, Yu Djum asring mituturi marang sing tuku. Apa maneh nom-noman kaya pangripta. Ana pitutur sing tekan jaman saikine isih kelingan terus.

“Sajrone nglakoni urip, senajan umure wis tuwa, manungsa kudu tetep makarya, ora kanggo awake dhewe, ning kanggo nge­­penakake anak putu sarta mulyake leluhur,” mangkono pituture Yu Djum ja­man su­genge.

Jaman biyen rada maido. Apa ya iya sih, kudu mangkono. Nanging nembe ngandel sarta ngerti, bareng meruhi menawa Yu Djum nglakoni temenanan marang apa sing nate dikandhake marang wong liya. Nganti puput yuswa isih terus setya makarya. Sugeng tindak Yu Djum, mugi sikep luhur panjenengan saged kang­ge patu­ladhan.**

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita weruh prau ing sandhuwure banyu kuwi bab kang lumrah, nanging dadi bebaya yen ana banyu ing njero prau. Mula kita kena mapanake ati iki ing jagad nanging aja nganti mapanake jagad ksb ing ati kita

Klik

MAYIT BAYI ?

Akeh restoran ing donya iki padha nyoba nyuguhake panganan kanthi cara kang aneh-aneh. Salah sijine kaya ing The Magic Restroom Cafe ing California iki. Restoran iki nyuguhake panganan kanthi tema “mangan mayit”. Senajan jabang bayi kang ana ing meja iki mung ethok-ethokan wae alias digawe saka pudhing. (d/ist)***

Pethilan

Ngrampungake kasus DPD kudu liwat jalur hukum

Sauger dudu hukum rimba

Mediasi Kraton Surakarta gagal

Ora usah dirujukake, rak kesel dhewe

Kursi DPRD Jatim, Jateng lan Jabar tambah

Taman Kanak-kanake saya rame…