Ngenalake Wayang Pesisiran utawa Wayang Babad
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 66 kali

WAYANG Kulit ing Indonesia pancen werna-werna. Ana wayang kanthi lakon Maha-bha­rata lan Ramayana kang asale saka India. Ana kang dijenengake wayang Su­luh, kanthi paraga para tokoh nasional kaya Bung Karno, Bung Hatta, Muham­mad Yamin, lan para tokoh sak angka­tane. Ana Wayang Sadat garapane Sur­yadi WS kanthi crita para Walisanga kang­go kepentingan dakwah. Wayang Wahyu kang isine ngenani missi Nasrani.

Ir. Eko Suryo Maharso, Kepala Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogya­karta, nyoba ngenalake wayang kang asring disebut  Wayang Pesisiran utawa Wayang Babad. Wayang iki critane nge­nani Babad Mataram kang critane wiwit saka  babat alas Mentaok, banjur crita kejayaan Mataram ing jaman Sultan Agung tekan jaman Kasultanan Yogya­karta lan Kasunanan Surakarta.

“Aku pancen kepengin crita sejarah. Mung wae anggone crita ora lumantar buku nanging liwat wayang,” critane Ki Eko Suryo Maharso marang wartawan. Crita kang digelar bisa wiwit saka critane Ki Ageng Giring, Babat Alas Mentaok, anane Keraton Mataram, Kejayaan Sultan Agung, Bedhahe Kartasura, nganti  Ka­sunanan Surakarta lan Kasultanan Yogyakarta.

“Akeh kang ngarani menawa wayang iki Wayang Pesisiran, ana kang kandha menawa iki Wayang Babad, sumangga. Sing baku crita kang tak suguhake iku ngenani jaman Mataram,” mangkono panambahe Pak Eko. Crita wayang babad iki bisa digelar suwene patang jam. Are­pa sakbenere bisa sedina muput, na­nging supaya ora njuwarehi digawe mo­dhel kang luwih padhet.

Kaya nalika tampil ing Taman Parkir Komplek Pasareyan Raja-raja Mataram ing Kotagede durung suwe iki.  Crita kang disuguhake bengi iku diwiti kanthi gerahe Panembahan Senapati. Banjur dhampar kencana dilenggahi Sunan Hanyakrawati kang seda nalika beburon ing Alas Kra­pyak kang papane sakulone Keraton Ma­taram ing Kotagede. Sunan Hanyakra­wati kang uga katelah Panembahan Se­da Krapyak iku banjur diganti putrane Mas Rangsang, kang banjur jejuluk Sultan Agung.

Critane banjur muyer ana ing jamane Sultan Agung. Wiwit kepriye dheweke ga­we paprentahan adil ana ing Keraton Mataram. Uga crita nalika ana laporan pa­nalangsane para kawula ana ing Pe­sisir Lor Tanah Jawa awit trekahe sarekat dagang VOC saka Walanda kang asring gawe kapitunane para kawula. Kalebu crita pepasihane Sultan Agung karo Ratu Kidul.

Crita liyane yaiku nalika Sultan Agung ngumbara ana ing tanah Arab. Patemon­an Sultan Agung karo Syech Rasyid, kang minangka panguwasa ing Tanah Arab, lan maneka crita liyane. Wayang ka­­gungane Pak Eko Suryo kanggo ngu­ripake Wayang Babad utawa Wayang Pesisiran pancen pepak. Ana wayang kang nggarmbarake Panembahan Seno­pati, Sultan Agung, Ki Juru Martani, Ratu Kidul, wayang kanggo nggambarake wong Arab uga ana.

 

Limbukan lan Punakawan

Ora mung kuwi. Ana ing Wayang Ba­bad utawa Wayang Pesisiran uga ana Limbukan lan Punakawan. Mung wae kanggo Punakawan, ora nganggo Se­mar, Gareng, Petruk utawa Bagong, na­nging jeneng-jeneng wong Jawa biasa­ne. Salah sijine ana tokoh Punakawan kang dijenengake Basiyo. Tokoh dhage­lan kang kalebu legendaris ana ing jagate hiburan. Uga ana tokoh Landa menawa nggambarake Kumpeni.

Crita kang disuguhake tilas dalang kang uga tau ngasta minangka Kepala Dinas Pemukiman dan Prasana Wilayah (Kimpraswil) Kota Yogyakarta iku pancen pepak. Saliyane crita Kejayaan Sultan Agung, Pak Eko Suryo Maharsono uga tau nyuguhake crita Geger Pacinan utawa Bedhahe Kartasura. Uga crita ngenani Pangeran Mangkubumi kang gayutane karo Perjanjian  Giyanti nganti  Keraton Mataram pecah dadi loro Kasunanan Su­rakarta lan Kasultanan Yogyakarta.

“Lakon Pangeran Mangkunbumi iku ditulis sedulur Bondan Nusantara. Ana per­gelaran kolaborasi kethoprak karo wayang babad ana ing pengetan Hari Pers Nasional, ing Auditorium RRI Geja­yan, Yogyakarta, wulan April 2013 ke­pungkur,” cri­tane Ki Ir Eko Suryo Ma­har­­sono nge­nani maneka kiprah nge­nalake wa­yang babad.

Kanggo ga­we crita wa­­-yang ba­bad. Ir Eko Suryo Ma­har­sono akeh maca bu­ku. Mli­gine buku-buku kang ana ge­ga­yu­tane ka­­ro sejarah Mataram. Wi­wit bu­ku-bu­kune HJ de Graff saka Walanda kang crita ngenani cikal bakal Mataram Islam, buku Babad Tanah Jawa engga buku “Centhini” kang ditulis maneh de­ning penulis saka Pe­rancis Elisabeth Ina­diak. Lan uga buku anggitane SH.Mintar­dja ing antarane Api Di Bukit Menoreh.

Malah karo Elisabeth Inadiak, Eko Suryo tau manggung bareng, nalika ngge­lar wayang kanthi lakon Kyai Ageng Giring. Crita ngenani Kyai Ageng Giring iku njupuk saka buku Centhini kang ditulis maneh dening Elisabeth Inadiak. Wektu iku dheweke uga tampil ndalang ana ing Dondongan uga.

Eko Suryo ora mung anyaran ana ing jagading wayang. Sadurunge kuwi, pe­jabat Pemerintah Kota Yogyakarta kang nyambi ndhalang iki uga dikenal minang­ka dhalang wayang kulit purwa. Dhe­weke uga bola-bali tampil minangka dha­lang ana ing pergelaran wayang kulit. Lan sali­yane tampil kanthi pagelaran wa­yang ba­bad utawa wayang pesisiran, Ki Eko Suryo uga gelem menawa di­tanggap tampil ana ing pagelaran wa­yang kulit kla­sik. “Ke­pengin crita Rama­yana utawa Mahaba­rata mangga,” mangkono prate­lane.

Ana ing babagan iku koleksi wayange uga pepak. Daleme ing kukuban kam­pung Purwokinanthi, Pakulaman uga di­lengkapi seperangkat gamelan leng­kap. Lan dheweke uga ngolehi para war­ga pa­dha dolanan wayang. Padha sinau ka­rawitan utawa pada nyinau tembang-tembang Jawa. Nanging pancen, wayang babad utawa wayang pesisiran kang nda­dekake  kondhang. (Hamid Nuri)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane