Rokok Gedhi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 100 kali

Rokok Gedhi

 

Cilikanku biyen omahku Kertosono, dalanan menyang pabrik gula Lestari-Patianrowo. Jaman biyen akeh wong ngrokok nglinting dhewe. Yaiku mbako dideleh dhuwure klobot, terus dilinting. Omahku cedhak karo perusahaan klobot godhogan. Klobot digodhog, dipepe, terus diuntingi, didol. Sing tuku/kulak bakul-bakul sekitere pabrik gula. Yen wayah giling, klobot iku laris, nganti sing kulak ngenteni diuntingne utawa ditinggal menyang pasar, nek mulih diampiri.

Salah sijine tengkulak, wonge kakung wis rada tuwa kulak klobot arep didol maneh. Merga durung enek untingan, wonge ngenteni, sinambi eker-eker klobot garing milih sing amba gedhi. Bareng wis oleh diisi mbako kurang luwih sak ons, dilinting dadi sak tanganan arit, ditaleni barang. Ditakoni karo sing bakul klobot “Kok ageng pak, ngentek-enteki sata?” “Nggih, disumet nek pengin, dipejahi nek pun wareg, disumet malih nek pengin malih ben gak bolak-balik nglinting,” ngono jawabe wong iki mau. Let sedhela pesenane wis dadi “Niki pak pun setunggal atus unting” kandhane bakule. Wong iku mau terus mbayar, bar mbayar nyumet rokoke. “pun nggih” pamite wong iku mau. Banjur ngontheli sepedhahe karo rokokan molo-molo, merga gedhi. Wong sing weruh padha ngguyu cekakakan weruh wong ngrokok molo-molo maeng, apa tumon ngemut rokok kok kaya nyebul trompet.

Umi Harini-Bandar, Jombang

 

Dosen Dikira Tukang Batu

 

Sing arep tak critakake iki kedadeyan sing tak alami dhewe, dhisik dina Jumat, tanggal 30 September 2016. Wektu kuwi kira-kira jam 14.00, aku lagi tangi turu isih durung medhun saka tempat tidur, isih aras-arasen. Saka HP ku krungu ana sinyal panggilan mlebu, cekekal aku tangi nyandhak HP terus aku muni: “Hallo”, terus saka kana ya nyauri: “Hallo, Pak watune empun dugi dhek wau siang, benjing wiwit nggarap malih nggih?”

Aku sanalika kuwi kaget, banjur tak delok jenenge neng HP ku jebule jenenge mahasiswaku angkatan 2010 biyen, aku meneng bae karo mesem, jajal piye reaksine dheweke. Lha tenan, dheweke sadhar yen salah sambung banjur asok pasrah keluputan karo ngguyu, aku ya karo ngguyu takon: “Lagi mbangun no sampeyan?” sakala dheweke (Mimin), mahasiswaku mau nyambung: “Inggih, Pak, pokok kenging kanggo ngiyup, nuwun sewu lho Pak, nganggu matur suwun.”

Saka pawon bojoku takon: “Sapa mas, sajake kleru sambung?”

Sauranku: “Mantan mahasiswiku, Mimin, sajake olehe telephone kesusu.” Barang tak critani bojoku melu ngguyu, mulane yen padha jenenge kuwi diwenehi kode khusus, upamane profesine apa.

Apa tumon, dosen diarani tukang batu?

Soebagjo-Kediri

 

Bocah Sontoloyo

 

Nek bab urusan dhuwit, ora mung wong diwasa wae sing matane ijo. Anton, tanggaku sing isih TK, semono uga nek nyekel dhuwit. Dheweke urik tur julig. Ora mung kuwi, Anton iki klebu bocah sing njajanan.

Ana bakul dhawet liwat, jajan. Ana bakul jenang gempol liwat, jajan. Ana bakul bakso liwat, jajan. Wis, Anton iki pancen bocah njajanan. Lha, malah, ana bakul lincak liwat ngarepe wae, Anton njaluk ditukokake, kok. Pokoke, apa wae sing liwat mesthi dijaluk. Wong tuwane Anton, Pak Rahmat lan Bu Tatik nganti judheg ngrasake bocah siji iki.

Lha, durung suwe iki, sauwise bali saka sekolah, ora ana udan ora ana bledheg, Anton nangis sak kayange mbrebegi donya. Bapakne Anton sing lagi mriang awake marani karo takon, ana apa kok nangis.

“Anu, Pak, dhuwitku ilang. Hue . . .!” tangise Anton sora.

“Oalah, mung ngono wae kok nangis. Pira dhuwitmu sing ilang?” pitakone Pak Rahmat.

“Limang ewu, Pak. Hue . . .!” Anton nerusake tangise.

“Wis, le nangise meneng. Nyoh, dhuwitmu sing ilang tak ijoli,” ujare Pak Rahmat karo menehi dhuwit limang ewu.

Nampa dhuwit limang ewu, Anton mesem terus meneng. Pak Rahmat lega, banjur nerusake anggone arep ngaso.

Ee, ora let suwe, Anton nangis maneh luwih sora. Pak Rahmat jengkel, banjur marani maneh anake lanang siji kuwi.

“Sontoloyo, ngapa kok nangis maneh, dhuwite wis diijoli, ta?” suwarane Pak Rahmat rada nggetak.

“Anu, Pak. Nek dhuwitku sing limang ewu mau ora ilang, temtu aku duwe dhuwit sepuluh ewu. Ananging gandheng ilang, dhuwitku mung limang ewu. Hueeeeee!!!” tangise Anton tansaya sora.

Pak Rahmat mung mlongo ngempet guyu meruhi anake sing sontoloyo kuwi

Agung Hartadi – Yogyakarta

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Jroning urip iki, mbokmenawa kita ora cukup becik kanggone kabeh wong, nanging kita bakal tansah dadi kang paling becik kanggone sahabat kita

Klik

WIT NATAL MLAKU

Ornamen abang lan cahya lampu akeh ngrenggani papan-papan publik sasuwene perayaan Natal. Ing kana kene ora lali akeh hiasan wit Natal. Nanging sing siji iki ana tampilan wit Natal kang ora biyasa lan bisa digawa menyang ngendi-endi. Yup, wit Natal unik iki digawe saka rambut kang dimodel saemper wit Natal saengga bisa mlaku menyang ngendi-endi. (d/ist)***

Pethilan

Guru dijak nyusun soal ujian akhir SMP/SMA/SMK

Jawabane tetep padha, bondha bandhi ...

Demo ngedhunake daya saing buruh lokal

Nanging ana bab liya sing mundhak, dalanan macet!

Kompetensi buruh Indonesia perlu ditingkatake

Ben ora mung jago demo!