Parasara Lair (9)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Padhalangan - Dibaca: 82 kali

Ndulu kahanan mangkono para panakawan padha miris, dene momongane kang lagi sungkawa, ora bisa sirep sungkawane, malah kasor ing yuda nganti seda kauntal dening raja yaksa. Para panakawan padha tetangi­san, temah padha bingung pating bilu­lung. Pepuntoning rembug kabeh kaha­nan iku kudu enggal diaturake marang sing kawogan.

Genti kang cinarita, kang ana ma­dyaning wana, Resi Sakutrem, Prabu Partawijaya, Prabu Ambinasa lan Puthut Supalawa padha rerembugan kepriye anggone ngupadi mendrane Bambang Sakri.

“Yayi Prabu Partawijaya, Sang Prabu Ambinasa sarta Puthut Supalawa. Sapu­nika sampun dumugi madyaning wana, tebih saking Pertapan Saptaharga, anggen kita sami ngupadi Bambang Sakri, teka dereng wonten titikanipun badhe pinanggih. Kula nyuwun rembag ndika Sang Prabu Partawijaya,” pangan­dikane Resi Sakutrem ingkang lagi sung­kawa jero.

“Kangmas Resi Sakutrem, punika wau sampun lumampah mangaler, samangke dipun gantos mangetan, mbok bilih sa­geg enggal pinanggih,” ature Prabu Partawijaya.

“Sang Resi, kalawau saben wonten tiyang lumampah, temtu kula tangleti mbok bilih sumerep lampahipun tiyang bagus satunggal dipun tutaken batur sekawan ingkang rupinipun awon tur lucu. Nanging sedaya punika sami mboten mangertos, mboten nyumerapi. Pramila kula piyambak dados bingung,” ature Prabu Ambinasa nambahi.

“Sang Adi Panembahan, punapa mboten prayogi dipunperang dados sekawan kemawon? Paduka Sang Resi Sakutrem tindak ngidul. Sinuwun Prabu Partawijaya mangetan. Sinuwun Prabu Ambinasa mangaler, dene kula pun Pu­thut Supalawa mangilen. Mbok bilih mboten kadangon, saged enggal pinang­gih kalawan ingkang dipun upadi?”

Kocapa aturipun Puthut Supalawa du­rung nganti ditanggapi, kasaru playu­ne para panakawan karo padha tawang-tawang tangis.

“Hiiih lae-lae. Niki gek pripun, lha, enten kedadosan kados ngaten?  Hai aih aih aih. Sang Adi Penembahan, keleresan Resi Sakutrem napa sampun onten mriki. Aeh aeh, kula ajeng matur, ngaturaken ketiwasan, Deen, huu huu hhuuu,” ature Semar karo nangis.

“Wo ho ho. Niki kepripun, Ndara? Ketiwasan, ho ho hooo, hoaa hoa,” Gareng nggero.

“Ketiwasan kepriye Gareng? Ayo matura, aja mung nangis wae,” dhawuhe Sakutrem.

“Wu hhuu, hu hu hu. Keplantheng, eh kepareng matur, tiwas, ndara,” ature Petruk.

“Sing tiwas sapa Petruk? Aja nangis wae, matura dhisik amrih cetha.”

“Hu waaa, ha ha ha. He he he. Niki kula ajeng nangis. E, empun nangis, ning ajeng maturrr, hu hu hu. Kula Bagong, ajeng laporan, wau onten pembunuhan kejam.”

“Heh punakawan. Ayo salah sawiji leren anggone nangis, matura sing cetha, ana kedadeyan apa? Pamrihe enggal bisa ngrampungi perkara, kudu ana sing matur ora mubang-mubeng kaya kitiran,” dhawuhe Prabu Partawijaya.

“Kula mawon sing ajeng matur. Kula pun Petruk, niki kepareng matur………….

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Jroning urip iki, mbokmenawa kita ora cukup becik kanggone kabeh wong, nanging kita bakal tansah dadi kang paling becik kanggone sahabat kita

Klik

WIT NATAL MLAKU

Ornamen abang lan cahya lampu akeh ngrenggani papan-papan publik sasuwene perayaan Natal. Ing kana kene ora lali akeh hiasan wit Natal. Nanging sing siji iki ana tampilan wit Natal kang ora biyasa lan bisa digawa menyang ngendi-endi. Yup, wit Natal unik iki digawe saka rambut kang dimodel saemper wit Natal saengga bisa mlaku menyang ngendi-endi. (d/ist)***

Pethilan

Guru dijak nyusun soal ujian akhir SMP/SMA/SMK

Jawabane tetep padha, bondha bandhi ...

Demo ngedhunake daya saing buruh lokal

Nanging ana bab liya sing mundhak, dalanan macet!

Kompetensi buruh Indonesia perlu ditingkatake

Ben ora mung jago demo!