Kunarpa ing Gerbong Pungkasan (8)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 45 kali

Respati sing wis ndhisiki lungguh ana restoran hotel agahan menyat saka kursine nalika Indraja-ya kledhang-kledhang mara bebarengan karo Danardana. Respati nggapyuk kang­mase, ngaras pipi kiwa lan tengene. Gan­ti ngranggeh sirahe adhine. Dikekep-kekep kebak sih. Disun bathuke lan diu­yeg rambute. Danardana mbales ngga­pyuk mbakyune. Sawise kangen-kange­nan, tetelune banjur lungguh ngupeng meja mangan sing wis pepak suguhan.

“Kangmas, Dhimas, padha sugeng rawuhmu? Piye anggonmu sare, angler apa ora?” ujare Respati.

“Wuah, Res, hotelmu tambah sip. Aku nganti pangling. Limang taun ke­pungkur, nalika aku mrene, kahanane isih durung kaya ngene. Isih kuna, njem­brung lan kusem. Nalika semana aku ora krasan nginep ana kene. Ora betah, pilih turu neng daleme Bapak-Ibu ing Sura­baya. Saiki lha kok malik grembyang. Kamare oke, kasure mentul-mentul. Tu­ruku iki mau jan angler banget. Bleg, lang­sung ora eling apa-apa ha ha ha. Ce­kake hotelmu iki ora kalah dibandhing­ake hotel bintang lima. Iya apa ora, Nar?” ucape Indrajaya.

“Bener ngendikane Mas Indra. Ba­reng panjenengan sing nyekel, hotel iki sangsaya endah lan nengsemake, Mbak­yu. Top pokoke,” Danardana ngacungake jempol.

“Wah, aja keladuk ngalembana, Kang­mas, Dhimas. Aku mung saderma nglakokake bisnis penginepan iki nut ing jaman kelakone. Kejaba mbeciki hotele, aku uga masang wifi. Sebab yen ora ma­pag teknologi, hotel iki bakal kepancal. Sejene kuwi, aku uga ngetrapake ilmu  sing taksinau saka bangku kuliyah, cun­dhuk karo jurusanku, ekonomi-manaje­men.”

“Pancen kudu ngono, Res. Ngremba­ka­ning jaman sing dibarengi sangsaya ma­june teknologi ora bisa dialang-ala­ngi. Sapa sing niyat mbendung teknologi bakal dhadhal dhewe. Iki tantangan tum­rap sliramu. Minangka pelaku bisnis per­hotelan, sliramu kudu tanggap karo mobah mosike kahanan. Saiki tamu hotel ora bisa dien­teni kaya biyen, nanging kudu diparani, dipapag. Kepriye ca­rane mapag? Salah sijine ya aweh fasilitas sing dibutuhake tamu. Takanggep sliramu wis tanggap marang kahanan, sebab hotelmu wis kok pasa­ngi wifi. Kathik  sinyale kebat banget.”

“He he he…iya, Kangmas. Kuwi pancen dakseja minang­ka salah sijine sarana kanggo mapag tamu kaya ngendika panjenengan mau,” ucape Res­pati mongkog. “Oh iya, ayo iki diunjuk. Iki wedang sere khas Hotel Ndederpenyu. Manget-manget, cocog disru­put ing wanci sore sing hawa­ne wiwit adhem. Karo iki ana  nagasari, lemper, tela godhog lan jagung godhog. Jajan nde­sa, non-kolesterol.”

“Nah, cocog iki,” ujare Indrajaya karo ngranggeh nagasari.

Wong telu sing wis sawatara wektu ora ketemu iku nerusake ngobrol ngalor ngidul karo……….

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen terus sesambat marang apa kang ora kita duweni, urip iki ora bakal tau rumangsa cukup

Klik

Njala Paku

SABER, cekakan saka Sapu Bersih Ranjau, yakuwi kelompok sukarelawan ing Jakarta kang nduweni tujuan nyapu resik paku kang kececeran ing dalan-dalan ibu kota. SABER dumadi saka wong-wong kantoran, tukang ojek, mahasiswa, lan warga liyane kang gotong royong mesthekake saben aspal aman diliwati dening sepedhah montor utawa mobil. (d/ist) ***

Pethilan

Ade Komarudin dicopot: aku rapapa

Setya Novanto: aku rapadha

Baline Setnov dadi Ketua DPR luwih akeh ngundang pacela¬thon

Gara-gara papa ora tau legawa

Ketua DPR enggal diganti

Gumantung karepe papah…