Garang Asem
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 79 kali

Pak Mangun lan bojone iku senadyan wis tuwa nanging ora gelem urip nunggal saomah karo anak-anake. Anake loro: Darman lan Dar­mini. Kabeh wis mapan uripe. Dar­man bawa dhewe. Gawe omah ngetrepi kampung, warisan bagiyane simboke, cedhak bale desa, banjur bukak warung. Mracang. Dene Darmini katut jago. Urip melu sing lanang, sawijining pedagang asil bumi neng seje desa.

Pak Mangun lan bojone kuwi pancen klop, tumbu entuk tutup. Menungsa sajodho sing duwe wawasan urip kang padha. ambaknea jamane semana Se­ko­lah Rakjat wae ora tamat suprandene lantip pikire, mulur nalare. Kang tema­hane wong-wong mau kaya wis nemok­ake maknaning urip. Mungguh olehe padha omah-omah kuwi tujuwane mung kanggo nglesatarekake turun, amrih su­sur-galure ora cures.

Mula kang jeneng ngreksa, ngge­dhek­ake lan nggulawenthah anak kuwi sawiji­ning tanggung jawab kang kudu ditindak­ake. Kudu! Dadi ora kena metung “nandur ngundhuh”. Weweh tanpa nga­rep-arep tampa paweweh, pindhane sang bagaska­ra madhangi jagad raya. Saengga anak ora kanggo cageran yen wis tuwa lan bunci pamer, kang akibate lamun anake cacat, urip kesrakat, dadi memalaning brayat utawa dadi penyakit masyarakat, akeh-akehe banjur padha isin ndhaku.

Kanggo nyukupi butuh padinan, Pak Mangun lan bojone cukup ngopeni kam­pung karas kang pinggir-pinggire ditan­duri wit-witan karang kitri lan sing te­ngah ditanduri pohung, jejanganan lan sapitu­rute. Pak Mangun uga kupiya nglemokake wedhus lanang, yen sasi Su­ra tuku wedhus jemagar-jemagar lima. Ora akeh-akeh, saukur karo kekuwatane. Dipakani re­ramban lan ampas tela dicampur dhedhak, mengko wanci Idul Adha didol. Wah, be­bathene jan lumayan banget.

Anadene Mbok Mangun iya duwe sam­ben ngingu pitik kampung. Mungguh carane, methat kuthuk-kuthuk tetesan. Babon-babone didusi terus diumbar saba maneh, selagine kuthuk-kuhtuke dideleh boks. Dipakani krembel lan yen bengi di­wenehi lampu murih anget. Upama dene babon lima, paling ora duwe kuthuk tete­san patang puluh tekan seketan. Yen ku­thuk-kuhtuk mau wis semlamber banjur diculake, diumbar saba ndhadhah kaya pitik sing gedhe-gedhe. Pitik kuwi yen wan­ci Riyaya Idul Fitri lan sasi Apit, Besar larang. Pitik jago regane tekan satus pitung puluh lima nganti rong atus ewu.

“Mbokne, wong ben dina kok mangan lawuh kuluban, krawu, sambel trasi. Mon­cer-moncere pindhang utawa ban­deng,” cluluke Pak Mangun salebare sara­pan esuk. Godhogan uwi lan wedang teh gi­nasthel. “Mbok kala-kala mbeleh pitik, ben ilat iki isa koget-koget. Wong pitikmu ke­mroyok, pitikmu sing gedhe ki bareng tak etung jebul ana suwidakan, lho!”

“E, e, e…pitik ki suk yen riyaya la­rang. Wong pitik dicagerna kanggo nu­kokake kalung putumu lan dibeleh kang­go lawuh suk nek anak putumu dha nglum­puk riyayan neng kene, kok malah neka-neka sampeyan kuwi!” semantane Mbok Mangun semu methentheng.

“Nukokake kalung Arum ki suk Besar sisan, yen aku wis lebar adol wedhus. Dadi kalunge ben…………..

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen terus sesambat marang apa kang ora kita duweni, urip iki ora bakal tau rumangsa cukup

Klik

Njala Paku

SABER, cekakan saka Sapu Bersih Ranjau, yakuwi kelompok sukarelawan ing Jakarta kang nduweni tujuan nyapu resik paku kang kececeran ing dalan-dalan ibu kota. SABER dumadi saka wong-wong kantoran, tukang ojek, mahasiswa, lan warga liyane kang gotong royong mesthekake saben aspal aman diliwati dening sepedhah montor utawa mobil. (d/ist) ***

Pethilan

Ade Komarudin dicopot: aku rapapa

Setya Novanto: aku rapadha

Baline Setnov dadi Ketua DPR luwih akeh ngundang pacela¬thon

Gara-gara papa ora tau legawa

Ketua DPR enggal diganti

Gumantung karepe papah…