Bedhah wacan bocah; Wacan Bocah Kudu Nggenah

Anyar Katon, Flash - Posted by on November 4, 2010

Bangsa ngendi wae ora duwe impen para mudhane mundur bebudene. Wis makaping-kaping kita diajak ngrembug pentinge “Pendidikan Karak-ter” kanggo anak turun kita, bangsa Indonesia. Lan wis samesthine yen kita sarujuk lan wajib melu nyengkuyung babagan kuwi kaleksanan liwat kabeh jalur sing bisa diterobos (jalur pen-didikan informal, formal, uga non-formal). Salah siji cara kang efektif kanggo melu cawe-cawe menehi teladhan karakter pinunjul para mudha bisa katempuh sarana nyedhiyani wacan kang apik, kreatif, lan bisa ditampa konsumen. Buku kang dadi objek ing paparan iki yakuwi seri kumpulan dongeng bocah asesirah “Kura Sugih Reka.”

Buku kasebut ora buku anyar gres. Wacan bocah kang kalebu dongeng kasebut diterbitake Yayasan Jawi Adi, Surabaya tahun 2006. Ana paraga lima kang dadi tim penulis buku: Moechtar, Suparto Brata, Aryo Tumoro, Kukuh Setyo Wibowo, lan M. Wijotohardjo. Jeneng-jeneng kang ora asing maneh ing kancah kesusastran tanah Jawa. Kang menehi illustrasi Kus­sunaryono.  Sepisan maneh, buku kasebut ora anyar gres. Ananging ora ana salahe diomongake, amarga buku kasebut isih umur balita, lagi arep patang tahun. Lan maneh, akeh wong tuwa, uga sekolah kang durung mangerteni anane buku kasebut.

Fisik buku cukup nengsemake. Kertas cover kang apik lan ayu ilus-trasine, gampang narik kawigatene para bocah. Dongeng katulis ing kertas HVS kanthi pilihan lan ukuran aksara kang gampang kawaca bocah. Wacan kasebut uga dijangkepi gambar/illus-trasi kang diselaraske karo judhul dongeng kang dibabar. Blegere buku kasebut wis samestine didesain kanthi diselarasake tahapan perkembangan kognitif bocah kang dadi konsumen buku kasebut. Kang diarah dadi kon-sumen buku kasebut yakuwi bocah umur-umuran SD (bisa sadurunge, TK, lan sauwise, SMP).  Ing umur kasebut, nurut Jean Piaget (dalam Trianto, 2007: 22) mlebu tahap perkembangan operasi konkrit. Umur pitu tumekane 11 taun bocah wis bisa ningkatake cara mikir kang logis. Bocah wis ora mikir sentarsi, ananging wis bisa mikir desentrasi, cara mecaha-ke masalah wis ora diwatesi keegosen-trisan. Gambar kura lan kethek kang disawang bocah ing cover buku bisa dadi magnet pemantik kang positif tumprap thukule minat maca buku kasebut. Uga gambar kang ana sela-selane tulisan dongeng, tansaya ndadekake rasa pengin ngerti isi buku kasebut. Bocah kelas siji tumekane kelas telu SD kalebu tataran pem-baca pemula”. Nah, gambar lan aksara kang cetha wis samesthine ditampilke kanthi atraktif.

Gunane buku kumpulan dongeng kasebut kapacak cekak aos ing pambuka buku. Kum-pulan dongeng kasebut diajap bisa nyengkuyung pasinaon basa Jawa ing SD lan SMP. Luwih saka kuwi, amarga kurikulum SD kelas rendah (kelas siji nganti kelas telu) nerapake pembelajaran tematis, wacan ing buku kasebut bisa uga diguna-kake ing pasinaon mata pelajaran liyane. Luwih-luwih yen para dwija kersa nerapake pen-dekatan pembelajaran terpadu lintas kuri-kulum, luwih omber maneh buku kasebut bisa digunakake dadi srana kanggo dhidhik budi pekerti. Ngiras pantes kanggo me-metri lan nglesta-rekake budaya lan basa Jawa kang wis rada suda digunakake ing pacelathon padinan.

Ana dongeng cacah lima ing buku iki, yaiku: Kura sugih Reka, Mulabukane Kucing Memungsuhan Karo Tikus, Gagak Nyolong Kapuk, Luwak Keok Mungsuh Blekok, sarta Akal lan Okol. Sing ndadekake buku iki duwe nilai plus amarga crita kapacak ora mung diwer-nani gambar/ilustrasi kang apik tumprape para bocah (gambar-gambar kewan kang cukup atraktif), ananging uga dijangkepi kamus kecik kang banget migunani tumprape bocah kang urip jaman global iki. Akeh ukara-ukara basa Jawa kang wis ora familiar tumrape bocah saiki. Contone jeneng kewan luwak lan blekok, bocah saiki luwih ngerti ukara musang lan bangau. Iki conto kang gampang kanggo kaum sepuh, ananging angel tumrape bocah. Ana maneh kang patut diacungi jempol, babagan fonologi uga ditampilke ing tulisan dongeng kasebut. Pangucap ‘e’ ing pacelathon basa Jawa ana tataran khusus kang perlu diucapke kanthi bener. Contone ukara iki: “Wit gedhangé kethèk ditandur ing lemah…” Saka conto kasebut bocah dikenalke fon (bunyi bahasa) aksara e kang ana telung pocapan (é, e, lan è).  Basa Jawa pranyata luwih elite tatarane, lan bab iki perlu dimangerteni bocah supaya luwih bungah duwe basa lokal kang adiluhur. Yen wacan jangkep kaya mangkene iki asring diakrabi bocah-bocah, kaum sepuh wis ora patut nyim-pen rasa kuwatir basa Jawa tumpes ing tembe kawuri.

Bab rega ora perlu diwedeni. Ka­-golong murah (Rp. 6000,/Red) Jumlah halaman uga ora akeh, mung 47 kaca. Iki ora ndadekake bocah wedi milih buku kasebut kanggo wacan padinan. Yen gambar-gambar kewan ing sela-selane dongeng fabel kasebut digawe berwarna kaya gambar sampul, mesthi-ne nambahi resepe buku kasebut.

Dongeng-dongeng kasebut kalebu wacan bocah kang nggenah (patut dadi tuladhan). Wacan ngandhut tuntunan budi pekerti luhur kang becik dimangerteni bocah-bocah Jawa (Indo-nesia) ing jaman krisis moral iki. Wis samesthine buku kasebut apik diwaca anak turun kita. Guru TK, SD, lan SMP apadene wong tuwa becik melu maos, utawa maosake wacan kasebut kanggo narik kawigaten putra-putri supaya luwih berbudi pekerti. Sapa maneh kang nyengkuyung upaya ngrembakake basa Jawa, yen ora kita kabeh. Kearifan lokal ora bab kang angel, ayo melua maca lan macakake dongeng iki kanthi rasa tresna marang budaya bangsa kita.*

(Purwati)