MU Tim Paling Apik Taun Iki

Gelar juara Premier League ditem­tok­ake ing Old Trafford, nalikane Manchester United (MU) methik kemenangan 3-0 saka Aston Villa. Kanthi koleksi poin 84 poin, Setan Abang wis ora bias dikejar ma­neh dening saingane sing paling cedhak, Manchester City.

Fakta kang cukup nengsemake muncul gegandhengan klawan prestasi MU ing dhuel mau. Ing antarane yakuwi, Old Trafford wis kaping papat dadi venue kang nemtokake gelar juara Premier League (1999, 2002, 2009 lan 2013). Jumlah iki paling akeh katimbang kepastian gelar juara ing stadion liyane ing Inggris.

MU uga mesthekake ngoleksi gelar juara ka-20 ing palagan paling dhuwur bal-balan Inggris, utawa gelar ka-13 sajege jamane Premier League. Sekaligus nan­dhesake hegemoni-ne ing Inggris, kanthi kaunggulan trofi loro katimbang mung­suhe sing paling cedhak, Liverpool.

Nalika mesthekake gelar juara Premier League ing aduarep lawan Villa, panga­lembana terus ndlidir saka sawenehing insan sepak bola Inggris. Kaya ing ngisor iki ing antarane;

Steve McClaren (tilas manajer timnas Inggris): Fantastis banget. Sir Alex Fergu­son mung mikirake gelar juara.  Uga tan­sah ngotot dadi juara kanthi cara kang luar biasa. Iku kang kedadeyan bengi iki. Sir Alex sawijining master. Nanging, dheweke uga perlu matur suwun marang sakabeh­ing stafe, kang wis nindakake pakaryan hebat. Tim kang hebat ing klub hebat.”

Manchester City: “Selamat marang Man­­chester United kanthi gelar juara Bar­clays Premier League ing musim 2012-13!”

Gary Lineker (tilas striker Inggris): “Selamat, Manchester United. MU pantes oleh gelar juara Premier League.”

Gareth Bale (pemain Tottenham Hotspur):  Selamat kanggo MU atas gelar juara kang ditampa.”

Peter Schmeichel (tilas kiper Man. United): Sir Alex, aku salut marang pan­jenengan!”

Fabrice Muamba (tilas gelandhang Bol­ton Wanderers): Selamat kanggo Man­chester United kanthi gelar juara Premier League, tim paling apik musim iki!”

Paul Lambert (manajer Aston Villa): Se­lamat kanggo Manchester United. MU wis makarya kanthi hebat, duwe mental juara lan tim paling apik tansah dadi juara.”

Bayern nguntal Barcelona

Sauntara kuwi, asil ngagetake uga ka­ton ing Allianz Arena, markase Bayern Mun­chen. Ing leg I babak semifinal Liga Champions, Selasa kepungkur (23/4), Bayern kanthi gagah prakosa bisa nggu­lung Barcelona kanthi gelontoran patang gul tanpa wales.

Asil iki klebu ngagetake ngelingi Barce­lona wis mainake Lionel Messi wiwit sem­pritan diunekake. Ora wurung, kaunggulan patang gul iki ndadekake langkah Bayern luwih gampang sethithik kanggo mlebu leg II ing Camp Nou.

Kaya biasane, Barcelona wis nguwasani pertandhingan wiwit menit pertama. Na­nging, para pemain Bayern tampil disiplin lan sanggup nyeklekake umpan-umpan krusial tim tamu.

Ing menit ka-30, Pedro gawe umpan silang marang Messi kang ngadeg tanpa ana sing ngawal. Nanging, bek Bayern, Dan­te bisa motong umpan mau lan ngga­galake upaya tim tamu.

Bayern uga nyoba tampil efektif. Bage­yan sayap bali dadi andel-andele skuad Juup Heynckes. Sundukan Arjen Robben lan Franck Ribery bola-bali ndadekake Dani Alves lan Jordi Alba kang ngawal pinggir lapangan Barcelona kudu kethetheran.

Gul tuan rumah wusanane kacipta ing menit ka-23 liwat Thomas Muller. Sawiji­ning umpan silang Arjen Robben dieng­gokake Dante menyang arah Mueller kang ana ing ngarep gawang. Mueller nyundhul bal menyang arah gawang. Valdes nin­dakake antisipasi, nanging ora cukup kang­go nyegah bal mlebu gawang.

Barcelona nyoba gumregah. Nanging, tumekane wayah ngaso upayane skuad Tito Vilanova iki kandhas terus. Lionel Messi sakancane kangelan nembus bari­kade pertahanan Bayern kang dikawal Dante cs.

Ing menit ka-49, Bayern bali ngukum Barcelona kanthi ana gul kaloro, yakuwi lumantar Mario Gomez. Striker kang wiwit nemokake kaprigelane maneh iki kanthi gampang mapag umpane Muller pas ing ngarepe gawang lan meksa Valdes bali njupuk bal saka gawange.

Gul kaloro Bayern uga langsung nda­dekake mentalitas Barcelona kendhur. Messi gagal dadi pemain kang beda, kaya ing nalika bentrok lawan Paris Saint-Germain. Kepara, ing menit ka-73, publik Allianz Arena saya gawe horeg stadion kanthi anane gul katelu liwat aksi Arjen Robben.

Semangat juang Barcelona saya tia­rap wae sarampunge gul kapapat. Ora nggumunake, Bayern kanthi gampang ngunci kemenangan 4-0 kang dijaga engga rampunge pertandhingan. Asil iki mesisan ndadekake langkah Barcelona saya angel ing leg kaloro ing Camp Nou mengko. (d)***

 

Dremba – Murka – Angkara

Anyar Katon, Tasawuf | Posted by | May 28, 2013

Murka Dremba iku kamurkan, khusus bab mangan. Kamurkan iku durung mesthi wujud dremba. Murka iku rasa “rumangsa isih kurang” sing nggan

Sapepake

5 – 11 Mei 2013

Primbon & Palintangan | Posted by | May 28, 2013

CAPRICORN ( 21 Des - 19 Jan ): Sing ngati-ati lan waspada, sebab ana mungsuh siningid lan ana karep ora terang-terangan. ...

Sapepake

Ilmu Pernapasan SHAHO LIN Ngumpulake Hawa Murni

Anyar Katon, Kasarasan | Posted by | May 28, 2013

Tembung Hawa Murni iku ing Buku Pernapasan Shaho Lin disebut Unsur JI. Carane migunakake Telapak Tangan supaya Gelombang Arus JI ...

Sapepake

Wewadi Topeng Kayu (22)

Wewadi Topeng Kayu (22)

Cerita Rakyat | Posted by | May 28, 2013

Mbrabak praupane Bagus Sukri najan kawruhan dening Sukra. Mung wae Su­kra krasa menawa Bagus Sukri lagi goreh atine. Swara ngerike ...

Sapepake

Page 20 of 430« First...10...1819202122...304050...Last »