Wayahe Srikandhi-Srikandhi Indonesia Jumedhul

Bellaetrix Manuputty
Mantan gandha legendaris Indonesia, Ricky Subagja lan Rexy Mainaky bebarengan klawan Chef de Mission Anton Subowo bakal mimpin tim Indonesia nglurug menyang Kuala Lumpur, Malaysia, jroning kompetisi Piala Sudirman.
Rexy Mainaky bakal tinanggenah minangka manajer tim, dibantu Ricky minangka wakile. Kajuwaran dunia beregu campuran iki bakal dianakake suwene wolung dina wiwit tanggal 19-26 Mei 2013 iki.
19 pemain wusanane wis ditetepake minangka prajurit pilih tandhing kang maju perang ing palagan Piala Sudirman 2013 ksb. Jeneng-jenenge pemain iki dipilih adhedhasar seleksi kang ditindakake PP PBSI sajege diumumake dhaftar tim bayangan tanggal 28 Maret 2013 kepungkur.
Nanging ing dhaftar iki ora ana jenenge pemain tunggal putera utama Indonesia, Sony Dwi Kuncoro lan Simon Santoso.
Sony isih durung pulih saka anggone nandhang lara ing bangkekane samulihe main ing All England 2013 kepungkur.
Minangka pemain rangking papat dunia, Sony satemene mujudake pemain tunggal putra paling apik dinane iki kang diduweni Indonesia. Nanging emane kahanane isih durung bisa yen dikon mudhun ing ajang beregu rong taunan iki.

Dionysius Hayom Rumbaka
Semono uga Simon Santoso, juara tunggal putra Djarum Indonesia Open Superseries Premier 2012 iki amarga penyakit gondhoke meksa absen saka jagading badminton nganti pirang-pirang wulan suwene. Bab iki uga ngganggu penampilane ing sawenehing turnamen pungkasan iki.
Saka telung turnamen ing Ustrali Open Grand Prix Gold, New Zealand Open Grand Prix lan India Open Superseries 2013, Simon sajake durung bisa nuduhake asil kang maremake.
“ Sony pancen nduweni peringkat pa-ling dhuwur ing tunggal putra. Nanging tatune durung 100 persen pulih. Semono uga Simon kang durung bali menyang kahanan kang paling apik. Kita nganggep 19 pemain iki kang paling siap” ujare Ricky Soebagdja, Kabid Humas lan Sosial Media PP PBSI.
PBSI banjur aweh kapitayan sektor tunggal putra marang pemain nom liyane yaiku Tommy Sugiarto lan Dionysius Hayom Rumbaka. Dene, Linda Wenifanetri, Aprilia Yuswandari lan Bellaetrix Manuputty bakal dadi srikandhi-srikandhi ing nomer tunggal putri.
Tontowi/Liliyana Langsung Siap

Linda Wenifanetri
Sauntara kuwi Tontowi Ahmad/Liliyana Natsir wis sukses ngukir telung gelar India Open Superseries kanthi terus-terusan. Asil iki nambah kapitayane pasangan gandha campuran andel-andele Indonesia ksb.
Tontowi/Liliyana dadi siji-sijine wakil Indonesia kang kasil tampil dadi juara ing ajang ksb. Asil iki mesisan ndadekake kekarone wis kaping telu terus-terusan dadi kampiun ing India Open Superseries.
“Alhamdulillah kita muji syukur kanthi gelar mau. Target kita ing kene wis kagayuh. Dadi juara kanggo kang kaping telune ing India Open ndadekake kita luwih percaya diri mburu gelar-gelar sabanjure” ujare Tontowi.

Tommy Sugiarto
“Lan sabanjure target kita yakuwi Piala Sudirman lan Kejuaraan Dunia 2013” imbuhe Tontowi diiyani Liliyana.
Piala Sudirman pancen dadi ajang pa-ling cedhak kang bakal dilakoni Tontowi/Liliyana. Mula sawise rampung ngukuhi gelar ing India, kekarone langsung mabur menyang Jakarta kanggo siap-siap ambyur ing Piala Sudirman. Lan, wulan Agustus mengko lagi tampil ing Kejuaraan Dunia.
“Sawise saka India, kita langsung siap-siap campuh ing Piala Sudirman. Kita nduweni tanggung jawab nyumbangake poin kanggo Indonesia” tandhese Liliyana.
Tim Indonesia dhewe ing kajuwaran Piala Sudirman iki ngenggoni posisi kapitu jroning dhaftar unggulan. Adhedhasar asil undian, Indonesia mapan ing grup A 1 bebarengan China lan India. (d)***
Susno Duadji Mlebu Bui, Anas Urbaningrum Ngenteni Diukum
Tilas Ketua Umum Partai Demokrat Anas Urbaningrum nalika dipriksa KPK Sanajan akhire pasrah, Komisaris Jenderal Purnawirawan Susno Duadj
Nonton Pameran Lukisan ing Museum ART Ubud Gianyar
Durung suwe iki wartawan PS, David Morgan, Agnes Bouchadeau sarta Dra. I Ketut Purnami (guide) nonton pameran lukisan karya seniman, ...
Miyak Misteri Manungsa Hobbit saka Fllores
Sawenehne peneliti nuduhake balung tengkorake hobbit Flores Ing film “Lord of The Ring” sing kerep diputer ing layar kaca, digambarake





