Ancasing Gesang Bebrayan ing Donya

Anyar Katon, Kejawen - Posted by on March 26, 2013

Dialog perjuangan Jawa

Dialog perjuangan Jawa

Tiyang Jawi asring pitaken, apa ta tujuane urip iku? Lajeng wonten wangsulan: “Yen urip mung mampir ngombe”! ning ugi wonten ingkang ngendika: “Yen urip iku ora mung mampir ngombe, nek perlu mangan, mbungkus, ngrampok, lan sapanunggalanipun”. Sedaya wangsulan kala wau, sae sae kemawon, sebab jejering wangsulan kalawau  amung nut kadiwasanipun piyambak-piyambak. Sapunika ing era global, ilmu ingkang dipun cakaken wonten ing teknologi, pangecakipun sareng dipun teliti jebul nuwuhaken gendra, damel bingung, rumit, lan njlimet, miwah wonten ingkang revolusioner. Cepeting ewah-ewahan kalawau, mahanani tata gesang bebrayang ugi ewah, wiwit ngupakara raja kaya, tetanen lan gesang ing padhusunan, ewah dados tata gesang ing industri lan gesang ing kitha-kitha.

Inggih amargi wonten ewah-ewahan tata gesang kalawau, ingkang wonten, manungsa jebul bingung, tegang, ngaya, tuwin, warni-warni bab ingkang hanggepok tata gesanging bebrayan. Amargi kawontenan punika, ing gesang bebrayan, kula lan panjenengan sedaya, tidhem, lajeng pados margi malih, kados pundi anggen kita badhe ngadhepi ewah-ewahan kalawau. Kanyatan punika ingkang ajrih, mboten namung kita tiyang sepuh, ingkang mudha tumaruna, ugi ndherek bingung, dados sedaya sami bingung. Yen Alfin Topler (1987), ngendika “Future shock”.

Miturut panjinggleng kula lan panaliten kula, anggenipun para taruna sami ngupados margi piyambak-piyambak, amargi ingkang sepuh ugi dhawah bingung-bilulungan madosi margi lan madosaken margi. Sareng tetaunan ingkang mudha rumaos manggih margining gesang, acasing gesang. Lare-lare mudha kalawau lajeng dhateng kitha, lan amargi tekading manah, lajeng sami kasil sugih, bandha-bandhu, sugih nama, kawentar lan kuncara, malah lajeng ugi sugih garwa.

Ananging, sareng sedaya kalawau sampun ginegem, jebul, pinanggihipun namung kuciwa lan gela. Ingkang sugih bandha, kasusra kridhanipun, malah dhawah ing panggodha, nyeret narkoba, nyingkirake wong tuwa amargi sampun rumaos marem sesambetan kaliyan narkoba mboten wonten ingkang mambengi karsa, ing wekasan malah mlebet kunjara. Dene ingkang kasusra ing nama, sugih garwa, sugih bala, sugih bandha, malah kena bendu, pisah ranjang lan garwa, lajeng paben ing pangadilan agama, bubar tangkar, kulawarga bubrah, ora bisa diarah, rusak kabeh tan kena tinututan amargi benduning Gusti Allah.

Sareng dhawah klumah, njrebabah ana jerambah, ing wasana kita lajeng pitaken malih, kados pundi ta acasing gesang punika. Yen miturut pamanggih kula, kok leres pangandikanipun Sang Kristus, ing matius 22:37-40, ingkang mekaten: “Sira tresna marang Pangeran Allahira, kalawan gumolonging atinira, lan gumalanging nyawanira, sarta gumalanging budinira. Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe. Dene angger-angger kapindho kang padha karo iku, yaiku: sira tresna ing sepepadhanira dikaya marang awakira dhewe kabeh isining Torat, lan kitabe para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau”. Wangsulan kita ingkang sapisan, punapa panjenengan lan kula sampun tresna dhateng Gusti Allah kanthi gumalanging ati, nyawa lan budi. Wangsulan kula lan panjenengan tertamtu  “dereng”. Pitaken angka kalih, punapa kita tresna sesami. Tembung sesami saged ateges namung dhateng manungsa, ugi saged dhateng sadhengah umating Gusti Allah, inggih hewan, tetaneman, lan sanes-sanesipun. Wangsulan kita ugi “dereng”.

Mangkunegara IV

Mangkunegara IV

Menawi mekaten, kula lajeng enget pangandikanipun Sri Mangkunegara IV ing taun 1856, panjenenganipun ngengetaken dhateng para putra santana ingkang badhe dados panguwaos, dados panguwaos iku arep apa: (1). Apa arep golek panguripan, (2). Apa arep golek kahuripan menawi acasing gesang namung badhe pados panguripan, sayektos lumebetipun dhateng angkara, andel sora lan rosa. Urip srakah angah-angah, adigang-adigung-adiguna. Kosok wangsulipun, menawi ancasing gesang pados kahuripan, lumebetipun mring darma, andel rasa lan rumangsa. Tiyang wau tansah paring palimirma dhateng sesami, tanggel jawab, kebak welas asih, saha remen memayu hayuning bawana. Menawi kita purun njingglengi pangandikanipun Sri Mangkanegara IV ing nginggil, mboten namung kagem para panguwaos, ananging, ugi kagem kita sedaya.

Urip kang kanggo “panguripan” cak-cakanipun tertamtu leres pangandikanipun Sri Mangkunegara IV, tiyang kalawau badhe srakah, angah-angah. Kula kinten mboten punika ancasing gesang kita. Ingkang winastan gesang golek kahuripan, lumebetipun remen ulah kadarman sae, ora rumangsa kuwasa, mboten damel cilakaning tiyang sanes. Punika mesthinipun ancasing gesang kita. Pengetan Sri Mangkunegara IV kalawau, mbok menawi ingkang golek kahuripan, ingkang radi cocog pepenginan kita, lan lampahipun nut kadiwasanipun piyambak-piyambak.

Dados, pengetanipun golek kahuripan, cetha ngemu raos “katresnan” kados ingkang kadhawuhaken Sang Kristus, sanadyan ta namung saperangan kemawon. Wonten ing bebrayan global, ahli sejarah bangsa Inggris Arnold Toynbee, ingkang seda nalika tanggal 3 Oktober 1975 ing New York, nalika taksih sugeng, lan nalika wawan sabda kaliyan Prof. Wakaizumi saking Jepang ing taun 1971, ngendika menawi ancasing gesang punika kangge “Katresnan, mangertos ing bebrayan, saha kangge hanyipta”.

Dados menawi kita purun njingglengi malih, wawasan Sang Kristus ing abad kawitan Masehi, wawasan Sri Mangkunegara IV ing abad XIX, miwah wawasan Arnold Toynbee ahli sejarah bangsa Inggris ing abad XX, kados-kados kok sami pamanggihipun, inggih punika ancasing gesang kagem “katresnan”. Toynbee pancen ngendika, menawi katresnan punika saged gadhah pangertosan gandha (rangkep). Upami tresna ngunjuk weski, tresna hubungan seks, tresna nedha coklat, tresna kulawarga, tresna dhateng sisihan, lan sapanunggalanipun. Pranyata ingkang dipun kajengaken Toynbee mboten ingkang punika. Manut panjenenganipun, tembung “katresnan” punika “tanha”, ingkang tegesipun “nyuwun dipun welasi”, utawi “gadhah pengajeng-ajeng kepengin nggayuh”.

Dados sedaya “katresnan” punika wujud “pepenginan” (desire) lan wonten malih perangan (1) pepenginan damel tiyang sanes kesupen dhateng pribadi, saha wantun maringaken katresnanipun dhateng tiyang sanes, kangge donya, utawi kangge kekiyatan spiritual, ingkang kita yakini wonten ing telenging alam donya. Wondene katresnan no (2) inggih punika katresnan ingkang kepengin hamurba hamasesa (murba wasesa) alam donya, kanthi pepenginan kangge dhiri pribadi. Kekalihipun saged kemawon winastan “katresnan”, namung satunggal lan satunggalipun cengkah.

Pranyata Toynbee milih katresnan angka (1). Katresnan sejatos satunggaling raos ingkang murub ing pribadi, nutup pepenginaning pribadi, saha namung maringaken pribadi dhateng tiyang sanes serta ingkang sanes kaliyan gegayutaning pribadi. Miturut Toybee punika pancaran spiritual, pancaran katresnan saking pribadi, tumuju dhateng alam donya saha tumuju wujuding spiritual nyata dhateng ingkang ing Nginggil (Gusti Allah), ugi ingkang wonten saklebeting alam donya.

Cobi kita jingglengi malih, katresnan ingkang sampun katindakaken Sang Kristus wonten ing kajeng salib, seda kagem nebus dosaning manungsa. Sri Mangkunegara IV langkung gamblang, menawi kita njangka utawi nggayuh ing gesang semangke mawi “kahuripan”, ingkang tebanipun kebak darma, andum rasa rumangsa, kebak sih palimirma, ora rumangsa makuwasa, ingkang tundhonipun kangge memayu hayuning bawana, punika wujud katresnan sejati.

Pancen tiyang saged kemawon “ora perlu andel katresnan” bebasan kados “Suradira jaya ningrat. Sura=wani; sudira=pengpengan, hebat, jaya=digdaya utawi menangan, linuwih, bebasan tinatah mendat, jinara menter. Ananging tiyang jawi ugi paring sesuluh, paring pepenget, sanadyan tiyang kala wau tiyang sekti mandraguna ing jagad, sugih kekendelan, inggih namung badhe kawon dening “pangastuti”, tegesipun katresnan. Mila kula lajeng atur dudutan menawi pemanggihipun Sri Mangkunegara IV, saha Toynbee mboten benten, malah kula pitados trep tumrap ancasing gesang bebrayan ing donya.

Ing jaman samangke cetha, menawi kita nembe kecalan katersnan, katresnan dhateng sesami, katresnan dhateng bangsa, katresnan dhateng negari, mila ingkang jinangka ing gesang inggih kapacak mung andel rosa, lan sora, dupeh kuwasa, ora bisa tinuladha, srakah angah-angah, ora tresna marang negara, kang den udi mung korupsi.

Sumangga ing kalodhangan mirunggan kita wiwit sesarengan wawas dhiri, hangulir budi hanata pakarti. Punapa kita badhe kalajeng-lajeng gesang mung arep golek “panguripan”, punapa gesang golek “kahuripan”. Gesang kahuripan punika cak-cakanipun andon katresnan ingkang pranyata punika wujud realita spiritual, pancaran murih lestarinipun bawana langgeng. Punapa bawana langgeng, kedah rinusak amargi kita ngecakake katresnan ingkang lepat, kula kinten mboten. Mugi ndadosna panggalihan kita sedaya. (*)