Amrih Foto Kamera Ponsel Apik Asile

Aiti, Anyar Katon - Posted by on July 5, 2012

Kriteria foto kang apik pancen beda-beda. Nanging ana 4 bab kang perlu digatekake kanggo ngasilake foto kang apik, yakuwi cahya, komposisi, sudut pandang lan momen.

“Ora tau ana setting universal kanggo njupuk saben gambar, merga saben motret ana ‘kecermatan’ tinamtu kanggo ngasilake gambar kang paling apik” ujare Pakar Fotografi Kompas Arbain Rambey durung suwe iki.

Cahya duwe peran penting jroning sawijining gambar. Arah tekane lan tibane cahya marang sawijining obyek bakal nuwuhake wewayangan kang sa­perangan gedhe bakal ngrusak asile foto. Bab iki pancen kena wae ditindakake yen foto­grafer pengin oleh sa­wijining asil foto kang ing sanjabane kebia­saan.

Cahya alam paling apik kanggo motret ing jam 10.00 lan 16.00, merga arah tekane su­nar surya langsung mbentuk makutha ing sirahe menungsa kang dadi obyek. Apamaneh yen pengin motret pemandangan mula bakal dibutuhake banget sunar surya.

Dene cahya gaweyan bisa direkayasa menungsa kanthi sifat ‘WYSWYG’ utawa what you see is what you get (apa sing mbok deleng kuwi sing mbok tampa). Cahya gaweyan relatif gampang dikendhaleni mula kuwi akeh dipigunakake kanggo ngasilake gambar tinamtu.

Saliyane cahya, ana komposisi, titik pandhang lan momen. Katelune bab iki kang luwih akeh nuntut kreativitas nalika njupuk sawijining gambar. Merga cahya kuwi sifate tetep.

Tumrap warna, putih mujudake warna dhasar kang paling apik kanggo nyerot warna liyane, dene ireng malah suwalike, merga cahya mbangun karakter.

Banjur kepriye amrih asil potretan nganggo kamera ponsel bisa oleh asil kang apik? Nalika kamera kang digunakake  kapabilitase minim kayadene ponsel, mula tetep bisa nindakake kreatifitas ing katelune unsur saliyane cahya, komposisi, titik pandhang lan momen, bisa diatur lumantar pengaturan ing ponsel ngenani ketajaman, cahya lan zoom.

“Kamera ponsel sing paling apik yakuwi ing ponsel Sony Ericsson lan Samsung” ujare Pakar Fotografi UI Jusuf Kristianto.

Kepara, rana utawa kecepatan kang winates bisa diakali kanthi maneka tips. Anggone njupuk bisa nyedhak menyang subyek. Motret jarak jauh migunakake kamera ponsel cukup angel merga diafragmane winates lan sudhut pandhange ora bisa amba, mula sing paling apik nyedhak menyang obyek foto.

Ngawasi goyangan kamera uga penting. Kerep tangan kita obah nalika njupuk gambar, mula kuwi kudu dikulinakake amrih tangan nyekel cukup kenceng merga ora ana tripod. Migunakake tangan loro uga perlu nalika njupuk sawijining gambar.

Perangan ngarep lan mburi uga perlu digatekake. Yen kita arep motret sawijining obyek mula perlu nggatekake ana apa ing ngarep lan mburine, warnane apa lan siluete. Yen pengin fokus marang obyek menungsa utawa rupane mula penet setengah tombol capture, tarik kamera memburi sethithik banjur penet penuh.

Endhanana motret menyang sre­ngenge. Srengenge minangka sumber cahya mesthi wae bakal angel banget nalika kita bakal njupuk gambar lela­wanan klawan arah srengenge, mula upayakna melu arah tekane cahya sre­ngenge. Gunakna autofokus lan night-mode yen pengin njupuk gambar ing wayah bengi.

Aturan saprotelon. Jroning sawijining foto satemene ana babagan-babagan tinamtu kang bisa aweh warna lan komposisi liya asil sawijining foto. Ora kudu tansah ing tengah, nanging ana panggonan liya kang malang utawa titik tinamtu gumantung obyek kang bisa aweh seni jroning sawijining foto. (d)

 Amrih Baterei Laptop Awet

Amrih baterei piranti gadget kita awet becike dijabut adaptore saka piranti gadget lan aja kerep-kerep ngecharge yen baterei isih ana isine. Kapan kita kudu njabut baterei kang ana ing gadget kita kayadene notebook, HP, lsp? Yekuwi nalika baterei wis kebak, becike copot adaptor kang kanggo ngisi baterei kuwi. Alasane prasaja wae, migunakake baterei (dis-charger) utawa ngisi baterei (re-charge) bakal nyuda umure baterei. Kahanan panas uga ngganggu kemampuane baterai. Ngadhepi temperature kang ngluwihi panas bakal ngrusak daya tahan baterei iku dhewe. Mula diajab ora ngliwati 15 derajat saka suhu ruangan. Ora nggumunake yen ing negara tropis, baterei cepet rusak. Apa mung suhu panas kang nuwuhake masalah, pranyata suhu kang kenemenen adheme uga bisa nuwuhake masalah, utamane kanggo baterai jinis Li-ion.

Siji maneh teknik jitu yen baterei ora perlu digunakake yakuwi becike ditokake saka alat-alat gadget kayadene notebook, banjur gunakna power langsung saka adaptor kanggo piranti elektronik. (d)