Sapa Sejatine Gusti Yesus ?

Kiwa Bp FX Sukamto, Ketua Dewan Pastoral Paroki

Kiwa Bp FX Sukamto, Ketua Dewan Pastoral Paroki

Jamak lumrah menawa ndungkap pungkasan sasi Desember. Para umat Kristiani, salumah kurebe donya iki padha ribet. Padha samapta cecawis ma­ngayubagya, mengeti wiyosan Da­lem Gusti Yesus. Ora kurang Pangurus Dewan Pastoral Paroki, rong wulan sa­durunge Natal, wis ndhapuk Panitia. Se­mono uga tumrap Seksi Sosial mligine. Nglumpukake sembako wigatine njangkepi kranjang Natal. Disumbang­ake tumrap para kaum miskin lan panti-panti Sosial. Ing kalangan kaum awam sok tuwuh patikonan. Sapa sejatine Gusti Yesus kang uga sinebut Kristus? Ing buku Injil miturut: Ma­tius, Markus, Lukas lan Yohanes, ora tinemu tgl 25 De­sember, minangka tgl. Wiyosan Gusti Yesus.

Mula ora nggu­mun­ake tumrap sa­perangan kaum awam. Dene tuwuh pitakonan kaya ka­sebut ing ndhuwur. Miturut catetan Injil nalika semana. Malaikat Gabriel nga­tonake pribadine marang kenya Dewi Maria. Mratelakake menawa sang Dewi, bakal nggarbibi karana Hyang Roh Suci. Uga paring piweling ing tembe jabang bayi, sawise binabarake supaya tine­ngeran Yesus. Jeneng ka­sebut lumrah ing jaman Alkitab, tumrap putra sang kenya Dewi Maria. Sinebut uga pawo­ngan Nazaret. Pratandha tuhu Gusti Ye­sus saka Nazaret (Mrk 10:45). Kawentar minangka Kristus utawa Yesus Kristus  (Mat 16:16).

Tembung Kristus sajroning bahasa Indonesia, sumber asline saka tembung Yunani Khris-stos. Ing bab iki sajak ma­dha rupa, saka bahasa Ibrani Ma-ahi’ach (Mesias). Tembung kekarone ndarbeni werdhi “Pribadi kang Diurapi” jarwan bebas bahasa Jawa, sang Jine­badan. Ujaring kandha istilah kasebut, jumbuh tumrap pawongan liya sadu­runge Gusti Yesus. Umpamane Musa, Harun lan Raja Daud kang Jinebadan. Tegese winisudha ngemban tanggung jawab lan wewenang kang pinaringake dening Allah. Miturut pangandikane sawijining Rama, Yesus kuwi werdine: Sang Juru Selamat. Lan Gusti Yesus wis sepantese nampa sesebutan Kristus, Allah putra kang gesang (Mat. 16:16). Mengkono cuplikan penulis, saka “Me­nara Pengawal” 1 April 2010.

Nuwun. (Pak Yo)