Ngupadi Sesembahan Kanthi Tafakkur lan Tadzakkur (5)
Supaya luwih cetha, apa kang katur ing ndhuwur mau lelandhesan karo dhawuhe Allah mangkene: (a). “Lan sira padha ngucapa, manawa sekabehing pangalembana iku kagungane Allah, PangeraNe bakal nuduhake tandha-tandha yekti ka-Esa-aNe lan Kakuwasa-aNe sarta sira kabeh bakal padha sumurup. “Muhammad Pangeranira iku ora pisan-pisan kesupen saka barang kang wus padha sira tindakake.” (Q.S. 27:93).
(b). “Lan Allah meruhake ayat tandha yektiNe marang sira kabeh. Ing wusana sira padha nyelaki (ingkari) ayate Allah sing endi?” (Q.S.40:81).
(c). “Dhwuha sira Muhammad! Kepriye mungguh panemunira, manawa Allah ngilangi pangrungu lan pandulunira. Lan Panjenengane ngecap marang atinira! Apa ana Pangeran saliyane Allah kang bisa mulihake (anggota kang cacat iku) marang sira kabeh? Mara delengen kepriye anggon Ingsun makaping-kaping nerang-nerangake ayat-ayat Ingsun, nuli dheweke lha kok malah mlengos!” (Q.S.Al-An’Aam (6):46).
(5). Kasunyatan kang gumelar: Kanthi tulusing qalbu sarta ati kang sumarah (taslim, pasrah secara total) pemudha Ibrahim kepengin ketemu karo Dzat kang wus nyipta Jagad Raya (kasunyatan) kang gumelar iki. Jagad Raya kang gumelaar iku mujudake tandha yekti eksistensiNe (keberadaan) Dzat kang wus nyipta. Sanajaan Dzat Allah ora bisa dinulu, nanging bisa dirasakake lan dimangerteni (dihayati), karana ciptaNe. Dhawuhe Allah mangkene: “Lan temen Ingsun wus paring pituduh (hidayah, bebener) marang Ibrahim saka sadurunge Musa lan Harun sarta Ingsun ngawuningani Ibrahim iku (samubarang pangudine).” (Q.S. 21:51). Ana pitakonan: Apa satemene pangudine Ibrahim, saengga Allah kepareng paring hidayah marang Ibrahim? Ibrahim nduwa (memberontak, menentang) marang dhogmatisme leluhure, nanging dheweke nerusake tafakkur lan nganalisa ciptaan kang gumelar ana ing Jagad Raya iki.
Kaya kang katur ing ndhuwur, masyarakat pagan saliyane nyembah marang reca uga nyembah Dewa-Dewi Rembulan, Lintang lan Planet-planet liyane kang dianggep panguwasa Jagad Raya.
Wusana dheweke (Ibrahim mudha) banjur tafakkur, manekung manungku qalbu (mengamati dan merenungi )marang sesembahane masyarakat pagan, kang ora tinemu nalar iku. Genturing tafakkur nuwuhake anteping penggalihe, manawa Reca, Dewa-Dewi Lintang, Rembulan, Planet lan liya liyane mau ora pantes sinembah. Kabeh mau mung mujudake kasunyatan (realitas) alam, sing mujudake tandha yekti kaagungane Dzat kang ana ing suwalike Jagad Raya iki. Dhawuhe Allah mangkene: (a). “Lan kaya mangkono, Ingsun wus meruhake (memperlihatkan) Nabi Ibrahim ing kaagungane keratoning Langit lan Bumi. Lan supaya dheweke dadi golongane wong kang padha yaqin.” (Q.S. Al ’An ’Aam (6):75).
(b). “Bareng Ibrahim wus kalimput dening pepetenging wayah wengi, dheweke sumurup Lintang, pangucape: “Iki Pangeran sesembahanku.” Bareng Lintang mau anslup, dheweke ngucap maneh: “Aku ora dhemen Pangeran sesembahan kang padha anslup.” (Q.S. Al’An ’Aam (6):76).
Gegayutan karo ayat kasebut ing ndhuwur, sing ndudut atine Ibrahim yaiku Lintang. Lintang sing sumunar mubyar, padhang njingglang, dikupengi dening milliaran Lintang ing Akasa. Hiya Lintang kang mubyar padhang iku sing pantes dadi sesembahanku. Nanging bareng Lintang iku anslup, dheweke ngucap: “aku ora dhemen sesembahan kang angslup.
Sing narik kawigaten, yaiku apa kang diucapake dening Ibrahim iku ngandhut makna, manawa nalika iku Ibrahim ora darbe sesembahan, nanging dudu atheis. Sebabe, Ibrahim tansah ngudi sesembahan karana akal sehate mangerteni, manawa ana ing suwalike Jagad Raya kang gumelar iki ana kekuwatan (Dzat) kang sinengker. Ibrahim nerusake tafakkure, sawijining wengi dheweke ndulu Rembulan, banjur ngucap: “manawa Rembulan iki pantes dadi sesembahaku”. Nanging bareng Rembulan mau angslup, dheweke uga ngucap, Manawa dheweke ora dhemen marang sesembahan kang angslup. Banjur ndulu Srengenge. Lha iki sing luwih gedhe lan pantes dadi sesembahanku..
Nanging bareng Srengenge mau pungkasane uga angslup, Ibrahim uga ngucap maneh:” manawa dheweke ora dhemen marang sesembahan kang angslup. “Akal sehate dalah nuranine nulak, ora bisa narima (menerima). Wusana atine dadi mantep, manawa wong-wong kang padha nyembah agama pagan mau syirik (nyekuthokake) marang Allah kang nyipta Jagad Raya iki. Apa kang katur ing ndhuwur, yaiku laku spiritual Ibrahim mau lelandhesan karo dhawuhe Alah mangkene. (a). “Tumuli bareng Ibrahim weruh Rembulan ndadari, dheweke banjur celathu: “Iki Pangeran sesembahanku.”. Nanging bareng Rembulan mau angslup, dheweke ngucap maneh: “Sayekti, manawa Pangeran sesembahanku ora paring pituduh ing aku, mesthi aku bakal dadi golongane wong kang kesasar.” (Q.S. Al- An’Aam (6):77).
(b). “Banjur bareng weruh Srengenge mlethek, dheweke ngucap maneh: “Lha hiya iki Pangeran sesembahanku, kang Maha Agung.” Nanging bareng Srengenge mau hiya surup, banjur ngucap maneh: “He kaumku!, Para kadangku!, sanyata aku nyelaki (mengingkari) marang barang kang padha sira sekuthokake ing Allah.” (Q.S. Al-An’Aam (6):78).
(c). “Sayata aku ngadhepake pasuryanku marang ngarsaning Pangeran sesembahan kang wus nitahake pirang-pirang Langit lan Bumi sarana condhong marang agama kang bener, lan aku dudu kalebu ewoning wong kang padha musyrik, nyembah brahala.” (Q.S. Al-An’Aam (6):79).
(d). “Lan kaume Nabi Ibrahim padha mbatah (nduwa) marang dheweke, tumuli njawab: “Apa sira padha mbantah marang aku ana ing bab Allah? Mangka PangeraNe wus paring pituduh marang aku. Lan aku ora wedi marang brahala kang padha sira musyrikake (sekuthokake) ing Allah.” (Q.S. Al-An’Aam (6):80).
(Ana Candhake)
Ngupadi Sesembahan Kanthi Tafakkur lan Tadzakkur (4)
Sawuse Ibrahim tafakkur, yaiku naliti kanthi kecerdhasan akale, sarta tadzakkur, yaiku menghayati anane kakuwasan kang ngedap-edapi ing su
Ngupadi Sesembahan Kanthi Tafakkur lan Tadzakkur (3)
4. Sesembahan ora tinemu nalar: Nalika 2000 taun S.M, ing tlatah Babilonia kang dumunung ana ing sisih kidule Mesopotamia (saiki ...
Ngupadi Sesembahan Kanthi Tafakkur lan Tadzakkur (2)
2. Kebeneran sains: Isih gegayutan karo penganut paham atheisme. Penganut iki ora pitaya marang pituduh-pituduh (informasi) Agama. Peganut

