Ngupadi Sesembahan Kanthi Tafakkur lan Tadzakkur (5)

Supaya luwih cetha, apa kang katur ing ndhuwur mau lelandhesan karo dhawuhe Allah mangkene: (a). “Lan sira padha ngu­capa, manawa sekabehing pang­a­lembana iku kagungane Allah, Pa­ngeraNe bakal nuduhake tandha-tan­dha yekti ka-Esa-aNe lan Kakuwasa-aNe sarta sira kabeh bakal padha su­murup. “Muhammad Pangeranira iku ora pisan-pisan kesupen saka barang kang wus padha sira tindakake.”  (Q.S. 27:93).

(b). “Lan Allah meruhake ayat tan­dha yektiNe marang sira kabeh. Ing wusana sira padha nyelaki (ingkari) ayate Allah sing endi?” (Q.S.40:81).

(c). “Dhwuha sira Muhammad! Ke­priye mungguh panemunira, manawa Allah ngilangi pangrungu lan pan­du­lu­nira. Lan Panjenengane ngecap ma­rang atinira! Apa ana Pangeran saliyane Allah kang bisa mulihake (ang­gota kang cacat iku) marang sira kabeh? Mara delengen kepriye ang­gon Ingsun makaping-kaping ne­rang-nerangake ayat-ayat Ingsun, nuli dheweke lha kok malah mle­ngos!”  (Q.S.Al-An’Aam (6):46).

(5). Kasunyatan kang gumelar: Kanthi tulusing qalbu sarta ati kang sumarah (taslim, pasrah secara total) pemudha Ibra­him kepengin ketemu karo Dzat kang wus nyipta Jagad Raya (kasunyatan) kang gu­melar iki. Jagad Raya kang gumelaar iku mu­judake tandha yekti eksistensiNe (kebe­radaan) Dzat kang wus nyipta. Sanajaan Dzat Allah ora bisa dinulu, nanging bisa dira­sakake lan dimangerteni (dihayati), karana ciptaNe. Dhawuhe Allah mangkene: “Lan temen Ingsun wus paring pituduh (hidayah, bebener) marang Ibrahim saka sadurunge Musa lan Harun sarta Ingsun ngawuningani Ibrahim iku (samubarang pangudine).” (Q.S. 21:51). Ana pitakonan: Apa satemene pangudine Ibrahim, saengga Allah kepa­reng paring hidayah marang Ibrahim? Ibra­him nduwa (memberontak, menentang) ma­rang dhogmatisme leluhure, nanging dhe­weke nerusake tafakkur lan nganalisa ciptaan kang gumelar ana ing Jagad Raya iki.

Kaya kang katur ing ndhuwur, masya­rakat pagan saliyane nyembah marang reca uga nyembah Dewa-Dewi Rembulan, Lin­tang lan Planet-planet liyane kang dianggep panguwasa Jagad Raya.

Wusana dheweke (Ibrahim mudha) banjur tafakkur, manekung manungku qal­bu (mengamati dan merenungi )marang se­sembahane masyarakat pagan, kang ora tinemu nalar iku. Genturing tafakkur nu­wuh­ake anteping penggalihe, manawa Reca, Dewa-Dewi Lintang, Rembulan, Pla­net lan liya liyane  mau ora pantes sinem­bah. Kabeh mau mung mujudake kasunya­tan (realitas) alam, sing mujudake tandha yekti kaagungane Dzat kang ana ing suwalike Jagad Raya iki. Dhawuhe Allah mangkene: (a). Lan kaya mangkono, Ingsun wus meruhake (memperlihat­kan) Nabi Ibrahim ing kaagungane ke­ratoning Langit lan Bumi. Lan supaya dheweke dadi golongane wong kang padha yaqin.” (Q.S. Al ’An ’Aam (6):75).

(b). “Bareng Ibrahim wus kalim­put dening pepetenging wayah we­ngi, dheweke sumurup Lintang, pang­­ucape: “Iki Pangeran sesembahan­ku.” Bareng Lintang mau anslup, dhe­weke ngucap maneh: “Aku ora dhe­men Pangeran sesembahan kang padha anslup.” (Q.S. Al’An ’Aam (6):76).

Gegayutan karo ayat kasebut ing ndhu­wur, sing ndudut atine Ibrahim yaiku Lin­tang. Lintang sing sumunar mubyar, pa­dhang njingglang, dikupengi dening mil­liaran Lintang ing Akasa. Hiya Lintang kang mubyar padhang iku sing pantes dadi se­sem­bahanku. Nanging bareng Lintang iku anslup, dheweke ngucap: “aku ora dhemen sesembahan kang angslup.

Sing narik kawigaten, yaiku apa kang diucapake dening Ibrahim iku ngandhut mak­na, manawa nalika iku Ibrahim ora dar­be sesembahan, nanging dudu atheis. Se­babe, Ibrahim tansah ngudi sesembahan ka­rana akal sehate  mangerteni, manawa ana ing suwalike Jagad Raya kang gumelar iki ana kekuwatan (Dzat) kang sinengker. Ibrahim nerusake tafakkure, sawijining we­ngi dheweke ndulu Rembulan, banjur ngu­cap: “manawa Rembulan iki pantes dadi se­sembahaku”. Nanging bareng Rembulan mau angslup, dheweke uga ngucap, Mana­wa dheweke ora dhemen marang sesem­bahan kang angslup. Banjur ndulu Srenge­nge. Lha iki sing luwih gedhe lan pantes da­di sesembahanku..

Nanging bareng Srengenge mau pung­kasane uga angslup, Ibrahim uga ngucap ma­neh:” manawa dheweke ora dhemen marang sesembahan kang angslup. “Akal sehate dalah nuranine nulak, ora bisa nari­ma (menerima). Wusana atine dadi man­tep, manawa wong-wong kang padha nyem­bah agama pagan mau syirik (nyeku­thokake) marang Allah kang nyipta Jagad Raya iki. Apa kang katur ing ndhuwur, yaiku laku spiritual Ibrahim mau lelandhesan karo dhawuhe Alah mangkene. (a). “Tumuli bareng Ibrahim weruh Rembulan ndadari, dheweke banjur celathu: “Iki Pangeran sesembahanku.”.  Nanging bareng Rembulan mau angslup, dhe­weke ngucap maneh: “Sayekti, mana­wa Pangeran sesembahanku ora paring pituduh ing aku, mesthi aku bakal dadi golongane wong kang kesasar.” (Q.S. Al- An’Aam (6):77).

 (b). “Banjur bareng weruh Sre­nge­nge mlethek, dheweke ngucap maneh: “Lha hiya iki Pangeran se­sem­bahanku, kang Maha Agung.” Na­nging bareng Srengenge mau hiya su­rup, banjur ngucap maneh: “He kaum­­ku!, Para kadangku!, sanyata aku nye­laki (mengingkari) marang ba­rang kang padha sira sekuthokake ing Allah.” (Q.S. Al-An’Aam (6):78).

(c). “Sayata aku ngadhepake pa­sur­yanku marang ngarsaning Pange­ran sesembahan kang wus nitahake pirang-pirang Langit lan Bumi sarana condhong marang agama kang bener, lan aku dudu kalebu ewoning wong kang padha musyrik, nyembah bra­hala.” (Q.S. Al-An’Aam (6):79).

(d). “Lan kaume Nabi Ibrahim pa­dha mbatah (nduwa) marang dhewe­ke, tumuli njawab: “Apa sira padha mbantah marang aku ana ing bab Allah? Mangka PangeraNe wus paring pi­tuduh marang aku. Lan aku ora we­di marang brahala kang padha sira musyrikake (sekuthokake) ing Allah.” (Q.S. Al-An’Aam (6):80).

(Ana Candhake)

Ngupadi Sesembahan Kanthi Tafakkur lan Tadzakkur (4)

Anyar Katon, Islam | Posted by | May 10, 2013

Sawuse Ibrahim tafakkur, yaiku naliti kanthi kecerdhasan akale, sarta tadzak­kur, yaiku menghayati anane kakuwasan kang ngedap-edapi ing su

Sapepake

Ngupadi Sesembahan Kanthi Tafakkur lan Tadzakkur (3)

Anyar Katon, Islam | Posted by | May 6, 2013

4. Sesembahan ora tinemu na­lar: Nalika 2000 taun S.M, ing tlatah Babilonia kang dumunung ana ing sisih kidule Mesopotamia (saiki ...

Sapepake

Ngupadi Sesembahan Kanthi Tafakkur lan Tadzakkur (2)

Anyar Katon, Islam | Posted by | April 23, 2013

2. Kebeneran sains: Isih gegayutan karo penganut paham atheisme. Penganut iki ora pitaya marang pituduh-pituduh (informasi) Agama. Peganut

Sapepake

Ngupadi Sesembahan Kanthi Tafakkur lan Tadzakkur (1)

Anyar Katon, Islam | Posted by | April 16, 2013

(Sanyata aku ngadhepake pasuryanku marang ngarsaning Pangeran sesembahan kang wus nitahake pirang-pirang Langit lan Bumi, sarana condhong ma

Sapepake

Page 1 of 1712345...10...Last »