Raisa, ajar Nyanyi Dhewe
Ivent Djarum Super Mild Jazz in Town ing TeeBox, Sabtu kepungkur (19/5), mampu maremake sutresna jazz kutha Padang. Iki kabeh ora uwal saka apike kolaborasi penyanyi telu kang cukup kondhang ing Tanah Air, Andien, Baim lan Raisa plus arranger lan music director kawakan, Nikita Dompas.
Para sutresna musik jazz kang didominasi kawula mudha iki, keli jroning tembang-tembang jazz.
Swasana saya anget nalikane katelune artis jazz mau teka bareng ing sangarepe penonton.
Baim kang nalika kuwi menganggo hem putih ing penampilan pertama, langsung ndadekake histeris penonton.
Kanthi pethikan gitare kang apik, Baim nyanyekake lagu Cross Road, kasil gawe hipnotis penonton padha goyang.
Sarampunge Baim, disusul Raisa lan Andien. Pengunjung tambah histeris nalika Andien lan Raisa nyenyekake lagu-lagu hits-e.
Solois Anyar
Tembang “Serba Salah” lan “Apalah (Arti Menunggu)” kang dinyanyekake Raisa pancen wis cukup popular tumrape pengunjung ing ivent ksb. Ora mokal merga kekarone tembang iki wis cukup sukses ing pasaran engga bisa ngumbulake jenenge cewek ayu aran Raisa Andriana ksb. Kekarone hits single ksb uga kasil nguntabake kenya klairan Jakarta, 6 Juni 1990 iki mawujudake impene minangka solois anyar ing industri musik tanah air Indonesia. Kenya kelairan Sunda – Landa iki oleh apresiasi paling dhuwur ing taun 2011. Tampil ing ajang kebak gengsi Java Jazz Festival lan Java Soulnation Festival mujudake salah sijine prestasi paling dhuwur kanggone Raisa.
Piye satemene kawitane Raisa kesengsem ambyur ing jagading entertaiment, utamane industri musik? Taun 1992 mujudake langkah kawitan dheweke wiwit nggabung ing jagading musik.
“Aku maju kanthi nyinaoni dhewe tehnik olah vokal saka lagu-lagu kang kerep tak rungu. Aku kerep nyinaoni gaya nyanyine musisi-musisi favoritku, apamaneh ing zaman taun 1990-an Disney kan lagi kondhang-kondhange kuwi. Yaiku kang ndadekake aku nemu inspirasi kanggo terus ajar musik. Ing bangku SMA, aku saya manteb mlangkah serius ing jagading musik iki” ujare Raisa.
Raisa nambahake, tekade ambyur ing jagading musik mau dibuktekake kanthi nggawe grup band sekolah sarta nggawe dhemo lagu.
“Nanging dalanku iki lagi kabuka ing taun 2009 nalika kancaku Asta (personil RAN) ngajak rekaman ing sasi Mei 2011” kandhane Raisa.
Ing album perdana mau isi sangang lagu lan oleh sambutan cukup apik dening sutresna musik Indonesia. “Ing album iku, aku aweh werna anyar kanggo musik ing Indonesia. Nyritakake bab impen lan pangarep-arepku, uga kerja keras kang dak tindakake, dadi sawijining seni kang endah ing jagading musik” jlentrehe mahasiswi kang lagi nyiapake skripsi iki.
“Aku pancen lagi fokus nggarap skripsi dinane iki. Insya Allah wulan Juli meng ko aku maju sidang skripsi. Dongakna ya akhir taun iki aku gradiation, amin. Mula saikine aku cukup stress merga mikirake skripsi. Nanging kepriyea wae iki tanggung jawabku marang papa lan mama kang kudu tak rampungake.
Luwih Seneng Brukut
Raisa uga ngaku jroning milih panganggo, dheweke luwih seneng menganggo sing rada brukut. Nanging tetep lumrah lan enak dideleng.
“Aku ora pati seneng nganggo sandhangan kang bukak-bukakan” ujare penyanyi ayu iki.
Ukara iki uga dadi alasan kenya ayu umur 21 taun ksb ora karep melu ajang kontes kecantikan.
Raisa ngandhakake, “passionku wiwit ndhisik ing musik, dudu ing liyane” ujare cewek kanthi jeneng pepak Raisa Andriana kang lagi siap-siap ngetokake album anyar iki.
Ditambahake, jroning ngasilake karya musik, Raisa ngaku luwih fokus nggawe karya kang apik lan bisa nyenggol perasaan. Bab kang paling cedhak kanggo nyenggol perasaan, manut Raisa, yakuwi cinta. (d)
Guwa Made lan Maewu Misterine
Atur Pangiring: artikel ing ngisor iki sedyane bakal ka-pacak ing Panjebar Semangat minggu kepungkur. Nanging rehne tinemu kesalahan tekni
Drogba, si Tukang Dobrak!
Klub bal-balan Chelsea wusanane kasil ngrebut piala UEFA Champions League 2012 sawise ing final adu pinalti lawan Bayern Munich kang ...
Inggris Nggiring Landa Indonesia Rembugan Serdhadhu NICA Nyebar Teror
KAYADENE sing wis diaturake ing ngarep, sing kajibahan nguwasani apa ngatur wilayah Hindia (Walanda) salebare Perang Pasifik, dudu Ame





